Minggu, 19 Oktober 2014

NJUNJUNG NGENTEBAKE.



Ing pasrawungan ana sawetara unen-unen utawa ukara –ukara kang kerep keprungu, kang surasane kosok balen. Katone ngunggul-unggulake, ngalem, memuji marang wong sing diajak rembugan, nanging sejatine ing sajroning ati ora kaya sing dilairake. Tetembungan kaya mangkono iku  diarani njunjung ngentebake, katone njunjung nanging sejatine ngentebake,  tuladhane :
1.       Ana pawongan loro wis suwe anggone kekancan, saben dinane wong padha tepung raket, dadi  wis ora nganggo kurmat kinurmatan kaya salumrahe wong sing durung tepung. Ing sawijining dina wong mau dadakan anggone sapa aruh  nganggo basa karma mlipis. “Kok kadingaren mas, mase sampun dangu boten tindak mriki, wonten kersa menapa?”. Mesthi wae sing disapa dadi glagepan, kisinan, tingkahe thingak-thinguk kaya kethek ditulup.  Anggone sapa aruh ora kaya padatan . Swasana kaya mangkono iku ngemu surasa yen anggone sapa aruh iku adoh saka ngurmati tamu kaya padatan, kaya wong lumrahe kekancan.
2.       Ana uga tetembungan ing imbal wacana (pidhato) sing kaya mangkene : Kula sowan ing ngriki, tebih saking negari, tebih saking tata trapsila sarta udanagara paribasan adoh ratu cedhak watu, bokbilih anggen kula matur wonten ing ngarsa panjenengan sami kirang trawaca, lan wonten  tindak-tanduk kula ingkang kirang tata trapsila, kula nyuwun gunging sih samodra pangaksama”. Tetembungan “adoh ratu cedhak watu” ngemu surasa ngasorake awake dhewe, lan ngunggulake wong kang diajak guneman. Sanajan tetembungan mau kepenak dirungokake , nanging nduweni surasa kosok balen. Anggone ngrakit ukara kang runtut, trep undha-usuking basa, mesthi dudu wong sing lumrah, mesthi nduweni kaluwihan, apa maneh omahe gedhong magrong-magrong sungsun pitu. Pancen perlu ngasorake awake dhewe nanging aja nganti keladuk. Aja nganti dikira kepingin mamerake kapinterane anggone ngrakit basa.
3.       Asring uga keprungu tetembungan : Kula menika tiyang bodho, cubluk sawernining kagunan. Bokbilih panjenengan kersa maringi pepajar, kersaa  paring dhawuh dhumateng kula. Kamangka wong iku mau sawijining ahli basa. Apa kang dilairake cengkah karo batine.
Isih akeh maneh tetembungan kang kaya mangkono iku ing bebrayan Jawa, sing katone ngunggulake marang wong sing dijak guneman  nanging sejatine ing batine rumangsa luwih pinter katimbang wong diajak ngomong mau. Ora ana rasa tulus ing sajroning ati. Kahanan kaya mangkono bisa ndadekake pasrawungan dadi ora kepenak.
 Ana salah sijine cirine wong Jawa yen wong mau seneng marang wong sing diajak guneman, anggone mangsuli diklerak-klerokake, ora tulus tumus nganti sajroning ati. Mula jejere  wong urip ing alam donya iku luwih becik sing prasaja. Aja drengki aja srei wong urip bareng sabumi.

Tidak ada komentar:

Pengikut

Matur Nuwun ...