Senin, 23 November 2015

PRASASTI KAMALAGYAN




Prasasti yaiku piagam utawa dokumen kang ditulis ing barang ora gampang rusak, kayata : lempengan tembaga utawa watu item. Ngelmu kang nyinaoni bab prasasti diarani epigrafi. Kanggone ngelmu sejarah prasasti dianggep sumber kang penting jalaran bisa menehi katrangan ngenani wektu lan urutan  sawijining kedadean,  saliyane buku lan tulisan-tulisan saka negara manca.
Salah sijine prasasti kang ditemokake ing tanah Jawa yaiku prasasti Kamalagyan. Prasasti Kamalagyan nganti saiki iki isih manggon ana panggonane sakawit (in situ) nalika didegake dening Prabhu Airlangga kang angedhaton ing Kahuripan yaiku ana ing dhukuh Klagen, desa Trapadha (Tropodo) kecamatan Krian, Kabupaten Sidoarjo. Tembung Klagen asale saka tembung Kamalagyan kaya kang katulis ing sajroning prasasti.
Wong-wong ing sakiwa tengene prasasti kono ngarani prasasti iki “Watu Manak” jalaran ing sacedhake prasasti iki ana watu ngadeg kang luwih cilik. Wong-wong ngira watu cilik mau anake watu kang gedhe ,  mula banjur diarani prasasti watu manak.
Prasasti Kamalagyan  iki digawe saka watu andhesit (watu item) kanthi ukuran ambane 115 cm, kandele 28 cm, lan dhuwure 215 cm. Ditulis nganggo aksara lan basa Jawa Kuna.

Prasasti Kamalagyan ditulis minangka dhawuh saka  Prabhu Airlangga ing taun 959 Ç (1037 AD) ing dina kapisan wulan terang, ing wuku dungulan (galungan) kanggo mengeti panggawene bendungan utawa dhawuhan ing Waringin Sapta. Waringin Sapta  kena dipesthekake dadi dhukuh Waringin Pitu kang saiki kalebu ing desa Bakalan, kecamatan Balongbendha, kabupaten Sidoarjo, Jawa Wetan. Dohe saka Klagen kira-kira 6 km.
Kali Brantas arupa kali sing paling gedhe lan paling dawa ing wewengkon Jawa Wetan. Ing jaman Prabhu Airlangga kali Brantas ing mangsa rendheng  asring banjir kang ndadekake susahe para kawula saurute Kali Brantas kaya ing desa-desa Lasung, Palinjoan, Sinjanatesan, Panji Ganting, Talang, Desa Pangkah, Pangkaja. Banjir uga ngrusak desa-desa perdikan, Kala, Kalagyan, Thani Jumput. Wihara, papane para leluhur, papane para hyang , patapan-patapan, kutha gedhe, papan panginepan lan candhi Icanabhawana ing Surapura.
Anane banjir iki ngurangi asil lan pajek kang mlebu kas negara. Kanggo nanggulangi banjir Prabhu Airlangga banjur mrentahake supaya warga Waringin Sapta nggawe bendungan utawa dhawuhan ing kali Brantas. Satemene warga Waringin Sapta dhewe ora pisan pindho  nggawe  tanggul nanging ora bisa ngentasi gawe. Bab iki bisa dideleng saka unine prasasti Kamalgyan larik ka 10

“ ….. dumadyakan unanikan drabyahaji mwan hilanakan carik kabeh, apan durllabha kawnanani katambakanikan banawan amgat de parasamya makabehan tan pisan pindwa tinambak parasamya ….”
Tegese : “ ….. ndadekake kuranging kagungane sang ratu sarta ngilangake / ngrusak sawah , jalaran angel bengawan iku ditambak misah dening para kawula  kabeh, ora pisan pindho ditambak dening para kawula …”
Bendungan digawe  kuwat lan santosa, iline kali Brantas didadekake telu,  mili mangalor. Yen saiki, kali telu mau yaiku Kali Porong iline mangetan ngliwati kutha Porong, kali Purboyo saurute dalan Balongbendo (Krian –Mojokerto) kanggo pengairan wilayah Sidoarjo, lan Kali Mas . Kali Porong mecahe ana ing dham Rolak Sanga dene Kali Mas misahe ana ing dham Mlirip.  Kali Mas iki anjoge ing Supitan Madura ing Ujung Galuh kang ngliwati  Surabaya. Kali Mas iki saiki dadi salah sijine sumber banyu pet (air minum) kutha Surabaya. Nnaging ana panemu yen mapane bendungan mau ana dhukuh Waringin Pitu kang saiki iki.

