Jumat, 12 Desember 2008

Pranata Mangsa lan Candrane .

1.
Mangsa Kasa :
Candrane : Sotya murca saking embanan. Sotya =mutyara, murca = ilang. Pindhane mutyara coplok saka embane. Akeh godhong padha rontok, wit-witan padha ngarang. Awal mangsa ketiga.
Umure : 41 dina. 22 Juni - 1 Agustus.
2.
Mangsa Karo :
Candrane : Bantala rengka.Bantala = lemah, rengka = pecah. Lemah-lemah padha nela. Mangsane paceklik larang pangan
Umure : 23 dina. 2 Agustus - 24 Agustus.
3.
Mangsa Katelu :
Candrane : Suta manut ing bapa. Suta = anak. Pindhane anak manut marang bapake. Pungkasane mangsa ketiga. Lung-lungan, bangsane gadung, wi, gembili padha mrambat.
Umure : 24 dina. 25 Agustus - 17 September.
4.
Mangsa Kapat :
Candrane : Waspa kumembeng jroning kalbu. Waspa = eluh, kumembeng = kembeng, kebak, kalbu = ati. Pindhane eluh kebak ing jerone ati. Sumber padha garing. Awal mangsa labuh.
Umure : 25 dina. 18 Sptember - 12 Oktober.
5.
Mangsa Kalima :
Candrane: Pancuran mas sumawur ing jagat. Mas pindane udan. Wiwit ana udan. Para among tani wiwit padha nggarap sawah.
Umure : 27 dina. 13 Oktober - 8 Nopember.
6.
Mangsa Kanem :
Candrane : Rasa mulya kasucian. Pindhane mulya-mulya rasa kang suci. Woh-wohan bangsane pelem lsp wiwit padha awoh. Pungkasane mangsa labuh. Udan wiwit akeh lan deres.
Umure : 43 dina. 9 Nopember - 21 Desember.
7.
Mangsa Kapitu :
Candrane : Wisa kentir ing maruta. Wisa = racun, penyakit; kentir = keli, katut; maruta = angin. Pindhane : Penyakit akeh, akeh wong lara.
Umure : 43 dina. 22 Desember - 2 Pebruari.
8.
Mangsa Kawolu :
Candrane : Anjrah jroning kayun. Anjrah = sumebar, warata; kayun = karep, kapti. Pindhane akeh pangarep-arep. Para among tani padha ngarep-arep asile tanduran. Wit pari padha mbledug.
Umure : 26 dina. 3 Pebruari - 28 Pebruari.
9.
Mangsa Kasanga :
Candrane : Wedharing wacana mulya. Wedhar = wetu; wacana = pangandikan, swara, uni; mulya = mulia, endah. Pindhane akeh swara kang keprungu endah, kepenak. Garengpung padha muni, gangsir padha ngethir, jangkrik padha ngerik.
Umure : 25 dina. 1 Maret - 25 Maret.
10.
Mangsa Kasepuluh :
Candrane : Gedhong mineb jroning kalbu. Pindhane akeh kewan padha meteng. Kucing padha gandhik.Manuk padha ngendhog.
Umure : 24 dina. 26 Maret - 18 April.
11.
Mangsa Dhesta :
Candrane : Sotya sinarawedi. Sotya = mutyara; sinarawedi = banget ditresnani (?). Pindhane kaya mutyara kang banget ditresnani. Mangsane manuk ngloloh anake. Mangsa mareng.
Umure : 23 dina. 19 April - 11 Mei.
12.
Mangsa Sada :
Candrane : Tirta sah saking sasana. Tirta = banyu; sah = ilang; sasana = panggonan. Pindhane wong-wong ora kringeten jalaran mangsa bedhidhing (adhem). Akhir mangsa mareng.
Umure : 41 dina. 12 Mei - 21 Juni.

6 komentar:

Mbah Suro mengatakan...

Nderek tepang Pak Ugeng, nadyan sampun sepuh, nanging semangat kedah kukuh.

mawaradi mengatakan...

Pak Ugeng menawi wulan Juni taksih wonten jawah punika kalebet mangsa menapa kula rak radi bingung

Unknown mengatakan...

Sak niko sebagian among tani mpun boten do ginake aturane mongso sepenting entenjawah /do smi nanem p ugeng

Unknown mengatakan...

Matur nuwun awit kula sampun kepareng nyemak pranata mongso punika. Mugi panjenengan kaparingan kasarasan

Unknown mengatakan...

Injih leres, kepara wonten jawah sakedhik kemawon kanggé rebatan sami nambak kalenan. Ingkang ngandhap boten kumanan toya.

Unknown mengatakan...

Punapa maos kasanga punika jawahipun panci radi nggrejih?

Pengikut

Matur Nuwun ...