Kamis, 15 November 2012

PATILASAN KRATON MAJAPAIT (1)



Negara Majapait didegake dening Raden Wijaya kanthi jejuluk Kertarajasa Jayawardhana. Kawitan punjere kraton utawa kutha raja Majapait ana ing desa Tarik. Tembung Majapait dijupuk saka arane wit-witan kang akeh thukul  ana papan  kono  yaiku  wit maja sing rasane pait mula Negara mau banjur dijenengi Majapait.
Negara / kutha raja Majapahit sawijining kutha kang gedhe kang subur lan  makmur , kaya kang dikandhakake dhalang : Negara kang ngungkuraken pagunungan, jalaran Negara Majapait dibangun ing tanah ngare (warata) ana ing buntute gunung Penanggungan, gunung Welirang lan gunung Anjasmara. ngeringkane benawi , yaiku ing tepine kali Brantas. Ngayunaken bandaran agung, kang mapane kira-kira ana ing Ujung Galuh. Gemah ripah loh jinawi kartaraharaja. Uga  katitik saka patilasan-patilasan  sing isih bisa kita prangguli nganti saiki kayata : segaran kang jembar ngilak-ilak, candhi, gapura, makam, lsp.
Kutharaja Majapait jembare kira-kira 11 km X 9 km, wiwit saka  wilayah Kecamatan Trowulan lan Sooko ing kabupaten Mojokerto nganti kecamatan Mojoagung lan Mojowarno ing kabupaten Jombang.



Yoni Gambar dinuga minangka wates kutha raja Majapait ing sisih kidul, mapan ana ing Desa Japanan, Kecamatan Mojowarna, Kabupaten Jombang.


GAPURA WRINGIN LAWANG.


Gapura Wringin Lawang mapan ana ing desa Jatipasar, kecamatan Trowulan , Kabupaten Mojokerto. Gapura Wringin Lawang digawe saka bata, dene undhak-undhakane digawe saka watu. Wujude Gapura Wringin Lawang arupa candhi bentar yaiku candhi sigar (candhi sing ora nganggo payon) . Ukuran candhi yaiku  dawane 13 m, jembar 11,5 m lan dhuwur 15,5 m. Lan ambane lawang (antarane kiwa lan tengen) 3,5 m.
Saka panaliten arkeologis ing plataran sisih kidul kulon ditemokake sumur cacah 14. Wujud sumur ana sing bunder , ana uga sing kothak. Sumur kang wujude bunder digawe saka bata bengkok, dene wujud sumur kothak digawe bata lumrah. Ana uga sumur bunder sing digawe saka “jobong” yaiku “bis beton” sing digawe saka terakota yaiku lempung sing diobong.
Gapura Wringin Lawang minangka lawang kanggo mlebu ing  sawijining papan kang nganti saiki durung diweruhi.

Selasa, 06 November 2012

Layang Saka Alibasah Pengalasan Marang Kolonel Cleerens.


Ing ngisor iki tuladha basa krama kang kanggo nalika jaman Perang Diponegoro taun 1825 - 1830.


