Sabtu, 16 Mei 2009

S Pd, Sarjana Pekok Dhewe



Aku duwe kanca, sing mulang ana sawijining SMP ing daerah Pacitan. Kanca mau weton PGSLP (Pendidikan Guru Sekolah Lanjutan Pertama). Sawise diangkat dadi guru dheweke ora gelem nerusake sekolah kaya kanca-kanca liyane. Alesane arep kanggo apa? Wong saiki wis omah-omah ribet ngurusi omah, ribet ngurusi anak. Saiki wae nyelengi sing akeh kanggo beaya kanggo bocah-bocah mbesuk, kareben bocah-bocah wae mbesuk bisaa sekolah sing dhuwur, mangkono alesane.
Kira-kira tahun saduringe tahun 2000, ana ketentuan saka Diknas yen guru-guru kudu nduweni ijazah S1. Dheweke ya tetep ora keguh. Wong wis tuwa arep apa? Pangkat ya sapangkat-pangkate wong neng desa wae. Bareng saiki dheweke bingung, jalaran pemerintah majibake guru, yen tetep kepingin dadi guru kudu lulus sertifikasi, nduwe sertifikat kanggo mulang, lamun ora duwe sertifikat ora kena mulang. Kanca mau tetep panggah ora gelem sekolah maneh, alesane ora oleh mulang ya ora apa-apa, nyambut gawe wae ana ing kantor.
Nalika pak Bambang Sudibya dhawuh yen bakal ana tunjangan khusus kanggo guru, nanging nganggo syarat kudu lulus sertifikasi, dheweke isih duwe alesan, paling-paling nganggo dhuwit "YEN" . Dudu dhuwit "yen" saka negara Jepang , nanging "yen ana". Bareng saiki kanca-kanca wis padha lulus S1 padha nganggo gelar SPd, lan ya wis akeh sing nampa tunjangan mau, dheweke kandha :" Lha apa sampeyan thok sing duwe gelar S Pd, aku rak ya duwe".
Pitakone kancane :" Sampeyan iku S Pd apa?" .
"Ora ngandel, aku rak S Pd = Sarjana Pekok Dhewe (Sarjana sing paling goblog)".
Piye ca yen ngene iki ???

3 komentar:

Mbah Suro mengatakan...

Kados woh "simalakama" dipun dahar bapak pejah, mboten dipun dahar simbok ingkang pejah.

mawaradi mengatakan...

Wah kadosipun kok inggih radi mathuk niku, pepenget kangge kanca para dwija, menawi kepareng badhe kula ewahi Sarjana Penuh Dedikasi, kados pundi kanca ........

mawaradi mengatakan...

Ingkang nemen menika anak kula.S.Pd cekakan saking :Sarjana Penuh Derita, dospundi pak Ugeng, kula pameri blog dikomentari inggih boten cobi rak kudu dijewer bocah kok........

Pengikut

Matur Nuwun ...