Sawise bendungan dadi, para kawula, para among tani, sudagar, pedagang  padha seneng atine. Para tani bisa nggarap sawahe jalaran ing mangsa ketiga sawahe ora kurang banyu, dene ing mangsa rendheng ora kebanjiran . Para pedagang kang numpak prahu saka pulo liya bisa lelayaran lan golek momotan kanthi kepenak , nglumpuk ing Ujung Galuh. Ujung Galuh dadi bandar gedhe.
Kanthi anane tembung Ujung Galuh disebutake ing prasasti Kamalagyan iki , taun adege prasasti didadekake dhasar dumadine kutha Surabaya.  Dadi, kutha Surabaya saiki wis umur 978 taun.
Kanggo ngawekani supaya bendungan ora dirusak dening wong kang ora seneng, Sang Prabhu Airlangga banjur  mrentahake supaya bendungan padha dijaga. Carane yaiku wong-wong utawa para kawula didhawuhi manggon utawa nggawe omah ing sacedhake bendungan. Desa Waringin Pitu banjur didadekake desa perdikan.
Katulis ing larik 3-4 :
nacura, i pinsomyajna cri maharaja kumonakinikan ramajataka i kamalagyan sapasuk thani kabeh, thani watek pankaja, atagan kalpurambi, gawe ma 1 masawah tampah 6 hinajyan ma su 10 ku 4 len.
drbyahajinin gaga, kbwan paserehan, ika rin lwah, renek, tpitpi, wulu-wulu prakara kabeh, pinda samudaya ma su 17 ma 14 ku 4 sa 4 yatika inandoan patahila drabyahaji ma su 10 arkan asuji masa …”
Tegese “ …nacura, dhawuh kanjeng ratu marang tetuwane jataka ing Kamalagyan kalebu tanah kanggo tetanen tanah ing wewengkon pangkaja kang kalebu kalpurambi asile yaiku 1 ambane 6 tampah yaiku 10 masa suwarna, 4 kupang, dene liyane …
…. Tanah pagagan, kebon, paserehan, kali, rawa, pinggir-pinggir lan tanah liyane kabeh 17 masa suwarna, 14 masa, 4 kupang , 4 satak ditetepake minangka pajeg 10 masa suwarna ing wulan asuji …”
Sang Prabhu Airlangga dhawuh yen pajeg tanah ing Kamalagyan dikurangi minangka gantine njaga lan ngrumat bendungan.
Akehe pajeg kang kudu dibayar yen dikerta aji dadi :
1 tahil = 1 suwarna = 1/16 kati emas = 16 masa = 64 kupang
1 suwarna = 38, 601 g
1 masa = 2,412 g
1 kupang = 0,603 g

