Rabu, 04 Februari 2009

Basa Jepang Kuna.

Tanggaku, priyayi asli Ngayogyakarta Hadiningrat. Putrane sing ragil wis mahasiswa ing salah sawijine perguruan tinggi ing Surabaya. Nalika semana nampa tilpun, yen bapak diaturi tindak menyang daleme pak S. Putrane mau banjur matur marang marang bapake "Pak, ana tilpun saka pak S, bapak mangke dipun aturi tindak dhateng pak S". Banjur putrane takon, "Pak, dipun aturi iku apa se pak". Bapake, sing rumangsa priyayi Ngayogyakarta rada duka, "Dipun aturi iku basa Jepang kuna". Putrane, disemoni kaya mangkono sajake ya durung mangerti, banjur takon maneh, "Basa Jepange piye ?".
Ngendikane bapake ," Mbuh, mbuh gak weruh."
Piye ca, saiki basa Jawane bocah-bocah saiki .....

1 komentar:

Dirun 13 mengatakan...

Nderek tepang nggih Pak Ugeng...
Kulo lare saking cilacap, panjenenganipun bapak sampun uninga menawi basa jawi cilacap kadhos pundi, ugi kulo rumaos kadhos lare ingkang wonten salebeting artikel basa jepang kuna, dados menawi kathah atur kulo ingkang mboten leres, kulo nyuwun gunging pangapunten ...

Kulo sampun maos artikel basa jepang kuna meniko, lha kok taksih kathah ingkang dereng kulo angertosi perkawis basa jawi (ngoko, ngoko alus, kromo alus kaliyan kromo inggil)...

Pak Ugeng meniko kathah pengertosanipun kaliyan menopo kemawon ingkang wonten gegayutanipun kaliyan basa jawi.

Eh, mbok menawi Pak Ugeng kagungan software basa jawi utawi kamus bahasa jawi (ngoko, ngoko alus, kromo alus utawi kromo inggil), menawi kepareng, kulo suwun kanthi sanget Pak Ugeng kerso nginggahaken wonten blog Pak Ugeng..

Matur sembah nuwun sakderengipun..

Pengikut

Matur Nuwun ...