Jumat, 05 Maret 2010

JANGKAR


Sing arep dakcritakake iki pengalamane kancaku guru matematika. Sawijining dina pak guru mau ndhawuhi muride supaya nggawa jangka. Bareng tekane dina candhake ing kelas iku pak guru mlebu kelas, dhawuh supaya bukune ditokake.
"Ayo, bukumu ndang tokna !", mangkono pangandikane pak guru karo mubeng nliti sapa sing nggawa buku lan sapa sing ora.
Bareng teka ngarepe salah sawijine bocah, bocah mau kandha, "Maaf, pak. Saya tidak membawa jangkar".
Pak guru mau kaget, banjur ngendika,"Lho, kowe nggawa jangkar arep koanggo apa. Apa kowe dadi nakodha kapal kok nggawa jangkar ?"
Bocah mau mangsuli,"Itu lho pak yang dipakai membuat lingkaran."
"Oooo, iku ta. Iku jenenge jangka dudu jangkar".
Pak guru banjur ngelus dhadha ing ngatase kelas IX SMP kok ora bisa mbedakake antarane jangkar karo jangka.
Piye ca, murid sampeyan apa ya kaya ngono? Aku nyuwun komentar panjenengan.

6 komentar:

antyo rentjoko mengatakan...

Untunglah dia gak bilang, "Saya nggak bawa Jangkar Jayabaya!"

Kang Sugeng mengatakan...

hahahahahaha.... lha menika pengalaman kulo nalika SD Pak De....

koq njenengan sumerap njih..., hahahahaha..... lucu sanget menika Pak De...

mawaradi mengatakan...

Wah pak Ugeng wonten-wonten kemawon, inggih punika ingkang murukaken guru awet enom.Anak kula ingkang wonten paran, kula utus maca, mesam-mesem......wah pak Ugeng bakat pelawak......lucu.

Sugeng Kariyodiharjo mengatakan...

Kagem Mas Antyo, Kang Sugeng, lan Pak Pur , matur nuwun sampun kersa rawuh.

Kang Sugeng mengatakan...

Pakde... menawi kerso, kulo badhe nyuwun tanggabanipun, miturut panjenengan dospundi menawi Julia Perez sios kepilih dados Bupati Pacitan?? kulo rantos uneg2 panjenengan wonten mriki, matursuwun..

Sugeng Kariyodiharjo mengatakan...

Setuju, mangke tiyang sak Pacitan dijak egolan. Setuju ?

Pengikut

Matur Nuwun ...