Sabtu, 28 Januari 2012

PEPALI KI AGENG SELA (3)

MEGATRUH
1.
Wruhanira tekad ingkang luwih luhung, poma dipunngati-ati, akeh sambekalanipun, wali mukmin sadayeki, pirang bara manggih yektos.
2.
Lamun luput aneng dunya lakunipun, ngakerat datan pinanggih, yen enom wedelanipun, babarane nora becik, ya iku poma kang yektos.
3.
Pan mangkana manawa bae ing mbesuk, oleh dhangane kang ati, nging aja mesthekken iku, manawa ana ingkang sih, antuk suwargadi kaot.
4.
Wruhanira wong ahli puniku, sarta tekat ingkang becik, cinadhang suwarga mbesuk, suwarga pepitu yekti, ana luhur ana asor.
5.
Pramilane den wruh ala becik iku, kang ala dipunsingkiri, kang becik wajib tiniru, Allah pasthi ngudaneni, ginadhang-gadhang kinaot.
6.
Ingkang ala pasthi cinadhang ing mbesuk, pinrenah aneng Yamani, dene ingkang becik iku, pasthi cinadhang ing mbenjing, aneng suwargadi kaot.
7.
Pan mangkana adiling Hyang Agung, pramila den ngati-ati, neng dunya aja katungkul, sanajan ala sireki, nuli elinga ing batos.
8.
Lamun sira durung eling nuli lampus, kainan kapanggih wuri, sru getun kadhuwung, katungkul duk kala urip, ngakerat kari bebendon.
9.
Pan yaiku musthikane kang lapil hu, mbengkas sagung ponang lapil, pan iku bae wis cukup, nanging ati kang suci, poma-poma den kalakon.
10.
Ya wa inna rohmatullahi karibun, minal mukminina yekti, satuhune lapil iku, ingkang padha dipunesthi, den eling lair trus batos.
11.
Pan mangkana tegese lapal puniku, sagung rahmating Hyang Widhi, pinerakaken mring makluk, kang sami akarya becik, angesthi nedya rahayu.
12.
Aneng dunya dipunsregep anenandur, lan dipunsregep reresik, tegese sregep nenandur, agawe ngamaling dhiri, kang rila ing lair batos.
13.
De maknane kang bangsa resik puniki, karam makruh den semingkir, dohna ing dedosa sagung, dosa samar – samar gaib, eling-eling den waspaos.
14.
Eling iku mituhu marang pitutur, pitutur kang muni tulis, karya becik yen digugu, poma den padha angesthi, iku marganing kinaot.


Katrangane tembung-tembung:
Wruhanira = weru + ana + ira , weruhana.
Sambekala = kacilakan, alangan
Wali = 1. Bangsane pangot cilik pucuke lancip (kanggo ngukir, nulis ing lontar, lsp); 2. Wong kang nduweni hak ningkahake penganten wadon ; 3. Wong suci ing agama Islam.
sadayeki = sadaya + iki , kabeh iki
pirang bara = pirabara, pinten banggi, : 1. Pancene luwih prayoga yen…. ; 2. Mengkono kuwi wis jeneng lumayan , tinimbang ora …..
wedelanipun = dicelup nganggo nila (tumrap bathik).
babarane = 1. Nyoga bathikan; 2. Manak (duwe anak) ; 3. Diwetokake (tumrap buku, majalah lsp).
suwargadi = suwarga + adi = suwarga kang endah
kaot = kacek
ngudaneni = ang + udani + I = meruhi
ginadhang –gadhang = digadhang – gadhang = diarep-arep, dicalonake ing tembe dadi ….
Yamani = panggonane bathara Yama, neraka
Katungkul = nganti lali apa-apa dening mempeng nindakake pegawean lsp.
Lampus = mati
Kadhuwung =getun
Bebendon = deduka, nepsu.
Lapil = lapal, lafadz
Mbengkas = ngrampungi, nyirnakake.
Esthi = 1. Karep, sedya, jangka ; 2. Gajah, liman, dwipangga.
Samar = 1. Katon ramyang-ramyang, ora katon cetha ; 2. During ngerti kalawan terang ; 3. Mutawatiri, mbebayani ; 4. Sumelang, kuwatir, uwas. Disamar = digawe wadi. Ora kasamaran = ora kekilapan, weruh (mangerti temenan).
Waspaos = waspada
Pinerakaken = perak + in + aken = dicedhakake
Karam = ora kena dilakoni yen dilakoni ndadekake dosa
Makruh = ora pantes dilakoni


Ana candhake …

Tidak ada komentar:

Pengikut

Matur Nuwun ...