Senin, 29 Maret 2010

NGLELURI KARAWITAN JAWA


Seni tradisi sangsaya suwe sangsaya langka. Ana unen-unen barang sing langka malah akeh sing nggoleki utawa dhuwur pengajine. Nanging mangertia sanajan dhuwur pengajine sing seneng marsudi lan nguri-uri sangsaya sethithik. Akeh nom-noman sing wis ora gelem nggepok marang seni tradisi, rumangsa luwih unggul katimbang liyane yen nganggo tata cara Negara manca.


Mula ora sethithik sing nduweni wawasan rada “sinis” marang bab-bab sing mambu desa. Contone nalika aku mulang basa Jawa akeh murid-murid mbengok rada mangkelake ati : ndesa. Apa maneh yen diwulang nembang, bangku banjur dianggo kothekan karo tutuke muni gang-gung, gang-gung. Mangkelake ati banget.


Conto sing paling gampang yaiku akeh para sarjana lan sujana ngrembug bab basa Jawa ora nganggo basa Jawa. Kabudayan manca sangsaya nunjem ing jantunging bebrayan Jawa. Ora mung bab teknologi bae wong-wong Jawa kagiwang marang barang manca, nanging bab panganggo, basa, lan uga tata cara, tingkah polah uga ngiblat marang bangsa manca. Wong Jawa rumangsa isin yen isih gelem nganggo basa, tata cara, tingkah polah lan sapanunggalane sing isih mambu-mambu Jawa.

Malah-malah ing babagan pendidikan para sarjana pendidikan Jawa uga rebut dhucung nganggo utawa ngetrapake sistem pendidikan kulonan. Mula banjur thukul istilah-istilah SBI utawa RSBI (Sekolah berstandar Internasional lan Rintisan Sekolah berstandar Internasional) kamangka ing sanyatane durung mesthi kahanane wis nginternasional.

Kemajuwaning jaman utawa modernisasi ora bisa diselaki, sanajanta manggon ing pucaking gunung, modernisasi ora bakal bisa diendheg. Bab kaya mangkono iku satemene dudu barang sing aneh. Jer yen kita taliti satemene kabudayan Jawa sing kita anut saiki iki satemene uga krana pengaruh kabudayan manca.

Mula yen ana penganggep kita kudu nggemeni kabudayan kita uga kena diarani kleru. Mung bageyan kabudayan endi sing kudu dilestarekake. Mesthine para sarjana lan sujana Jawa kudu bisa milah-milah lan milih endi sing bisa dianggo lan ora.

Jer kabeh mau ora ana sing ora kena pangaribawane kabudayan manca. Samono uga kasenian karawitan, sing saiki urip ing satengahing bebrayan Jawa. Sajake seni tradisi mung bisa urip ing tengah-tengahing masyarakat padesan.


Nembe iki pangripta lagi wae mulih menyang kahyangan yaiku Pacitan. Rasa mongkog, rasa seneng, uga trenyuh campur bawur dadi siji, nalika nemoni para warga guyub lagi gladhen karawitan. Priyayi sepuh nganti sing isih jaka cilik padha grengseng nuthuki wilahan-wilahan gamelan. Pakumpulan karawitan mau dijenengi “Hardho Kayun “ sing tegese grengsenge karep kanthi sesanti “ memet prana ngulah rasa karya pamareming jiwa”.
Pangarsane pakumpulan yaiku panjenengane bapak Ruswandi. Mapan ing dhukuh Pager, Arjowinangun, Pacitan. Pakumpulan mau ora mung nglelatih kabisan ing babagan karawitan bae nanging uga ing babagan seni pedhalangan. Ing kalodhangan iku pangripta uga melu nimbrung latihan karawitan mau.
Sing mangarsani ing antarane bapak Hartono guruku SMP biyen, bu Mul garwane bapak Mulyono uga guru SMP N 1 Pacitan lan para seepuh dhukuh Pager.

Uga ana sawetara bapak-bapak saka Kapulisen, lan akeh aku sing durung tepung, jalaran aku ninggalalke desa wis udakara patang puluh taun kapungkur. Mula iya akeh sing during tepung. Wargane pakumpulan saka sing paling sepuh nganti isih cilik ana, contone calon dhalang sing wektu iki lagi kelas telu SD yaiku nak Dimas, sing ing gambar iki lagi mamerake kabisane ndhalang.
Sanggar seni “Hardho Kayun” uga nate nggondhol juwara loro nalika dianakake lomba karawitan ing Kecamatan Pacitan.
Panyaruwe utawa kritik kagem pakumpulan “Hardho Kayun” :
1. Tetep gladhen kanthi mempeng, aja nganti kemba.
2. Ora kena kendho semangate sanajanta wis nate nggondhol juwara. K arodene bab iki bab kang pokok kanggone pakumpulan.
3. Yen bisa ngrekrut (recruitment) bocah-bocah sing isih enom, luwih-luwih kudu bisa nggandheng sekolahan, apa kuwi SD, SMP, lan SMA.
4. Para guru SD, SMP, SMA kersaa maringi kegiatan ekstra kurikuler sing sipate wajib dilakoni ing bab karawitan.

2 komentar:

mawaradi mengatakan...

Leres pak Ugeng, mugi-mugi"Hardho Kayun", saya srempeng anggenipun nggladhi para nem-neman ingkang sajakipun wiwit katut budaya manca.

Pak Ugeng mengatakan...

Matur nuwun, pak Pur.Mugi-mugi kanca-kanca tansah mempeng anggenipun gladhen.

Pengikut

Matur Nuwun ...