Bale Basa Jawa Wetan
(Balai Bahasa Jawa Timur) nembe iki (26/10/217) wis paring nugraha para-para
sing kasdu ngleluri lan ngipuk-ipuk budaya sastra (budaya literasi) ing Jawa
Wetan. Nugraha kasebut diwenehi tetenger
“Anugerah Sutasoma”. Tembung Sutasoma dijupuk saka irah-irahan buku karangan
Mpu Tantular. Buku kasebut isine wujud kakawin
yaiku tembang ing jaman kuna. Ya
buku kasebut kang ngemot unen-unen kang saiki dadi semboyane Negara RI “Bhineka
Tunggal Ika”. Kanthi njupuk jeneng Sutasoma, pangarsa Bale Basa kagungan
pangajap supaya donyane sastra, apa iku sastra nasional apa dene sastra daerah
bisa luwih maju lan ngrembaka.
Ing taun 2017 iki,
Nugraha “Anugerah Sutasoma” kasebut diparingake marang :
1.
Guru basa dan sastra Indonesia: Nanik
Masriyah (SMP N 1 Kudu Jombang).
2.
Guru basa dan sastra daerah: Supono
(SMP N 1 Bangorejo Banyuwangi).
3.
Esai/kritik sastra: Buku “Sastra
yang Melintasi Batas dan Identitas” dening Yusri Fajar.
4.
Karya sastra basa Indonesia: Buku
puisi “Meditasi Kimci” dening Tengsoe Tjahyono
5.
Novel “Ledhek Saka Ereng-Erenge
Gunung Wilis” dening Tulus Setyadi.
6.
Sastrawan: Suharmono Kasiyun.
7.
Komunitas Sastra: Pamarsudi Sastra
Jawi Bojonegoro (PSJB)
Muga-muga kanthi anane
ANUGERAH SUTASOMA kasebut jagading sastra ing Jawa Wetan bisa luwih ngrembaka.
Lan muga-muga Bale Basa Jawa Wetan tansah bisa anggeganjar kang luwih murwat.
Ganjaran kang murwat mahanani para pengarang, pangripta nduweni semangat kang
makantar-kantar bisa ngabdekake uripe tetep makarya kanggo kaluhurane bangsa
lan Negara.
Gambar : Pak Harmono
Kasiyun lagi maos geguritan sawise nampa nugraha “Anugerah Sutasoma”.
1 komentar:
Saya sangat salut dengan panjenengan Pak. Sampun kersa wiwit semana ngleluri budaya jawi. Matur sembah nuwun pak
Posting Komentar