Sabtu, 14 Januari 2017

CANDHI KEDHATON LAN SUMUR UPAS.


Candhi Kedhaton mapan ana ing dhukuh Kedhaton, desa Sentonorejo, kecamatan Trowulan, kabupaten Mojokerto. Sadurunge didhudhuk papan iki arupa gumuk (bukit kecil) kanggo makam. Situs iki didhudhuk sepisan ing taun 1941 dening pamarentah Walanda. P.J. Veth njenengake papan iki “Kuburan Srengenge”.
Ya ing kene tinemu makame (miturut kapitayane warga kono) Waita, Puyengan, Dewi Murni lan Pandhansari.

Sawise makam mau didhudhuk ditemokake wewangunan arupa rimbagan batabang. Pranyata wewangunan arupa candhi sing saiki karan candhi Kedhaton. Ukuran candhi kadhaton alange 8,5 meter, ujure 12,5 meter lan dhuwure 1,6 meter. Ing sisih kulon ana tilas plawangan kang ambane 2 meter.
Saliyane wewangunan mau ing sacedhake kono ana bolongan kaya cangkeming guwa. Bolongan mau ambane 60 cm. Bolongan mau ditutupi watu gilang. Masyarakat sakiwa tengene kono ngarani “Sumur Upas”. Upas tegese racun. Sumur kang ngandhut racun. Jerone sumur mau nganti saiki ora dikaweruhi. Miturut kapitayane masyarakat Sumur Upas mau arupa dalan winadi (jalan rahasia) kang njedhule ana ing Gunung Lawu.

Candhi Kedhaton durung diweruhi sapa sing nggawe. Sing cetha gawean jaman Majapait. Anehe, ing papan kono ditemokake tembok batabang kanthi senthongan cilik-cilik. Tembok batabang mau diraketake kanthi luluhan lemah. Miturut pangira-irane para ahli papan ing kono arupa padhukuhan kuna (Majapait). Ing kono ditemokake piranti kanggo nglebur wesi. Mula miturut pandugane para ahli papan ing kono arupa padhukuhane tukang pandhe.

Saliyane barang-barang gerabah uga ditemokake watu kang nduweni wok (bolongan) kaya dhakon, mula diarani Watu Dhakon.
Gambar-gambar: Candhi Kedhaton, Sumur Upas kang ditutupi karpet abang, tembok-tembok kuna lan Watu Dhakon.

Tidak ada komentar:

Pengikut

Matur Nuwun ...