Serat saha ingkang tabe akathah – kathah Rahaden Ngapdullatip Ali Basah Pengalasan , sayogi katur ing Kanjeng Tuwan Kurnel Keleres, sah ing kadya sapunika awiyosipun , Tuwan Kurnel amundhut priksa dhumateng kula , menggah ingkang dados kersanipun Kanjeng Soltan Jawi , saha awit ingkang rumiyin , mila sumediya mangun luhuripun agami Islam ing tanah Jawi  sedaya, saupami nanggiya perangipun kaliyan bongsa Kumpeni dipun dikaken milih salah satunggil . Ingkang rumiyin bilih bongsa Kumpeni, teksih remen dados prajurit, tedhenipun lulus ingkang ageng-ageng boten ewah kalenggahanipun, dados pedhangipun ing agami. Ingkang kaping kalih bilih bongsa Kumpeni, teksih kraos ing tanah Jawi, ananging remen merdika ,merdagang kimawon, dipun panci  sabin saleksa, sawerninipun Kumpeni  griya ngalempak dados satunggil , wonten tanah ing Pasisir ler sadaya. Ingkang kaping tiga bilih bongsa Kumpeni , remen mantuk dhateng ing tanah negari Welandi, sami-sami anglanggengaken pasedherekan  kimawon, remen barang dandosanipun bongsa Jawi , pinten regenipun mukakat Kumpeni inggih angeyatrani , utawi bongsa Kumpeni remen sabin tanah Jawi , pinten mukakatipun inggih amajegi. Ingkang kaping sekawan bilih bongsa Kumpeni , remen mangsuk agami rasul, tedha kalenggahanipun boten ewah malah wewah . Samangsa-mangsanipun Tuwan Besar kepanggih kalayan Soltan Jawi, hurmat taklim saha bilih reraosan Soltan Jawi kaliyan kula , utawi-utawi dhateng Basah-Basah sedaya, menggah penggungungipun dhateng bongsa Kumpeni sanget genipun eram,. Ingkang dipun eramaken inggih sebarang kimawon , saha awit temen-temen kendel teteg terengginas tanggen keras kebat cukat , andhap asor batin inggil, berbudi berdonya manah tetep leres, lembat agal alus sampun kinawruwan sedaya, dipun upamekaken prajurit  luwih, sinelir ing Allahu Tangala, punika Tuwan angsrin kerep dipun erang-erangaken dhateng ingkang abdi-abdi sedaya.
Saha kula sampeyang dikaken nginten-nginten , menggah kersanipun sapunika , saweg dugi-dugi kula piyambak, bilih serat kula sampun dumugi panggenanipun Rahaden Dipati, saupami sarengan kalayan seratipun Basah Prawiradirja , kados Soltan Jawi ragi gumujeng sakedhik , ingkang malih kula kaliyan Basah Prawiradirja , dipun westani rebat ducung pados pekandelan sedayanipun, saha bilih boten  seratipun Basah Prawiradirja , saweg larasipun kula dipun dukani sakedhap , inggih nedha kendelipun perang, Kanjeng Tuwan Besar boten pareng, ananging kinten kula lajeng dipun rembag sayektos, lepatipun utusan inggih mangsuli serat, dados utusan dadosa mangsuli serat , menggah ijemanipun Tuwan , saweg pendugi kula piyambak , sanesipun ing agami, kados mundhut tanah siti Sala Yoja, gejawi tanah siti ingkang gebawah Gupernemen , saha patrap keratin kinten kula , boten purun kajungjung utawi printah ing Kanjeng Tuwan Gupernemen , anjawenipun sami-sami supeket tetanggan sedherekan, upamanipun lare jothakan wawoh, boten mrintah boten dipun printah, widening tatananipun mangun luhuripun agami punika Tuwan, anjawenipun Kumpeni, awit sawrenenipun lare ngakil baleg sapenginggil , sami dipun predi nrangkep  kala, jawenipun kala punika nicil sambutan , saupami siti tanah Rema, wonten rajanipun bilih purun anglampahi sembayang, utawi purun merdi pawong – rencangipun anglampahi sembayang sedaya, inggih lulus genipun nama raja wau, boten wonten kawis-kawisipun punapa-punapa , samangsanipun boten purun anglampahi sembayang inggih dipun salini, saupami boten dipun salini pesthi dipun gitik perang.
Saha pandugi kula Tuwan, Soltan Jawi punika bilih boten gedugen, angsalipun niyat kajat mangun agami, dipun lampi kondur dhateng Rahmatollah, ingkang punika Tuwan lepat kula ingkang agung maklum sampeyan.
Sinerat ing malem Akat ping limalas ing wulan Jumadelakir , ing taun Jimawal warsa 1757.

Dipethik saka : Ekologi Kebuyaaan Jawa & Kitab Kedung Kebo, Dr Peter Carey.

Pengikut

Matur Nuwun ...