Senin, 08 Juni 2009

Jujur Kacang Ijo


Saiki lagi rame-ramene kabar UNAS. Akeh bocah SMA sing ora lulus jalaran curang, ora jujur. Kabar saka SMA Ngawi, Mediun, Gorontalo, Bangka Belitung,Sulawesi Kulon, Sulawesi Kidul, Sulawesi Kidul Wetan, lan Jawa Kulon. Kabare sa sekolahan ora lulus . Malah-malah murid SMP sa Kabupaten Konawe ora lulus (JP, 2/6/2009) Kok bisa ?. Kabare, guru, pulisi, nganti pejabat percetakan katut. Kabar kang nyedhihake ing jagading pendidikan. Sekolah sing kanggo "mencetak" kader-kader bangsa lan pemimpin masa depan ana lan akeh sing ora jujur. Apa sebabe ? Masalahe ora sederhana, ora gampang. Salah sijine yaiku guru ora mentala yen nganti muride ana sing ora lulus. Guru uga kuwatir yen ana muride sing ora lulus, banjur taun ngarep ora oleh murid, mula ora aneh yen pak guru lan bu guru banjur golek reka daya supaya muride bisa lulus satus persen. Tahun kepungkur ana kepala sekolah sing kepeksa ditangkep pulisi jalaran mbukak amplop soal sing mesthine lagi bisa dibukak ing sangarepe bocah-bocah sing ujian.
Satemene kabar kaya mangkono (kecurangan) iku ora mung taun iki. Taun-taun sadurunge wis ana. Kaya upamane kelompok "Air Mata Guru" saka Medan wis elik-elik yen pelaksanaan ujian ora jujur. Pelaksanaan ujian dhewe satemene wis dirancang supaya kebocoran-kebocoran iku bisa disumpet.
Kabar iki banjur dakcritakake marang muridku. "Kamu harus belajar lebih keras lagi, kalau kamu ingin lulus. Yang kedua, kamu harus jujur. Lebih baik mendapat nilai rendah tetapi usaha sendiri, daripada mendapat nilai tinggi tetapi nyontek pekerjaan orang lain. Jujur terhadap dirimu sendiri maupun kepada orang lain"
Ora nyana, ana salah sijine murid sing nylemong :"Jujur kacang ijo, pak".
Aku mangsuli karo atiku mangkel:"Kacang ijone mbahmu kuwi !!"

3 komentar:

mawaradi mengatakan...

Pak Ugeng kalawau bibar jagi ulangan lare-lare kula kerengi kok kendel,nanging batos kula kok kedah gujeng kados pundi punika pak?

Sugeng Kariyodiharjo mengatakan...

Guru punika kedah saged dados aktor, pak Pur. Kedah saged nesu, saged nglucu. Lan ingkang pungkasan kedah jujur. Jujur kacang ijo !!!

mawaradi mengatakan...

Jujur .....eh kok jujur, bubur kacang ijo menika pancen seger kok pak Ugeng, bok menawi murid panjenengan kalawau nyuwun dipun traktir jujur kacang ijo, menika bokmenawi lo pak...

Pengikut

Matur Nuwun ...