Jumat, 08 April 2016

CANDHI KIDAL




Candhi Kidal mapan ana ing Desa Reja Kidal, kecamatan Tumpang, kabupaten Malang. Desa Reja Kidal iku desa kang ana ing karang pradesan, adoh saka dalan gedhe (protokol). Papane sepi ora pati akeh montor kang ngliwati desa kono. Yen kepingin teka mrono kudu nggawa kendharaan dhewe utawa ngojek saka kutha Malang. Saka alun-alun kutha Malang dohe kira-kira 12 km, prenah sakidul wetane alun-alun. Madhep ngulon. Candi iki digawe saka watu andhesit. Ukuran candhi, dawane 10,8 m, ambane 8,36 m lan dhuwure 12,26 m. Manut pangira-irane para ahli, dhuwure candhi sing asline nganti 17 m. Candhi iki direstorasi taun 1986 nganti teka taun 1990.
Tembung “kidal” bisa ateges kiwa, uga bisa ateges kidul (kidwal). Kira-kira wae jalaran mapane reca iki ing sakidule kraton Singhasari mula candhi iki dijenengake candhi Kidal. Candhi iki asipat agama Hindhu. Ing senthongan candhi wis ora ditemokake reca. Ing senthongan gedhe (garbhagraha) mung ditemokake lingga lan yoni. Reca kang ditemokake saka candhi kasebut yaiku reca Mahakala lan Nandiswara. Dene reca Agastya, reca Ganesha lan reca Durga Mahisasuramardini wis ora ditemokake maneh. Uga ditemokake reca kanthi patrap lungguh, mbokmanawa wae reca pantheon agama Buddha. Uga ana reca lungguh, dikira-kira reca mau reca Manjuçri. Saliyane iku uga ditemokake reca tanpa sirah, kanthi ciri-ciri nyekel cakra ing tangan tengen lan tangan kiwa nyekel Sankha. Reca iki dinuga recane Bathara Wisnu.

Ing awake lan sikile candhi ana ukiran wujud sabuk lan medallion ngubengi candhi. Ing saben ndhuwur plawangan senthongan (bilik) ana pepethan sirah Kala kanthi mata mlolo, driji tangane nuduhake pangancam. Uga siyung kang gedhe ngisor ndhuwur sarta lambe utawa uwang sisih ngisor jangkep. Wujud Kala kang kaya mangkono ora kaya wujude Kala ing candhi Badhut utawa candhi Jawa Tengahan. Wujud kaya mangkono mau ciri khas wujud Kala ing candhi Jawa Wetanan.
Saliyane candhi gedhe ana tilasing wewangunan majupat ing sisih wetan. Ing pojok lor wetan lan pojok kidul wetan ana tlundhakan. Malah ing taun 1901 isih katon tilasing wangunan kang digawe saka batabang ing platarane candhi iki. Dinuga candhi Kidal iki arupa komplek candhi sing kedadean lueih saka sapalataran (halaman).
Candhi Kidal iki minangka candhi pandarmane Prabhu Anusapati, kang nggenteni Ken Angrok dadi ratu ing Singhasari. Surude Prabhu Anusapati ing taun 1170 Ç (1248 AD). Kaya kang kacetha ing Negarakretagama pupuh 41:
bhatara san anusanatha wka de bhatara sumilih wiçesa siniwi,
lawasniran amukti rin rat apageh tikaɳ sayawabhumi bhakti matutur,
çakabdi tilakadri çambhu kalahan/ bhatara mulih iɳ girindrabhawana,
sireki winanun/ pradipa çimbha rikaɳ sudarmma ri kidal.
Tegese:
Bathara sang Anusanatha, putra panjenengane, gumanti dadi ratu,
salawase nguwasani jagad , kukuh santosa, sa bhumi Jawa padha sumuyud,
in taun Caka sesotya gunung sambhu (1170 C) seda, kondur maring girindrabhawana,
cahyane diwujudake ing reca Bathara Siwah kang sumorot ing candhi Kidal.
Dene Pararaton mratelake yen Prabu Anusapati seda ing taun 1171 Ç kaya kacetha ing ngisor iki:
Lina sang Anusapati i çaka 1171. Dhinarma sira ring Kidal , tegese : Sedane sang Anusapati ing taun Caka 1171, Panjenengane didharmakake ing Kidal.

