Senin, 09 Januari 2017

RECA SANG BUDDHA SARE.



Trowulan, saliyane nduweni tinggalan sejarah kraton Majapait lan candhi-candhi kang asipat agama Hindhu, uga nduweni reca kang asipat agama Buddha. Reca kasebut karan Sang Buddha Sare. Reca kasebut nggambarake lelakone sang Buddha Gautama nalika nyedhaki Parinirwana. Reca kasebut mapan ing desa Bejijong, Trowulan, kabupaten Mojokerto, Jawa Wetan, cedhak karo candhi Brau lan candhi Genthong.
Reca iki digawe taun 2001 kanthi ukuran alange 6 meter, ujure  22 meter lan dhuwure 4,5 meter. Reca iki salah sijine reca sing paling gedhe ing bawana Asia sawise reca Sang Buddha Sare ing Thailand lan Nepal.
Riwayate Sang Buddha.
Sang Buddha Gautama miyos diparingi asma Siddartha Gautama ing Taman Lumbini (Nepal) lan seda ing Kusinagara, Uttar Pradesh (India). Putra raja Suddhodana saka suku Sakya, lan ibune asma Mahamaya Dewi. Ibune seda pitung dina sawise sang Siddartha miyos. Nalika isih timur diopeni dening Ratu Maha Pajapati kang uga garwa prameswari Prabu Suddhodana.
Nalika diwasa banjur krama karo Putri Yasodhara lan diparingi putra asma Rahula. Nalika tindak ameng-ameng ing sajabaning kraton sang Buddha mriksani kahanane kawula ing Negara Kapilavastu. Sanalika trenyuh penggalihe. Sabanjure Sang Buddha tindak mertapa ing sangisore wit Bodhi (Asattha).
Sawise mertapa banjur mulang muruk ngenani dharma. Ing Kusinagara, nalika yuswa 80 taun, Sang Buddha nandhang gerah lan sarean ana ing antarane wis Sala kaya kang digambarake ing reca mau. Sawise iku banjur seda (Parinirwana). 


Tidak ada komentar:

Pengikut

Matur Nuwun ...