Rabu, 10 Desember 2008

Serat Wulangreh

Anggitan : Sri Pakubuwana IV

Kinanthi

9.
Padha gulangen ing kalbu,
ing sasmita amrih lantip,
aja pijer mangan nendra,
ing kaprawiran den kesthi,
pesunen sariranira,
sudanen dhahar lan guling.

(Atimu padha latihen supaya lantip (pinter) marang sasmita. Aja dhemen mangan lan turu. Pesunen (prihatin) awakmu kanthi nyuda mangan lan turu).

10.
Dadia lakunireki,
cegah dhahar lawan guling,
lan aja kasukan-sukan,
anganggoa sawatawis,
ala watake wong suka,
nyuda prayitnaning batin.


(Nyegah mangan lan turu supaya dadi laku (kebiasaan), lan aja dhemen seneng-seneng, oleh seneng-seneng nanging sauntara bae, jalaran seneng-seneng iku marakake suda prayitnaning ati).

11.
Yen wis tinitah wong agung,
aja sira nggunggung dhiri,
aja leket lan wong ala,
kang ala lakunireki,
nora wurung ajak-ajak,
satemah anenulari.

(Yen kowe dititahake dadi wong gedhe, aja banjur sombong.Lan aja cedhak-cedhak karo wong ala kelakuwane, jalaran ora wurung bakal nulari (kalakuwane sing ala.)

12.
Nadyan asor wijilipun,
yen kalakuwane becik,
utawa sugih carita,
carita kang dadi misil,
iku pantes raketana,
darapon mundhak ing budi.

(Sanadyan wong cilik yen kelakuwane becik, iku pantes dicedhaki. Utawa sing sugih carita sing bisa kanggo patuladhan (conto) supaya mundhak budimu (nalarmu, kelakuwanmu).

13.
Yen wong anom wis tamtu,
manut marang kang ngadhepi,
yen ngadhep akeh bangsat,
datan wurung bisa juti,
yen kang ngadhep keh durjana,
nora wurung bisa maling.

(Yen wong (ratu) enom iku mesthi manut sing ngadhep (nayaka, menteri). Yen sing ngedhep iku bangsat mesthi katut dadi ala, sing ngadhep maling mesthi dadi maling).

14.
Sanajan ta nora milu,
pasthi wruh solahing maling,
kaya mangkono sabarang,
panggawe ala puniki,
sok weruha nuli bisa,
yeku panuntuning iblis.

(Sanajan ora melu-melu, mesthi weruh solahe maling, kabeh penggawe ala iku yen kulina diweruhi, banjur klakon dadi muride iblis).

15.
Panggawe becik puniku,
gampang yen den lakoni,
angel yen durung kalakyan,
aras-arasen nglakoni,
tur iku den lakonana,
mupangati badaneki.

(Panggawe becik satemene gampang yen wis (gelem) nglakoni, nanging angel yen durung dilakoni, alesane aras-arasen lsp.Upamane dilakoni bakal mupangati marang awakmu).



Tidak ada komentar:

Pengikut

Matur Nuwun ...