Minggu, 22 Februari 2009

Guru Goblog Ketemu Murid Goblog.


Ing sawijing dina aku mentas maca buku Guru Goblog Ketemu Murid Goblog. Isine buku mau nenangi (membangkitkan ) semangate para nom-noman supaya tetep gelem ngangsu kawruh, golek ngelmu. Sing kanggo conto ing buku salah sijine yaiku sarjana jebolan ITS. Nalika iku sarjana mau ketemu pengusaha (sudagar) pabrik krupuk sing njaluk tulung mesine krupuk rusak supaya didandani. Sarjana anyaran kang nembe wae mentas metu saka pendidikan mau, kanthi semangat sing gedhe nyanggupi arep ndandani mesin mau. Banjur njaluk panjer kanggo beaya tuku alat-alate.
Sedina, rong dina, seminggu nganti rong minggu malah nganti wulan-wulanan, mesin mau ora bisa dadi. Asile mesin ora bisa rata . Kadhang-kadhang kandel kadhang-kadhang tipis, ora mesthi. Krupuk yen digoreng, sing tipis gosong, dene sing kandel durung mateng. Wusanane sudagar krupuk mau bangkrut, jalaran kena komplain saka langganane. Sang sarjana, rumangsa ora kepenak atine, banjur ngrumangsani yen dheweke isih goblog. Mulane banjur golek ngelmu maneh.
Crita iku banjur dak critakake marang muridku. Anggone ngrungokake tenanan.
Nuju sawijining dina aku rada nesu, jalaran muridku dakkandhani ora ngerti-ngerti. Nganti kawetu tembungku : "Kowe iku pancene goblog apa piye ?". Ora dak nyana muridku mangsuli :" Iya pak, saya ini goblog .......... ketemu guru goblog ".
Aku njur mangsuli sakecandhakku : "Iya, ya ........ ". Mung batinku aku rada misuh.

1 komentar:

mawaradi mengatakan...

Anu pak Ugeng guru goblog ingkang dipun kajengaken murid panjenengan menika guru Go Blog, guru ingkang sinau lan damel blog,guru ingkang tindak rental internet, amargi wonten kepentingan kalian blogipun.

Pengikut

Matur Nuwun ...