Candhi Kidal rampung dibangun ora ana katrangan kang gumathok. Jalaran ora ana utawa ora ditemokake cathetan kang pasthi. Mung kira-kira rampunge nalika dianakake upacara Çraddha yaiku upacara kanggo pandharmane Prabhu Anusapati kang dianakake 12 (rolas) taun sawise seda. Dadi rampunge pambangune candhi Kidal ana ing taun 1182 Ç utawa taun 1260 AD.
Relief utawa ukiran ing candhi Kidal luwih akeh katimbang ing candhi Badhut. Ing candhi Kidal ana relief kang nyritakake lelakone Garudheya. Ing sisih kidul mapan ing tengah-tengah ana relief Garudheya kang lagi lungguh jengkeng (jongkok). Ing dhuwur sirahe ana naga cacah telu. Naga-naga kasebut ana ing sadhuwure Padma. Buntute naga ngglantong mangisor disangga dening Garudheya. Ing sisih wetan Garudheya lagi nyunggi guci kang isi tirta Amerta, dene tangane kiwa nyekel kuca (suket). Ing sisih lor, Garudheya lagi nyunggi sawijining wanita kang lungguh ing padmasana. Sikile kang kiwa ditekuk kaya wong sila, dene sing tengen nggantung disangga dening Garudheya. Dene tangane kiwa Garudheya nyekel barang kang awujud bunder. Ing saben pojoking candhi ana reca asirah singa.
Candhi Kidal iki pungkasan direstorasi ing taun 1986 -1990 dening Proyek Pemugaran dan Pemeliharaan Peninggalan Sejarah dan Purbakala Jawa Timur.

GARUDHEYA.

Crita Garudheya arupa crita ruwatan utawa ngluwari panandhang yaiku panandhange Dewi Winata, ibu angkate Garudheya nalika diapusi dening Dewi Kadru. Thukul pitakonan, apa gegandhengane ing candhi Kidal diukir crita Garudheya? Sajake, Prabu Anusapati kepingin ngruwat ibune, Ken Dhedhes, kang nandhang sangsara nalika isih uripe. Dongeng Garudheya kaya ing ngisor iki.
Kacarita ana sawijining pandhita kang lagi mertapa aran Resi Kasyapa. Resi Kasyapa kagungan garwa loro. Sing siji aran Dewi Winata lan sing siji aran Dewi Kadru. Loro-lorone isih sedulur tunggal bapa biyung. Wis suwe anggone jejodhowan lawan Resi Kasyapa, nanging kekarone, Dewi Winata lan Dewi Kadru, padha durung diparingi momongan.
Ing sawijining dina, Dewi Winata kerawuhan dewa sing maringi bebungah awujud endhog. Dewa mau dhawuh supaya endhog mau dirumat kanthi becik nganti endhog mau netes. Samono uga Dewi Kadru.
Bareng titiwancine netes, endhog duweke Dewi Winata netes awujud piyik manuk, dene duweke Dewi Kadru uga netes awujud ula cacah telu. Kewan tetesan mau banjur dipek anak angkat dening dewi kekarone. Bareng gedhe anak angkate Dewi Winta dadi manuk garudha kang dijenengake Garudheya, dene anak angkate Dewi Kadru dadi ula naga.
Dewi Kadru rumangsa kuwalahan anggone ngopeni anak angkate mau. Jalaran anak angkate ula naga mau nakal-nakal, mung sakarepe dhewe. Dhasare Dewi Kadru ora sregep nyambut gawe. Mula Dewi Kadru golek cara ngapusi Dewi Winata supaya gelem ngopeni anak angkate. Wong loro mau banjur totohan. Sapa sing kalah kudu gelem ngopeni anak-anak angkate mau. Kanthi cara kang licik wusanane Dewi Kadru bisa menang. Jalaran kalah anggone totohan Dewi Winata kepeksa ngopeni sarta ngrumat ula naga kang nakal-nakal mau sarta kudu nyukupi kebutuhane Dewi Kadru.
Sawise diwasa Garudheya ndeleng rekasane ibune rumangsa sedhih. Ula naga gelem ngluwari panandhange kalamun ditebus nganggo tirta amerta ing kahyangan kang dijaga dening para dewa. Garudheya banjur munggah menyang kahyangan, njaluk tirta amerta. Para Dewa ora nglilani. Banjur dadi peperangan. Kahyangan geger. Para dewa kang njaga tirta amerta bisa dikalahake dening Garudheya. Para dewa banjur lumayu matur marang Bathara Wisnu. Bathara Wisnu banjur mundhut priksa apa sebabe Garudheya nganti munggah menyang kahyangan. Garudheya matur yen Garudheya kepingin ngruwat ibune kang saiki lagi nandhang sangsara. Bathara Wisnu marengake kanthi syarat Garudheya gelem dadi titihane Bathara Wisnu.
Syarat iku disanggupi dening Garudheya, wiwit dina iku Gerudheya dadi titihane Bathara Wisnu.

