Sarana kanggo anjangsana ing antarane para pangudi basa, para guru, lan para siswa
Rabu, 17 Juni 2009
Ketidak jujuran sistemik
Lah punika negari Hastinapura, negari ingkang panjang punjung gemah ripah loh jinawi, karta tata raharja. Panjang dawa pocapane, punjung luhur kawibawane. Tulus kang sarwa tinandur murah kang sarwa tinuku. Para ratu ing mancanagara padha suyud tan karana ginebaging prang amung kayungyun pepoyaning kautaman. Para panekare becik-becik limpad ing ulah kaprajan, mula datan mokal lamun kawontenan ing negari tansah ayem tentrem datan ana kawula kang bangkit cecengilan.
Ing wektu iki negara Hastinapura lagi nganakake Ujian Nasional Hastinapura dicekak U-NAHAS. Miturut statistik, biji ujian negara Ngastina tambah taun tambah dhuwur ateges "mengalami kenaikan". Nanging ana panyakrabawa yen ujian mau satemene dileksanakake kanthi ora jujur. Lho kok bisa ? Bisa wae, negara Ngastina iku negara sing kondhang ora jujur. Wiwit sing nggawe soal, guru-gurune, sing nyithak soal, pulisi negara nganti pejabat DEDIK-NAHAS ana sing ora jujur. Kamangka yen gurune wis ora jujur kepriye muride ing tembe buri. Mesthi wae bakal dadi wong ora jujur, sanajan dadi pemimpin ya pemimpin sing ora jujur.
Masalah pendidikan ing negara Ngastina satemene kena diarani kronis. Sanajanta saben taun ana usaha kanggo ndandani kahanan sing kaya mangkono.
Patang puluh taun kepungkur, guru-guru ing Ngastina oleh indoktrinasi yen sekolah-sekolah ora diijinake nduweni keputusan "nunggak kelas (tinggal kelas)". Alasan nalika semana jalaran kelas / bangku bakal dianggo dening murid-murid kelas samburine, mula ing sekolahan aja nganti ana bocah nunggak kelas. Pancene jaman semono negara Ngastina lagi ngalami "peledakan penduduk". Sesambungane karo sekolah, negara durung bisa mbangun sarana-sarana mau. Mula banjur keputusan sing kaya kaya mangkono.
Kanggone guru keputusan kaya mangkono iku ibarate "buah simalakama". Arep diunggahake satemene pikirane ora nutut, ora cocog karo batine guru. Yen ditunggakake, kalah karo keputusan. Nanging sarehne ana keputusan kaya kangkono si guru mung nurut wae. Sing kaping pindho ana sawijining ahli pendidikan sing kandha yen satemene bocah iku ora ana sing bodho. Kanggone guru, yen mengkono rak gurune sing ora bisa mulang, utawa pancen guru bodho. Yen pancen gurune bodho, kok bisa lulus sekolah guru? Lha test IQ sing nuduhake murid nduweni IQ 90, 100, 110, 120 kuwi apa tegese ? Yen ana murid salah, sing salah dudu muride, sing salah gurune.
Bab kaya mangkono uga njalari guru golek rekadaya supaya asile mulang "diarani apik".
Ing babagan ujian uga kaya mangkono, ujian sing maune dileksanakake sacara nasional, banjur diganti ujian sekolah. Ujian iku lumaku sawetara taun. Kajian masalah ujian uga dianakake. Ana penelitian sing ngandhakake yen mutu ujian sekolah ora bener. Akeh sekolah-sekolah sing mbiji murid angkane dhuwur-dhuwur , bareng ditest maneh peserta ujian ora bisa njawab kanthi bener. Mula ujian sekolah didandani maneh kanthi aturan biji saka sekolahan ditambah 4, iku kanggo pathokan. Yen bijine kaceke luwih saka papat, ora dianggep. Pranyata akeh sekolah sing muride ora lulus, lan sekolah-sekolah mau ing taun candhake ora oleh murid. Ing kene "peran guru" uga gedhe. Jalaran guru kepengin muride lulus banjur bijine diunggahake nganti pol. Ana sekolah sing mbiji muride 10 (sempurna). Lha ya ngene iki sing nyebabake guru ora bisa jujur.
Sing keri dhewe banjur ana aturan, ujian sekolah disuwak, diganti U-NAHAS. Kanthi aturan murid bisa lulus kanthi biji 4,00. Sangisore iku, ora lulus. Biji rata-rata kudu 5,25. Sing paling akhir, murid bisa lulus yen rata-rata bijine 5,50.Sejene iku bab pengawasan, diawasi saka Badan Pengawas Independen, sing dumadi saka dosen-dosen perguruan tinggi sa negara Ngastina. Sing maksude supaya pelaksanaan ujian lumaku kanthi ora ana "kecurangan". Ning nyatane tetep wae ana sing ora jujur. Sing kanggo titikan mangkene :
1. Biji wulangan matematika akeh sing 10,00. Kok hebat temen, soale sing gampang, apa bocahe pancen pinter temenan, apa ana sebab-sebab liya?
2. Akeh sekolah sing lulus 100%. Apa bener ?
3. Nalika nganakake pengawasan Badan Pengawas Independen ora oleh mlebu kelas, ana apa?
Irah-irahan ing dhuwur iku kudu diwaca "Ketidak jujuran akibat sistem" ora pancen sisteme sing ora jujur. Piye ca, tulung panjenengan paring komentar kepriye apike negara Ngastina !
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
Pengikut
Pesindhen Manca Negara :
- Chantal Karijosentono : Tresna Kowe
- Winston Echteld : Tresnaku Tresnamu
- Oxford Gamelan Society : Asmaradana
- Karen Elizabeth : Jula-juli Tretek
- Hiromi Kano : Gara-gara 2
- Hiromi Kano : Gara - gara
- Kitsie Emerson
- Hiromi Kano : Sinom Parijatha
- Hiromi Kano : Perkutut Manggung
- Hiromi Kano : Perkutut Manggung
- Hiromi Kano : Bengawan Solo
- Gamelan Switzerland
1 komentar:
Aku eling negara Ngastinapura jaman kawuri nalika iku sakabehing thegkliwere ujian(U-NAHAS)ditangani langsung karo dinas pendidikan.Perguruan tinggi,kepolisian ora melu cawe-cawe, buktine asile pancen nyata.Murid sing lulus lan sing ora lulus bisa nampa kanyatan mau lan legawa. Yen manut panemuku apika kaya ngapa sistem sing dianggo, nanging yen mental tempe, kabeh prabeya bakal muspra. Sarba repot yen bijine apik dikira muride contoan, yen bijine ala gurune ora bisa mulang.Yen aku diluluske wae pokok ora salah kabeh(nol pothol), mung wae kudu ana pemetaan endi sekolah sing rata-ratane apik lan endi sekolah sing isih kurang.Aku kok gumun wong luluse bocah kok ditemtokake karo 4 wulangan(basa nasional Hastinapura,basa mancanegara/Inggris,Matematika lan IPA).Sumangga.
Posting Komentar