Jumat, 09 April 2010

SIRAHMU MBLEDHOS


Sawijining dina aku mlebu kelas wolu. Sawise aku nerangake wulangan sing wulangake. Aku banjur takon marang bocah-bocah.
“Wis ngerti ….. ?”, pitakonku marang bocah-bocah.
Kaya biasane bocah-bocah mangsuli bareng ,”Tiiiiiiii……”,
Aku takon maneh,”Sapa sing durung ngerti ?.”
Bocah-bocah siji wae ora ana sing ngacung.Tegese wis paham sing dak wulangake.
Aku banjur kandha,” Ya wis, yen ora ana sing ngacung tegese wis ngerti kabeh. Saiki sing dak takoni maju !”.
Bocah-bocah wis wiwit padha usreg.
“Kowe, Mardi (jeneng singlon, nama samaran) majua !”pakonku marang Mardi.
Mardi banjur maju menyang ngarep, banjur daktakoni.
“Apa jenenge alat sing kanggo ndeleng barang sing cilik banget ?”
“Mikroskop, pak “, wangsulane mantep.
“Ya bener. Lha yen alat kanggo ngukur suhu ?”
“Thermometer”, wangsulane.
“Pinter,” wangsulanku. “Suhu iku tegese apa ?”
Mardi katon thingak-thinguk ora ngerti. Mripate nyawang kanca-kancane, mbok menawa ana sing ngerti. Katon ana bocah siji mbisiki saka mburi.
Aku banjur mbengok “Meneng, sapa sing ngandhani tak kongkon menyang ngarep. Yen ora bisa mengko dak kongkon ngubengi lapangan ping telu.”
Bocah-bocah meneng cep klakep, ora ana sing cemuwit.
“Suhu badan orang sehat pira, Di ?”, pitakonku.
“Seratus, pak”.
“Satus apa ?
“Seratus derajat Celsius”
Aku banjur nesu, banjur takon,”Sapa gurumu biologi ?”
“Bu Ita (jeneng singlon)”, wangsulane bocah-bocah bareng.
Mardi banjur metu klunuh-klunuh, nggoleki bu Ita. Bu Ita iku guru Biologi sing kondhang kereng.
Ora antara suwe Mardi mlebu kelas maneh.
“Bu Ita ndhak ada, pak , “kandhane Mardi sadurunge daktakoni.
“Ana. Aku mau esuk ketemu .Ggolekana maneh !,” pakonku.
“Ndhak ada, pak. “ Mardi ngengkel.
Aku banjur ngongkon bocah loro, siji dak kongkon nggoleki guru Kimia, sing sijine dak kongkon nggoleki guru Fisika. Bocah mau dokkongkon takon “suhu badan orang sehat”.
Ora suwe bocah mau banjur mlebu kelas maneh.
“Kuwi njajal. Kandhanana Mardi "
“37 atau 36 derajat, pak.”
“Ya. Kelas loro SMP kok ora ngerti suhu badan orang sehat. Iki ngono pelajaran SD ,” omelku.”Yen satus derajat, sirahmu mbledhos, ngerti ”
Bocah-bocah ngguyu geeer.

4 komentar:

Kombor mengatakan...

Utege umob, Pak Guru. Bocah ki nek ora nate sinau ya kaya mangkono. Mosok suhu uwong sehat kok 100 drajad celcius...

mawaradi mengatakan...

Piye ngene iki, e ....enget pituturipun bapak/ibu, dados guru kedah sabar tlaten lan ikhlas....rak ngaten ta pak Ugeng?

paromo suko mengatakan...

hua ha ha ha ha
no komen! gerrr polllllll

bahtiar@gmail.com mengatakan...

iki crito tenanan opo karangan
mosok guru siji ditempukne karo guru liyane

:)

Pengikut

Matur Nuwun ...