Rabu, 17 Maret 2010

PRAWAN SUNTHI


Jroning wengi kang kang tumelung bareng lakuning sepi
nglari wewayangane sliramu kang tansah dak impi rina wengi
ana ngendi prawan sunthi kang lagi mbathik ati
apa bisa nyawiji

Kidung mangungkung ing telenging kedhung
pepuji lir gumanti kaya ilining kali kang tanpa tepi, tanpa pegat mesat saka pucaking gunung jabalkat
dakambah, dalan munggah muga tumuju marang muwaraning panembah, susah
keh panggodha angawe-awe ing tengah marga
ora lila yen bisa manuksma

Napak tilas delanggung kang diambah dening para sarjana
melu nenepi lan para suci kang tanpa mala
o, kagedhen panjangka
ora rumangsa lamun raga kakehan dosa

Surabaya, 14032010

3 komentar:

mawaradi mengatakan...

ing tengahing wengi iki
nalika pangeriking jangkrik wis ora mosik
ewuh aya anggonku nandhang roga
kaya-kaya tanpa daya
kapan tekamu sumitra
ing bengi iki apa sliramu wis nglalekake aku
pirang candra ora sanja
sanajan kepalang arga
aku isih tresna

Kang Sugeng mengatakan...

biyuh biyuh... Pakde... jan ampuh tenan niku geguritane, kulo ngantos mlongo, pikiran kula molak-malik, piye nggawene ngono kuwi yo... kulo niku paling mboten saget menawi ngarang puisi.

Sugeng Kariyodiharjo mengatakan...

Kagem Pak Pur, lha dalah mangga kasagedan menika dipun uri-uri.

Kagem Kang Sugeng,
ngarang menika gampang,
nyerat menika inggih boten awrat,
nulis perlu patitis,
bab sae lan mboten ampun direken,
ingkang baku wektu,
panjenengan mendhet komputer langsung nglenyer.

Pengikut

Matur Nuwun ...