Sabtu, 23 Februari 2019

CANDHI DOROK.



Candhi Dorok mapan ana ing dhusun Dorok, desa Manggis, kecamatan Puncu, kabupaten Kediri. Candhi iki ditemokake nalika taun 1996 dening Pak Tumidi, nalika dheweke arep nandur mlinjo ing pekarangane. Dhek semana, nalika Pak Tumidi lagi nggawe juglangan, pacule mbentus batabang. Sawise ditlusur, pranyata batabang mau, awujud candhi. Pak Tumidi dibarengi prangkat desa banjur lapor menyang Dinas Purbakala. Saiki Pak Tumidi dipatah njaga lan ngrumat candhi mau.

Candhi iki kapendhem maabad-abad ing jero lemah, kira-kira saka bledhosane gunung Kelud. Pancene dhusun Dorok iki cedhak banget karo gunung Kelud. Dideleng saka cakrik lan material candhi, para ahli purbakala ngira-ira candhi iki digawe ing abad 10 Masehi. Kira-kira jaman Majapaitan, uga bisa luwih. Saka lumahing latar nganti dhasaring candhi udakara 3 meteran. Alang lan ujure candhi udakara 4 x 4 meter. Panjenengan bisa mudhun liwat tlundhakan nganti teka dhasaring candhi.

Candhi Dorok iki kalebu candhi pamujan, dudu candhi kang kanggo nyimpen awu utawa jenazah ratu. Ukiran utawa relief sethithik banget kang bisa dikaweruhi. Ing bagean tengah wis katon bengkah.

Yen panjenengan kepingin mriksani candhi iki gampang. Saka kutha Pare, tindak menyang jurusan Kepung. Sawise teka pratelon Naba (Nobo) menggok nengen. Kira-kira  3,5 km saka kono wis teka dhusun Naba (Nobo). Saka dalan gedhe banjur menggok nengen kira-kira 200 meter.

Tidak ada komentar:

Pengikut

Matur Nuwun ...