Jumat, 23 Oktober 2009

NYEMAK BASA SUROBOYOAN JTV (2)


Redaktur JTV sajake anggone milih tembung ya saenake udele dewe. Apa buktine ? Contone ana ing ngisor iki :

adu playon = lomba lari, banter-banteran mlayu, rebut unggul mlayu. Hasile bal-balan iku jendul-jendul sampek pertandingan adu playon bubar. Jan-jane mono arep pertandingan bal-balan apa arep adu playon (lomba lari)? Bal-balan iku niyate nglebokake bal menyang gole mungsuh ora niyat banter-banteran mlayu. Panganggone tembung “adu” : adu dara, adu pitik, adu kaci, adu kekuwatan

Arek-arek gak gelem dipadakno sapi perahan apa maneh budeg. Apa karepe ukara iki? Sapi perahan (BI) tegese mung dipek untunge, yen sapi budeg tegese apa?
bronfit nlebok : bronfite tiba. Tembung nlebok nduweni teges saka ndhuwur. Tuladhane : barange nlebok (logur), saka gendongan.

Dhase kegeden utawa kesumbungen . Sing bener kegeden endas.Tembung iki kalebu tembung entar (kata kiasan ).Tembung entar yaiku tembung nduweni teges dudu teges salugune . Contone : dawa tangane, ora kok tangane dawa telung meter, tegese dhemen nyolong. Mati pangane tegese ora bisa golek pangan, ora kok pangane ilang nyawane. Wujude tembung watak (kata sifat disambung tembung aran (kata benda)).

Bengkel mobil mau entek dibadog geni . Dibadog geni tegese kobong. Apa ana tembung di dahar geni, di maem geni, diuntal geni, digaglak geni, diemplok geni, disosor geni, dijeglak geni (di makan api (BI)).
dimeloki arek = dieloki arek . Melok saka tembung lingga elok + seselan um, saka tembung jawa elu, ilu. . Tembung liyane : um + pati = mati, um + umbul = mumbul, um + angsah = mangsah. Yen diterjemahanke menyang basa Indonesia dimeloki = dimengikuti. Benere dieloki arek = diikuti anak.

gembong teroris = gembong saka tembung macan gembong sing tegese macan sing gedhe utawa pemimpine. Ucapane tembung “gembong” kaya tembung lele, kere, pepe, sate ora kaya Gembong Tebasan, Pasar Gembong, desa Gembong, sing ucapane kaya pedes, sepet, temen.

Hakim mutusake perkara saenake udele. Piye yen presiden mutusake perkara saenake udele presiden? Kira-kira yen ngomong adhep-adhepan karo presiden banjur ngomong mangkono apa sing bakal kedadean , apa kira-kira presiden ora nesu ?

Juventus cangkrukan nang rangking telu. Cangkrukan tembung linggane cangkruk tegese kira-kira wong loro utawa luwih padha lungguhan banjur omong-omongan. Lha yen wong siji lungguhan iku arane tenguk-tenguk, upamane Candra tenguk-tenguk neng ngarep omah. Yen Juventus cangkrukan kira-kira suasanane kaya Cak Priyo lagi cangkrukan kae, Juventus lungguh banjur omong-omongan karo sing rangking loro lan rangking papat

Saliyane wong gerang ya akeh arek-arek sing kenek lara sesek. Wong gerang tegese wong tuwa. Wong gerang benere wong tuwa .Kanggone wong Sala lan Yogya tembung iki lumrahe kanggone wong nesu, nyrengeni lan kasar banget. Panganggone gerang : sapu gerang, sikat gerang. Sapu gerang : sapu sing wis lawas , sadane kaku lan kari sitik. Yen wong gerang kira-kira ndase apa untune sing padha protol. Yen wong mau setengah tuwa kira –kira jenenge wong setengah gerang.

Ana tutuge .

2 komentar:

paromo suko mengatakan...

ncen bekne perlu onok sing ngewangi dadi editor boso suroboyoan, man

aku ngiro, wong suroboyo dewe bingung ngartekno maksude berita iku, sing rupane diterjemahno setengah ngawur teko boso indonesia

sopo gelem ewang-wang
tapine sing katene diewangi gelem gak, yo?

hehehe, ngono tah pak Ugeng?
tak tunggu teruse! suwun

Sugeng Kariyodiharjo mengatakan...

Leseeer eh leres mas Paromo. Sing katene diewangi gelem tah gak?

Pengikut

Matur Nuwun ...