Minggu, 02 Februari 2014

NGA TELU.

Sangune wong tuwa mrentah utawa ngongkon marang anak kang wis diwasa iku “NGA TELU” yaiku, NGALAH, NGALIH, NGAMUK lire:

NGALAH, saupama wong tuwa prentah utawa ngongkon sepisan marang anak ora dilakoni, luwih becik wong tuwa ngalah. Anak kang wis gedhe utawa diwasa wis bisa mikir endi sing ala lan endi sing becik, endi sing enggal kudu dilakoni lan endi sing kudu disumenekake. Bocah jaman saiki lumrahe ngendelake kapinterane, ngedirake ngelmu anggone ngangsu ana ing sekolahan, lan rumangsa bisa mrantasi gawe tanpa pambiyantune wong tuwa.

NGALIH, prentah kaping pindho , si anak isih during gelem nglakoni sing dadi kekarepane wong tuwa, luwih becik wong tuwa ngalih. Ing tataran iki lumrahe wong tuwa wis cepak nesune. Mula kanggo njaga supaya anggone nesu ora kebanjur-banjur, luwih becik nyingkir saka papan kono.

NGAMUK, yen prentah sing kaping telu isih durung gelem nglakoni, wong tuwa kena ngamuk. Si anak cetha wis nglirwakake apa kang dadi kekarepane wong tuwa. Anak kena uga diarani wis ora ngajeni maneh marang wong tuwane maneh. Unen-unen jaman biyen, anak iku kudu manut miturut marang wong tuwa, nanging wong tuwa uga ora kena sakepenake dhewe mrentah marang anak, jer anak iku iku wis nduweni paugeran sing kadhang kala ora cocog karo wong tuwa.


Gambar saking : pixoto.com

Tidak ada komentar:

Pengikut

Matur Nuwun ...