Rabu, 23 Mei 2018

AWAR-AWAR


Ana unen-unen kang magepokan karo awar-awar yaiku ngaup godhong awar-awar. Ngaup godhong awar awar arupa paribasan kang tegese wong golek pangauban marang wong kang ora nduweni panguwasa.
Awar-awar kalebu krandhahe wit waringin warga suku Moraceae. Thukul saenggon-enggon ora ditandur  manungsa. Basa Latine Ficus septica. Urip nganti 1800 meter saka lumahe segara. Dhuwure antarane 1-5 meter, nanging ana uga kang dhuwure bisa nganti 25 meter. Godhonge amba awarna ijo, lonjong, pok godhong rada bunder pucuke rada lancip. Gagange 2,5 – 5 cm selang-seling utawa adhep-adhepan. Balungan godhong semu rada putih
Kasiyate: Tlutuh kang metu saka wit, pang utawa oyod bisa kena kanggo tamba wong kang karacunan utawa lara weteng. Jenenge ing basa daerah awar-awar (Jw, BI), bar-abar (Madura) ki ciyat (Sunda). Tlutuhe metu saka wit, pang utawa saka oyode. Awar-awar tinemu ing tlatah wiwit saka Taiwan, Malesia (kajaba Semenanjung Malaya), kapuloan Solomon engga Vanuatu, lan Australia sisih lor. Woh awar-awar dadi pangane codhot, lan codhot mau uga mencarake wiji awar-awar. (Sumber : Wikipedia).

Tidak ada komentar:

Pengikut

Matur Nuwun ...