Rabu, 10 Juni 2015

SESELAN IN.



Trap-trapane seselan IN lumrahe manggon ana antarane swara  mati (konsonan) lan vokal (swara urip) ning wanda kapisan. Nanging ing basa Jawa anyar ana sawenehe tetembungan kang manggone seselan IN mau ana ing purwaning tembung, yaiku ana tembung-tembung kang apurwa vokal. Pangrimbage tembung kang kaya mangkono iku satemene niru pangrimbage tembung ing basa Kawi. Tembung kang kawuwuhan seselan IN lumrahe wis arang-arang kanggo ing basa padinan, kanggone ana ing basa rinengga, basa wayang  ing pedhalangan, utawa ing kasusastran.
Gunane seselan IN yaiku kanggo mangun tembung kriya tanggap, maknane padha karo ater-ater DI. Rimbage diarani RIMBAG TANGGAP NA. Tuladha :
I.                    Seselan IN kang sumambung tembung kang apurwa konsonan.
binalang  < balang + in = dibalang
binangun  < bangun + in = dibangun
dhinupak < dhupak + in = didhupak
dinugang < dugang + in = didugang
ginanjar < ganjar + in = diganjar
ginelung < gelung + in = digelung
jinupuk < jupuk + in = dijupuk
pinitados < pitados + in = dipercaya
rinungu < rungu + in = dirungu
tinampa < tampa + in = ditampa
tinuku < tuku + in = dituku
tinulis < tulis + in = ditulis
winahya < wahya + in = diwedhar
winicara < wicara + in = diomong, dikandhakake

II.                  Seselan IN kang sumambung ing tembung kang apurwa vokal.
Seselan IN kang sumambung ing tembung kang apurwa vokal lumrahe owah dadi ING. Tuladha :
ingadhep < adhep + in = diadhep
ingadu < adu + in = diadu
ingagem < agem + in = diagem
ingaran < aran + in
ingangkah < angkah + in = diangkah
ingapit < apit + in = diapit
ingarah-arah < arah –arah + in = diarah-arah
ingasta  < asta + in = diasta
ingidak < idak + in = diidak
ingirid < irid + in = diirid
ingiring < iring + in = diiring

III.                Konfik seselan IN lan panambang AN
Tembung-tembung kang kawuwuhan seselan IN banjur kawuwuhan panambang AN (konfik IN – AN) tegese padha karo tembung kang kawuwuhan ater-ater DI lan kawuwuhan I (konfik DI –I). Rimbage diarani RIMBAG TANGGAP I KRIYA. Tuladha :

ginrayangan < grayang + in + an = digrayangi
ingalangan < alang + in + an = dialangi
inganggonan < anggon + in + an = dianggoni
ingideran < ider + in + an = diideri
lineksanan < leksana + in + an = dileksanani
rinemenan < remen + in + an = diremeni, disenengi
rinenan < rena + in + an = direnani , disenengi
sinembadan < sembada + in + an = disembadani
tinampanan < tampa + in + an = ditampani
tinulisan < tulis + in + an = ditulisi
tinutuhan < tutuh + in + an = ditutuhi


IV.                Konfik seselan IN lan panambang AKE (AKEN).
Tembung kang nganggo konfik IN + AKE (AKEN) arang banget kanggo ing basa padinan. Sanajana ing buku-buku sastra uga arang tinemu. Rimbage diarani RIMBAG TANGGAP KE KRIYA. Tuladha :
kinanthilaken < kanthil + in + aken = dikanthilaken
rinaketake < raket + in + ake = diraketake
winulangken < wulang + in + aken (ken) = diwulangake

3 komentar:

Phoellzt mengatakan...

ingkang kula semerepi menawi seselan menika mapan wonten satengahing tembung, napa in ingkang wonten ngajeng tembung saget pun sebat seselan ? menawi sangajenging tembung menika rak ater-ater

Sugeng Kariyodiharjo mengatakan...

Katur mas Phoellzt.
Bakunipun pancen namanipun seselan menika manggen wonten ing tengahing tembung, nanging ing basa Jawi lan basa Jawi Kina wonten seselan ingkang wonten ngajning tembung.

Eko mengatakan...

Tembung ingkang dipunparingi seselan um pakecapipun dados êm gih? Kados, gebyar + um: gumebyar dipunwaos gêmebyar, kaki + um: kumaki dipunwaos kêmaki, nanging panyeratanipun taksih wetah, namung ingkang ewah pakecapipun.

Pengikut

Matur Nuwun ...