Selasa, 30 Juni 2009

Diwulang Tas


Ing sawijining dina Kepala Sekolahku lagi tindak-tindak ngubengi sekolahan. Dina iku rada gumun jalaran bocah-bocah iku biasane rame kok meneng wae. Bareng diinguk ing sajeroning kelas pranyata ora ana gurune, sing ana mung tas ing saduwure meja. Bocah-bocah ya mempeng angone nggarap.
Bapak Kepala sekolah banjur takon marang bocah-bocah : "Siapa jam ini yang mangajar?"
Bocah-bocah mangsuli bareng :" Bu Sudarti (jeneng samaran ca)".
Kepala Sekolah ya ora ngendikan apa-apa mung ngendikan :"Ooo, ya ", banjur nerusake tindake.
Bareng rapat dewan guru, bapak Kepala Sekolah nyemoni :"Anak-anak sekarang pinter-pinter. Diajar oleh tas, manut-manut saja. Mereka mengerjakan dengan tekun. Hal itu mungkin lebih tekun, lebih baik, kalau diajar oleh guru. Siapa bilang ada murid bodoh?"
Mangkono ngendikane kepala sekolah. Sing kena semprot ya mung meneng wae.
Piye ca sampeyan ?

4 komentar:

mawaradi mengatakan...

Wah kula kepengin ngampil tas kalawau, kinten-kinten ingkang kagungan pareng punapa boten inggih pak Ugeng ?

Sugeng Kariyodiharjo mengatakan...

Punika tas sakti pak Pur, lan punika jimat, barang siji ora kerumat. Kula pesthekaken boten pareng.

Sugeng Kariyodiharjo mengatakan...

Punika tas sakti pak Pur, lan punika jimat, barang siji ora kerumat. Kula pesthekaken boten pareng.

Sugeng Kariyodiharjo mengatakan...

Punika tas sakti pak Pur, lan punika jimat, barang siji ora kerumat. Kula pesthekaken boten pareng.

Pengikut

Matur Nuwun ...