Selasa, 05 April 2016

CANDHI BADHUT




Candhi Badhut iku candhi sing paling tuwa dhewe ing wewengkon Jawa Wetan. Mapan ana ing dhukuh Badhut, desa Karang Widoro, Kecamatan Dau, kabupaten Malang. Dohe saka alun-alun kutha Malang kira-kira 5 (limang) kilometer arah ngulon.
Candhi iki diyakini ana gegandhengane karo anane prasasti Dinaya (Dinoyo) kang tinulis ing taun 682 Ç utawa taun 760 AD. Adoh banget sadurunge Ken Angrok jumeneng dadi ratu ing Singhasari. Uga isih menang tuwa adoh yen katandhing karo Mpu Sindhok nalika mboyong kraton Medhang I Bhumi Mataram menyang Medang I Tamwlang. Mpu Sindhok madeg dadi ratu ing Medhang taun 851 - 869 Ç (929 – 947 AD).
Prasasti Dinaya mratelakake yen Prabhu Gajayana dhawuh supaya mbangun wewangunan (candhi) kang endah dipisungsungake marang Resi Agastya (Siwa Mahaguru, Bathara Guru (?)) kang agung lan suci, kanggo nglebur mungsuh-mungsuhe. Ya prasasti Dinaya iki kang sepisanan nyebut jeneng Resi Agastya.
Asal usule jeneng “Badhut” kurang cetha. Ana sawetara panemu sing mratelakake:
1.      Wong-wong sakiwa tengene kono ngarani yen jeneng Badhut saka tembung wit badhut utawa badhutan sing akeh thukul ing desa kono. Wujude wit badhut kaya kang kacetha gambar ing ngisor.

2.      Miturut Poerbatjaraka tembung badhut asale saka basa Sangskerta “LIÇWA” asmane ratu Gajayana nalika isih timur kang tinulis ing prasasti Dinoyo. Tembung Sanskerta “LIÇWA” tegese tukang joged utawa penari utawa ing tembung Jawa dadi badhut. Prabhu Gajayana iku putrane Prabhu Dewa Simha, sawijining ratu kang misuwur ing negara Kanjuruhan, sing patilasane ana ing dhukuh Kejuron.
3.      Miturut Van der Meulen, tembung badhut saka tembung BHA lan DYUT. Bha tegese Agastya (Agastya utawa Agasti jenenge lintang kang paling padhang ing langit sisih kidul ing rasi lintang Carina, Bintang Canopus), dyut tegese sorot. Bhadyut tegese soroting Agastya.
Candhi Badhut ditemokake sepisanan dening sawijining kontrolir bangsa Walanda kang jenenge Maureen Brecher ing taun 1921. Kahanane candhi ketutupan wit-witan kang rungkud banget. Ing taun 1923 B De Haan nggawe laporan menyang pamarentah Walanda, sabanjure dianake pemugaran (restorasi) ing taun 1925 - 1927. B de Haan ora ngira yen bakal bisa ngrampungake restorasi mau. Nanging dheweke wis bisa nggambar kira-kira kepriye wujude candhi iku. Nalika candhi iki didhudhuk, diweruhi yen candhi iki satemene wis ambruk utawa rusak banget, mung sikile candhi wae sing isih katon wutuh.

