Minggu, 19 Oktober 2014

PARIBASAN



Ing bebrayane wong Jawa, ana unen-unen kang wiwit biyen nganti saiki isih keprungu ing masyarakat. Unen-unen mau ora owah, kayata:

1.      Adigang, adigung, adiguna tegese wong kang ngendelake kekuwatane, ngendelake kaluhuran lan kapinterane sarta ngendelake panguwasane.
2.      Becik ketitik ala ketara tegese kelakuan kang becik utawa ala mesthi bakal katon dhewe.
3.      Ancik-ancik pucuke eri tegese wong sing tansah kuwatir.
4.      Busuk ketekuk pinter keblinger tegese wong bodho lan wong pinter padha cilakane.
5.      Diwenehi ati ngrogoh rempela tegese diwenehi kalonggaran isih kurang trima.

Tetembungan kaya ing dhuwur iku diarani PARIBASAN.
Paribasan yaiku unen-unen kang ajeg panganggone nduweni teges wantah, ora nduweni teges pepindhan.

Tuladha liyane:


1.      Aji godhong jati aking: Tanpa aji babarpisan. ( aking = garing )
2.      Ana catur mungkur: Emoh ngrungokake rerasane liyan kang kurang prayoga. ( catur = gunem )
3.      Ana dhaulate ora ana begjane: Ana ungup-ungupe bakal nemu kabegjan nanging kabegjan iku ora sida teka.
4.      Anak polah bapa kepradhah: Wong tuwa nemu reribet saka tingkah-polahe anak.
5.      Blaba wuda: Merga saka banget lomane nganti awake dhewe kecingkrangan.
6.      Blilu tau pinter durung nglakoni: Senajan bodho nanging bisa nindakake jalaran wis kulina tinimbang wong pinter nanging durung nate nglakoni. (blilu ; balilu = bodho)
7.      Bungahe kaya wong nunggang jaran ebeg-ebegan: Bungah banget. (jaran ebeg-ebegan = jaran kepang )
8.      Cacah cucah caturan karo dhanggling: Eman-eman caturan karo wong gendheng, marakake ora kajen.
9.      Cangkem rusak godhong jati krasa opak: Barang kang sejatine ora patut dipangan, meksa dipangan.
10.  Ciri wanci lelahi ginawa mati: Kelakuan ala marine yen wonge wis mati. (lelahi = lelewa)
11.  Dahwen pati open: Nacad supaya wong liya ngemohi, perlune barang sing dicacad iku arep diepek dhewe.
12.  Digebyah uyah padha asine: Dianggep padha wae.
13.  Entek ngomah entek ngalas: Entek sakabehe, ora ana sisane.
14.  Esuk kedhele sore tempe: Guneme mencla-mencle.
15.  Gliyak-gliyak yen tumindak, alon-alon waton kelakon: Senajan kanthi alon, yen terus ditandangi, suwe-suwe mesthi bakal rampung. 
16.  Gupak pulut ora mangan nangkane: Melu kangelan ora melu ngrasakake pituwase. (pituwase = asile ).
17.  Kalah cacak menang cacak: Sabarang gawe perlu dijajal utawa dinyatakake luwih dhisik. (cacak = jajal, coba )
18.  Kecik-kecik yen wudhu: Ana ing pajagongan, sethithik- sethithik yen melu omong. Kecik = arane isi sawo; wudhu = (melu) tombok yen carane wong main, ngabotohan. Yen ing pajagongan, ya melu tombok gunem, swara, melu omong.
19.  Keduwung nguntal wedhung: Nggetuni perkara sing wis mungkur. (wedhung = saemper pangot utawa peso sing pucuke lancip).
20.  Kelacak kepathak: Ora bisa mukir merga wis kebukten.
21.  Kepaten obor: Kelangan lacak aluraning sedulur.
22.  Keplok ora tombok: Melu seneng-seneng ora melu kelangan wragad.
23.  Kerubuhan gunung: Nemu kesusahan gedhe.
24.  Kesandhung ing rata, kebenthus ing tawang: Nemu bebaya sing ora dinyana-nyana (rata = papan kang rata; tawang = awang-awang).
25.  Kriwikan dadi grojogan: Perkara sepele dadi gedhe.
26.  Kumrisik tanpa kanginan: Senajan ora didakwa, sarehne rumangsa nindakake panggawe ala atine meksa ora kepenak.
27.  Lebak ilining banyu: Wong cilik dianggo tiban kaluputan.
28.  Matang tuna numbak luput: Kabeh panjangkane ora kaleksanan (ora klakon). (watang = tumbak tanpa lelandhep ; genter ; kayu prebatang).
29.  Mbeguguk ngutha waton: Mbangkang prentah. (mbeguguk = mbegogok; ngutha waton = kaya benteng watu ).
30.  Mbuwang rase oleh kuwuk: Mbuwang sing ala malah oleh sing luwih ala. (kuwuk = kucing alasan ).
31.  Nandur pari jero: Gawe kabecikan mbokmenawa anak-turune bisa nampa piwalese.
32.  Ndhupak apus kependhem: Ngelingake perkara kang wis sirep.
33.  Nggayuh tawang: Njangka prakara kang mokal.  (tawang = langit).
