Minggu, 14 Juni 2009

Juragan Tekek


Yen ana tekek muni, miturut kapercayan masyarakat Jawa banjur dietungi, tiba ala apa tiba becik. Yen etungan mau tiba becik, sing krungu banjur rumangsa seneng jalaran nasibe ing dina iki apik. Seje maneh yen tiba ala, sing sangsara meshi tekeke, jalaran banjur gowokan omahe tekek diogrok-ogrok. Wong sing ngetung mau rumangsa nasibe kurang mujur, krana unine tekek. Mesthi wae tekek ora rumangsa. Wong mangsane muni ya muni ngono wae.

Aja ngguyu. Iki temenan. Ing kutha Probolinggo ana sawijining perusahaan sing dodol tekek menyang luar negeri (ekspor) tekek. Ing desa Banjarsawah, Kecamatan Tegal Siwalan ana sawetara warga kang usahane golek tekek. Golek tekek bisa ing wektu awan lan bengi. Lumrahe ing wektu awan ana ing kebonan utawa papringan. Lumrahe tekek-tekek iku ing wektu awan padha mumpet ing gowok-gowok utawa bolongan kayu lan bongkotan pring sing ditegor.

Tekek dikolo banjur dilebokake kepis, kang digawe saka pring. Tekek digawa mulih bajur diseleh ana gudhang dikumpulake dadi siji, tekek tekek mau isih urip.







Mulane yen sampeyan kepengin usaha tekek sampeyan tindak wae menyang kutha Probolinggo.





Omah iki salah sawijine gudhang utawa peternakan tekek, sadurunge diekspor menyang China utawa Taiwan.








Gambar ing sisih kiwa, tekek-tekek dikandhangake ing kandhang kang gedhe.




Tekek banjur dibeleh, diresiki jerowane supaya ora gampang bosok. Banjur dipentheng, dipepe nganti garing. Papan kanggo mepe tekek awujud seng, supaya garinge daging tekek bisa rata.





Tekek-tekek mau yen wis garing banjur dipak (pack).Kasiyate tekek kena kanggo tamba lara gatel-gatel.





Sumber : Trans TV

1 komentar:

mawaradi mengatakan...

Kok mesakaken nasibipun tekek punika inggih. Punapa boten wonten ta obat gatel sanesipun tekek ingkang kasiyatipun sampun nyata ?

Pengikut

Matur Nuwun ...