Ukuran candhi 17,27 m X 14,04 m. Madhep mangulon. Candhi iki digawe saka watu andhesit. Watu-watu kang digawe candhi gedhene ora racak, ana sing gedhe ana sing cilik. Gedhe cilik campur dadi siji. Sing isih katon mung sikil, sarta awake candhi. Dene payon candhi wis ora bisa didandani maneh sanajanta isih akeh watu–watu tilas candhi kang ditumpuk ing platarane candhi.
Awaking candhi awujud majupat pesagi, ukurane 7,50 X 7,40 meter, dene dhuwure 3,62 meter. Tumuju menyang jero candhi sepisanan ana tlundhakan kang minangka selasar candhi mubeng, banjur munggah menyang undhak-undhakane candhi. Undhak-undhake ana 8 (wolung) trap. Ing kanan kiringe ana tebeng kang wujude mlengkung. Ing tebeng sisih lor ana ukiran awujud manuk kang mencok ana ing kembang terate. Samono uga ing tebeng sisih kidul. Ing pucuke lengkungan nganggo ukel lan ana pepethan sirah naga. Dhuwure sikile candhi 1,30 meter. Ing sadhuwuring sikil candhi ana selasar ngubengi candhi. Sadurunge mlebu menyang senthong gedhe (garbhagraha) kang isi lingga lan yoni, luwih dhisik mlebu emperan (penampil) ing ngarepe. Ambane garbhagraha 3,45 X 3,45 meter. Sakiwa tengen senthong mau ana senthong (relung) cilik kang ing dhuwure ana ukiran Kala kang tanpa lambe lan uwang (rahang) ngisor.

Candhi iki kalebu candhi agama Hindhu. Awake candhi nduweni ukuran 7,50 X 7,40 meter. Ing awake candhi iki senthongan-senthongane (bilik). Senthongan kang paling gedhe (garbhagraha) isi lingga lan yoni. Dene senthongan liyane kang ukurane luwih cilik mesthine isi reca. Ing sisih kulon mesthine isi reca Mahakala lan Nandiswara, sisih kidul reca Resi Agastya, sisih wetan reca Ganesha, dene sisih lor reca Durga Mahisasuramardini. Reca Durga Mahisasuramardini ing candhi Badhut iki nduweni tangan cacah wolu. Reca-reca mau wis ilang, kajaba reca Durga Mahisasuramardini ing sisih lor.

Wujude candhi iki kaya utawa niru candhi-candhi Jawa Tengahan, katitik saka wujude gegambaran Kala ing sadhuwure plawangan. Kala mau ora nduweni uwang (rahang) sisih ngisor. Wujude lan cakriking candhi iki memper karo candhi Gedhong Sanga (Gedong Songo) ing Jawa Tengah. Ukiran pepethan iki isih katon prasaja banget. Ora pati ngremit kaya candhi-candhi Jawa Wetanan liyane. Ing awaking lan sikile candhi ora ana ukiran utawa pepethane (ornament), mung katon polos, mula wujude candhi isih katon prasaja banget. Candhi-candhi Jawa Wetanan liyane lumrahe wujude cangkem Kala jangkep, lambe dhuwur lan lambe ngisor. Cakrik candhi Jawa Wetanan ing awaking candhi sugih rerenggan lan gegambaran. Mula para ahli ngarani yen candhi Badhut iki “candi peralihan” antarane langgam Jawa Tengahan menyang Jawa Wetanan. Ing sangarepe candhi Badhut ana wewangunan candhi perwara (candhi pengiring) nanging sing katon kari pondhasine wae.
Kahanan candhi Badhut sing saiki bisa kita deleng yaiku asil restorasi sing dianakake dening Suaka Peninggalan Sejarah dan Purbakala Provinsi Jawa Timur taun 1990 nganti teka 1993.

Pengikut

Matur Nuwun ...