34.  Nggegalak racak, nenangi kemreki: Nggugah marang kekarepan kang ala.
35.  Nglungguhi klasa gumelar: Nemu kepenak dene kabeh wis cumepak.
36.  Ngontragake gunung: Misuwur banget; nggumunake banget. Kayata: wong sekeng (ringkih) bisa ngasorake wong sentosa utawa, wong bodho bisa ngasorake wong pinter.
37.  Ngrebut kemiri kopong: Melik barang sing tanpa ana ajine.
38.  Ngregem kemarung: Momong wong sing angel watake lan mbebayani. (kemarung = erining oyot gembolo (gembili).
39.  Ngubak-ngubak banyu bening: Gawe rerusuh.
40.  Nyandhung cepaka sawakul: Nemu kabegjan gedhe.  (cepaka = barang kerajinan saka perak kayadene mangkok, bokor.)
41.  Nyokot kelud: Nglakoni pegaweyan kanthi rekasa ora ngrasakake pituwase. (pituwase = asile ; sembulihe, imbalane.)
42.  Ora ana banyu mili mendhuwur: Turun apik ya dadi apik.
43.  Ora gembung ora irung: Mlarat ora duwe keluwihan apa-apa. 
44.  Ora gendhong ora titir: Ora kandha-kanda; ora omong-omong.
45.  Ora gombak ora kuncung ambege kaya tumenggung: Mlarat ora duwe kepinteran apa-apa nanging gumedhe banget.
46.  Ora ngerti kenthang kimpule: Ora ngerti perkarane.
47.  Ora tembung ora lawung: Nyilih barang ora nembung.
48.  Othak-athik didudut angel: Katone kaya gampang jebul angel. 
49.  Owal awil awel: Katone kaya gampang satemene angel.
50.  Panen mata pailan gulu: Weruh panganan werna-werna nanging ora melu ngrasakake merga ora diwenehi.  (pailan: kahanan paceklik,larang pangan. )
51.  Pilih-pilih tebu: Milih-milih malah oleh sing ala (boleng).
52.  Rampek-rampek kethek: Nyanak wong ala, ditamani piala.
53.  Rindhik asu digitik: Semrinthil dikongkon apa wae sing cocog karo kesenengane.
54.  Rog-rog asem: Mung kala-kala, ora ajeg.
55.  Sabda pandhita ratu: Gunem sepisan dadi lan bakal ditetepi. (sabda = gunem). Guneme pendhita lan ratu iku, sepisan dadi, ora bakal diambali.
56.  Sadawane lurung isih dawa gurung: Kabar bisa sumebar tekan endi-endi.
57.  Sapa salah seleh: Wong kang tumindak luput, suwe-suwe bakal konangan.
58.  Satru bebuyutan: Satru turun-tumurun.
59.  Satru munggwing cangklakan: Satru sing cedhak banget. Satru marang sedulur utawa marang kanca sapegaweyan. (munggwing = ana ing....)
60.  Sedhakep ngawe-awe: Katone meneng nanging satemene sing ajak-ajak panggawe ala.
61.  Sembur-sembur adas, siram-siram bayem: Saka pujine wong akeh muga-muga kabul sedyane. (adas = jinising tetuwuhan sing uwohe kena kanggo tamba).
62.  Sendhen kayu aking: Sumendhe saksi sing wis mati. (aking = garing).
63.  Sing digembol mrojol sing dikandhut mrucut: Samubarang kang diduweni ilang.
64.  Singidan nemu macan: Ndhelik malah ketemu mungsuh.
65.  Sirat-sirat madu: Tetembungan manis mung kanggo ngenaki ati.
66.  Suwe mijet wohing ranti: Pegaweyan sing gampang banget ditindakake. (ranti = tetuwuhan endhek sing uwohe cilik-cilik kaya woh tomat) .
67.  Tembang rawat-rawat ujare bakul sinambiwara: Kabar sing durung nyata lan orane. (bakul sinambi wara = bakulan sinambi wara-wara; wara-wara = aweh kabar saka rembug sing dirungu saka ndalan ).
68.  Thenguk-thenguk nemu kethuk: Ora nyambutgawe nemu rejeki. (kethuk = arane gamelan kaya kenong cilik ).
69.  Tiba ing kasur: Ngalami urip kepenak sing ora kejarag.
70.  Tulung kepenthung: Tetulung wusana nemu cilaka.
71.  Turu kasur dikebuti: Wis kepenak uripe, saya dikepenakake maneh.
72.  Ulat madhep ati mantep: Mantep ing ati. ( ulat = rai, praupan )
73.  Wastra rusak ing sampiran: Kepinteran ilang merga ora tau kanggo, utawa: samubarang kang rusak muspra merga ora tau kanggo. ( wastra = jarit; jarik )
74.  Wedi rai wani silit: Wani muna-muni yen ora ana uwonge, yen adu arep karo wonge ora wani muna-muni.
75.  Welas temahan lalis: Welas marang liyan wusana gawe sengsarane awake dhewe.  ( lalis = lunga ; ilang ).
76.  Wirang mbebarang: Wong sing ngandhakake kewirangane.
77.  Yatna yuwana lena kena: Prayitna njalari slamet, sembrana njalari cilaka.  (yatna = prayitna,waspada; yuwana = slamet; lena= sembrana; kena = kedrawasan )

Tidak ada komentar:

Pengikut

Matur Nuwun ...