Minggu, 26 April 2009

Prau Silem Kanggo Wisata.


Kapal Selam iku basa Jawane prau silem, yen dikramakake baita silem. Yen tembung Jawa "kapal selam" tegese jaran sunat. Prau Odyssey iku sawijining prau kang dianggo pariwisata. Panjenengan yen kepingin numpak prau silem , gampang. Ora susah kudu mlebu angkatan laut dhisik. Papan wisata ing Bali, yaiku ing pelabuhan Amuk ana prau silem sing khusus kanggo wisata. Ing kono panjenengan bisa mriksani endahe kahanan ing sajroning segara. Maneka warna iwak hias ana, terumbu karang iya bisa panjenengan priksani. Lan "biota laut-biota laut" liyane. Panjenengan diajak nyilem nganggo prau silem Odyssey sing jerone 35 meter sajrone 45 menit.Karcise mung murah bae. Kepingin ta ? Mangga !!!


Ing ngisor iki gambar salah sawijine penumpang lagi ndeleng njaba liwat jendela kapal.

Sesawangan ing sajrone banyu segara sejatine endah banget. Iwak sawernane iwak kang maneka warna wujud lan rupane. Ana sing gedhe banget kayata bangsane iwak lodan, hiu, nganti iwak sing cilik-cilik banget. Terumbu karang uga wujude warna-warna. Kewan karang iku sanajanta kalebu kewan nanging yen dideleng kaya wujude thethukulan utawa wit-witan. Wis ta pokoke endah banget. Ora kalah endahe karo yen ana ing dharatan. Mula ayo padha dijaga supaya kahanan ing sajrone segara tetep bisa lestari. Kepriye carane. Salah sijine yaiku aja mbuwang limbah menyang segara, ora ngrusak terumbu karang sing ana, ora nganggo bom iwak yan panjenengan dadi nelayan.

2 komentar:

Mbah Suro mengatakan...

Endah tenan Pak, kapan yo aku bisa plesiran nyang Pulo Bali, sementara durung klakon tak ngimpi wae. Karcise regane pira Pak?

Sugeng Kariyodiharjo mengatakan...

Mangga mbah Suro. Kula liburan ngajeng niki insya Allah ajeng ngrika. Kula srantos wonten ngrika, mbah. Karcisipun mirah, namung kinten-kinten setengah yuta repis.

Pengikut

Matur Nuwun ...