UNINE PRASASTI KAMALAGYAN :
1.      Swasti Cakawarcatita 959 marggaciramas, rthi pratipada cuklapaksa, pa, pe, cu wara dunulan (graha) cara bayabyastha, destanaksatra cakragni dewata, dhriyoga, wawakarana, irika diwacanyajna cri.
2.      maharaja rake hulu cri lokecwara dharmmawanca airlangganama prasadottungadewa, tinadah rakyan mahamantri i hino cri sangramawijaya prasadottungadewi, uminsor i rakyan kanuruhan pu dharmmamantri narottamajana.
3.      nacura, i pinsomyajna cri maharaja kumonakinikan ramajataka i kamalagyan sapasuk thani kabeh, thani watek pankaja, atagan kalpurambi, gawe ma 1 masawah tampah 6 hinajyan ma su 10 ku 4 len.
4.      drbyahajinin gaga, kbwan paserehan, ika rin lwah, renek, tpitpi, wulu-wulu prakara kabeh, pinda samudaya ma su 17 ma 14 ku 4 sa 4 yatika inandoan patahila drabya naji ma su 10 arkan asuji.
5.      masa i cri maharaja magilinlinan tanpak tanpa pada panleyo, tanpa pagaduh, tanpa pilihmas len drabyahajinin kalagyan sadanan ma su 2 ma 10 milu nandeh matahila ma su 2 kakala.
6.      nan madrabyahaji ma 1 ku, inandeh matahila drabyahaji ma 1 ateher tan kna rin pintapalaku buncan haji turunturun sakupan sanak syukha duhkha magon madmit denikan wargga hatur, wargga patih, mawan jurunin ka-.
7.      lagyan ranu rin dharmma, kewalanemwa drabyahaji in sima dawuhan i kamalagyan rin tambak rin warinin sapta juga paranahaya kalih, sambandha, cri maharaja madamel dawuhan rin warinin sapta lmahaikan anak thani kamala.
8.      gyan punyahetu tan swartha, kahaywaknanin thani sapasuk hilir lasun palinjwan, sijanatyesan panjigantin, talan, decapankah, pankaja, ika rin sima parasima, kala, kalagyan, thani jumput, wihara ca.
9.      la, kamulan parhyanan, parapatapan, makamukya bhuktyan, ran hyan dharmma rin icanabhawana manaran i surapura, samankana brebnikan thani katahan kadedetan cariknya denikan kanten tmahan benawan amgat ri wa-.
10.  rinin sapta, dumadyakan unanikan drabyahaji mwan hilanakan carik kabeh, apan durllabha kawnanani katambakanikan banawan amgat de parasamya makabehan tan pisan pindwa tinambak parasamya.
11.  ndatan kawanan juga parnnahnya, samankana ta cri maharaja lumkas umatagakn ikan tanaya ri thani sakalra deni kerke mritapa cri maharaja, inatag kapwa panraba mabujcanhajya madawuhan sampun ta siddha kadamla.
12.  nikan dawuhan de cri maharaja, subaddhapagen huwus pepet hilinikan banu ikan banawan amatlu hilinyanalor, kapwa ta sukha manahikan maparahu samanhulu manalap bhanda ri hujun galuh ika.
13.  rikan para puhawan prabanyaga sanka rin dwipantara, samanunten ri hujun galuh ikan anak thani sakawahan kadedetan sawahnya, atyanta sarwwa sukha ni manahnya makanta kasawaha muwah sawahnya kabeh an pinunya.
14.  n tinambak hilinikan banawan amgat ri warinin sapta de cri maharaja, dawuhan cri maharaja parnnahnikan tambak rin warinin sapta, samankana ta cri maharaja hanananan ri tan tguhanikan dawuhan.
15.  deni kwehnikan wwan mahyun, manlbura n yaca, ri sdananya n tan ringin raksan parnnahnya umahana, matanyan anak thani i kamalagyan tka kalagyanya katuduh momaha i samipanikan dawuhan wrinin sapta.
16.  an sima dawuhan cri maharaja parnnahnya umiwya ikan pamananasa kahaywakna san hyan dawuhani ateher panandeh drabya haji ma su 10 ilan i kamalagyan, tahilaknanya i cri maharaja ankan asuji ma-.
17.  sa, kapangiha rin warinin sapta, ikan kalagyan sandunan milu inandeh matahila drabyhaji ma su 2 kapangiha rin tambak denikan wargga hatur ankan asujimasa, kabalanan manadeh I kapangiha rin tambak.
18.  denikan wargga patih, pirak salumari ri decanya patahilanya tan piriten, dalanya lmahnya dinawuhan cri maharaja, dumadyakan krtanin rat, mwan punarjiwani bbuktyan san sarwwa dharmma, sima parasima, kala kalagyan.
19.  thani jumput, wihara, cala, kamulan, palyanan para patapan kabeh, makateweka pandiri cri maharaja makadatwan i kahuripan, an sira saksat sumiram irin rat kabeh rin anuragamrta mahudanakan kirtti, u-.
20.  manun sakaparipurnnaknakna san hyan sarwwa dharmma, ri pamepegni kayowananiran siniwi ri yawadwipamancala, hetuairan panglrakan dharmmakucalamula, tirutirunin rat kabeh, kapwa magawaya yaca, apan mankana sawabhawanikan.
21.  sira ratu cakrawartta, umanun pamangiranikan rat hita pratidina, panlingananikan sabhuwana ri tan swantha kewala cri maharaja, yawat kawanunanin yaca donanya, an kapwa kinalimban juga denira, sahana san hyan sarwwa dharmma ka-
22.  beh, mankana karanikan i kamalagyan an sinima de cri maharaja, wineh makmitana pracasti munwin titik wunkal mwan katmwani drabyahaji ni kala kalgyan in sden madawuhan i kamalagyan rin tambak ri warinin sap-
23.  ta denikan wargga hatur mwan wargga patih mapangiha pageha kaliliranani wka wetnya hlam tka ri dlahanin dlaha, an sima dawuhan cri maharaja parnnahnya, nayaka pratyaya tka rin pinbai wahuta ra. (sateruse tulisan Prasati wis ilang).
(Sumber : Alang-alang Kumitir)

Tidak ada komentar:

Pengikut

Matur Nuwun ...