Minggu, 08 Februari 2009

Serat RMP Sosrokartono

Ing ngandhap punika serat pethikan saking panjenenganipun Drs RMP Sosrokartono. Kula serat miturut ejaan aslinipun.

SERAT SAKING MEDAN.

Medan, 12 Mei 1931
Serat Katoer poro sadherek Monosoeko ing Dar-oes-Salam
Bandoeng.

Assalam-alaikoem, poro mitro saderek sadojo. Pangkat koelo saking Betawi djam 6 endjing, tanggal 9 Mei; doemoegi ing Medan djam 4 sijang, angsal pangestoenipoen poro sederek, wiloedjeng. 1 Tengkoe Soeltan Langkat merlokaken metoek pijambak mawi poenggowo. Ing wektoe poenika Tengkoe Soeltan dedalem ing Medan. Tanggal 10 koela derekaken T. Soeltan dateng kitanipoen Tandjoeng Poera. Kratonipoen wonten kalih, kadjawi pasanggrahanipoen sanes. Garwanipoen, poetro sentananipoen sadojo inggih dipoen tepangaken dateng koela. Indjingipoen sampoen wonten tijang neda toeloeng, kadjawi para ageng-ageng ing ngriki. Sonten poenika ing dalem sak-djam setengah sampoen kedatengan tijang langkoeng satoes, boemipoetra, tjino, bongso kito pijambak. Dateng koelo ing Medan sanpoen kapatjak ing serat kabar Mladjeng kaljan Welandi. Sampoen katah poro Tengkoe, poro Pangeran ingkang sami rawoeh manggihi poen Kloengsoe, wonten ingkang sami lampah 400 kilometer. 2 T Soeltan Koewalo, 3 T Soeltan Serdang , 4 T. Soeltan Assahan, 5. T. Soeltan Deli., sak garwo poetronipoen sami rawoeh manggihi koelo lan moendhoet tojo lan sami ngoelemi koelo. Poro ageng-ageng saking sanes negeri katah ingkang sami rawoeh . Sarehning koelo tijang bijoso kemawon ingkang pangkat mandor, koelo ngantos roemaos isin, dipoen hormati Soeltan 5 kalijan pangagengipoen semanten katahipoen. Isin koelo , sebab boten nijat oetawi sengodjo oepados kahormatan. Ing ngrikoe wontenipoen godo tjobo. Nanging koelo boten kenging nilar patokan waton koelo pijambak, oetawi soepe dateng maksoed lan antjasipoen agesang, inggih poeniko :" ngawoelo dateng kawoelaning Goesti, lan memajoe ajoening oerip, tanpa pamrih, tanpa adjrih, djedjeg, mantep, mawi pasrah. " Tanpo adji tanpo ilmoe koelo boten gadah adjrih, sebab pajoeng koelo Goesti koelo, tameng koelo inggih Goesti koelo.
Jen al-hamdoe-lillahi, wonten poelong kehormatan doemawah ing saliro koelo, poro sederek koelo atoeri anggagas makaten. Moegi poeloeng kahormatan waoe sampoen dipoen anggepo doemoenoeng dateng poen koelo, ananging dipoen anggepo, lan dipoen tampijo doemawah wonten ing bongso kito, angloehoeraken asma djawi lan bongso djawi. Inggih namoeng poeniko antjasipoen lelampah koelo : ngagengaken lan ngijataken manahipoen bongso kito. Toemrap ing saliro loelo pijambak , pamrih tebih. Ingkang tansah koelo antepi 1. agami koelo lan 2. kadjawen koelo.
Inggih bab kalih poeniko ingkang koelo loehoeraken . Ingkang dados polanipoen lampah koelo inggih namoeng poeniko: djawi bares, djawi deles, djawi sedjati. Koelo dermi nglampahi kemawon. Jen kepareng wonten boektinipoen, moegi doemawaho , doemoenoeng wonten ing bongso koelo. Jen wonten kahormatan, bongso kito ingkang gadah hak, jen wonten kaloehoeran, inggih bongso koelo ingkang dados pemandenganipoen bongso sanes. Koelo namoeng trimo dados kawoelo dermi ngalmpahi. Poeniko teges maksoedipoen lampah koelo : Hormat dan tjinta bangsa lain, tapi hormat dan tjinta djoega pada bangsa sendiri.
Boten kenging njoedo reginipoen saliro, oetawi njoedo reginipoen bangsanipoen. Koelo sowan dateng poro Soeltan inggih adjeg ngangge rasoekan takwo loerik, mawi sindjang tenoenan, boten isin ngloehoeraken poesoko lan wasijat warisan Djawi. Malah poeniko mewahi pengaos. K Ratoe Langkat ngantos karso ngjasakaken dateng koelo minongko tondo pangenget-enget. Dipoen damelaken pijambak. Sampoen moendhoet tjontonipoen takwo koelo.
Semanten djajanipoen rasoekan takwo. Milo tijang gesang poeniko boten kenging ngino poesoko wasijatipoen pijambak.
13 Mei, Indjing poeniko tijang dateng ngantos atoesan. Saking katahipoen ngantos koelo stop. Ingkang noeloeng nampi tamoe, inggih abdinipoen T. Soeltan, rajinipoen kalijan poro Tengkoe.
T. Soeltan roepinipoen tjoewo ing galih, koelo bade wangsoel tanggal 14. Milo koelo njoewoen idjin poro saderek Monosoeko keparengo ngoendoeraken pangkat koelo ngantos tanggal 20. Poro Soeltan-soeltan kalijan poro Tengkoe-Tengkoe, kadjawi tijang-tijang ingkang nedo pitoeloengan , sami ngandek koelo. Koelo kedah noeroet , sebab wonten maksoed ingkang oetami inggih poeniko: njebar widji oetamining kedjawen ing montjo negari.
Moegi poro saderek wewaho ageng penggalihipoen lan mantep ing kedjawenipoen. Insja Allah.
Boten sanes koelo njoewoen wewahing pangestoe poro saderek. Moegi poro saderek kaparingono soegeng seneng ingkang langgeng.
Salam alaikoem.

Koelo poen Mandor Kloengsoe.


Telegram sampoen tampi : Kesoewoen
Insja Allah Kemis endjing , tanggal 21
djam setengah 9, koelo dateng ing Andir.

Kapethik saking : Kempalan Serat-serat Drs RMP Sosrokartono.

3 komentar:

Anonim mengatakan...

serate dowu banget nggih lan tesih ngagem ejaan "oe"

Salam kenal pak Sugeng ... remen maos blog ngangem boso jawi ... dadose kulo saget sianu maleh nyerat boso jowi ....

Mbah Suro mengatakan...

Sak umpami ingkang maos serat puniko putro wayah ingkang lahir tahun 80 an, sampun mboten mungel (nggak bunyi)
Saya khawatir anak cucu kita tidak mengenal lagi bahasa Jawa (Sastra Jawa diperguruan tinggipun sudah tidak diminati oleh calon mahasiswa)
Solusinya Pak?

Sugeng Kariyodiharjo mengatakan...

Kagem mbah Suro, solusinipun sampun dipun ngendikakaken dening Drs RMP Sosrokartono piyambak: Hormat dan tjinta kepada bangsa lain, tetapi djoega hormat dan tjinta kepada bangsa sendiri. Boten kenging njoedo reginipoen saliro, oetawi njudo reginipoen bongso.

Pengikut

Matur Nuwun ...