Jumat, 06 November 2015

PATAPANE DEWI KILISUCI



Dewi Kilisuci iku jejuluke Sanggramawijaya Tunggadewi putra putrine Airlangga nalika mertapa. Sadurunge mertapa Dewi Kilisuci minangka putri sekar kedhaton kang bakal nggenteni kalungguhane Prabhu Airlangga mula dheweke nduweni jejuluk Rakryan Mahamantri. Asma jangkepe yaiku Rakryan Mahamantri  I Hino Sanggramawijaya Dharmaprasada Uttunggadewi. Jejuluk iku katulis ing prasasti Cane (943 C =1021 AD) lan prasasti Turun Hyang I (958 C =1036 AD). Jalaran ora gelem dadi ratu Dewi Kilisuci milih mertapa ana ing gunung Pucangan.

Ing prasasti Pucangan (959 C = 1037 AD) mratelakake yen Prabhu Airlangga dhawuh mbangun patapan ing gunung Pugawat (Pucangan ?) sawise bisa ngalahake mungsuh-mungsuhe. Pratelan mau bisa dideleng ing alih aksarane prasasti Pucangan sarta tarjamahe ing basa Walanda dening Prof Kern (VG VII), kang unine mangkene :

32 …. heeft Zijne Majesteit Erlangga nu hij een groot vorst geworden was, aan helling van den heerlijken berg Pugawat eene heilige kluizennarij laten maken, hetzij om de goden gunstig te stemmen en te bevredigen

Ing basa Indonesia

32 …. Sri paduka Erlangga kini menjadi raja besar memerintahkan agar dibuatkan sebuah pertapaan suci di lereng gunung Pugawat yang indah lagi menyenangkan , baik untuk menunjukkan kekuasaannya maupun karena kesetiaan akan janjinya yang tidak dapat dilanggar demi memuaskan dan menyenangkan para dewa. (Vernika Hapri Witasari)

Ana panemu yen prasasti Pucangan ditemokake ing Pucangan sawijining papan kang ana ing ereng-erenge gunung Penanggungan, Kabupaten Mojokerto, Jawa Wetan. Prasasti iki ditemokake ing jamane Raffles dadi gubernur pemerintahan colonial Inggris ing Batavia. Prasasti kasebut banjur dikirimake menyang Gubernur Jendral Lord Minto ing Calcutta, kang nganti saiki isih disimpen ana ing Museum India ing  Calcutta. Mula prasasti kasebut uga diarani Calcutta Stone.

Manut crita masyarakat, ing gunung Pucangan, desa Cupak kecamatan Ngusikan kabupaten Jombang uga ditemokake patilasane Dewi Kilisuci. Perlu dikawuningani yen gunung Pucangan iki kalebu urute pegunungan Kendheng. Patilasan iki mapan ing satengahe alas jati kang kalebu KPH Mojokerto. Pancene miturut sejarah, kabupaten Jombang nalika samana sadurunge taun 1910 kalebu wewengkon Mojokerto, sawise taun iku banjur madeg kabupaten dhewe.  Apa sing dikarepake Pucangan iki kang ana ereng-erenge gunung Penanggungan, apa Pucangan kang ana ing gunung Kendheng kabupaten Jombang  ?

Ing sacedhake patilasane Dewi Kilisuci (pucake punthuk) ana lingga (lambang kesuburan, lambang planangan ) cacah loro. Ing antarane siji lan sijine lete (jarak) kira-kira rong puluhan meter. Ing sacedhake lingga ana kuburane Maling Cluring, yaiku maling sekti mandraguna, bisa ngilang, kang tansah mbiyantu para kawula kang kesrakat uripe.

Papan patilasan iki saiki isih akeh sing padha nekani saperlu jiyarah utawa saperlu nenepi ing kono, utamane wong-wong saka wilayah Mojokerto, Jombang, lan Lamongan. Rame-ramene wong jiyarah yaiku ing malem Jemuah Kliwon.

 

Tidak ada komentar:

Pengikut

Matur Nuwun ...