Senin, 10 September 2012

Parikan (5)


Godhong cengkir dianam,
kopi sacingkir lungguhe telung jam.

Pitik walik saba embong,
 mikir dhisik lagi omong.

Pitik tukung saba alas,
wis kadhung ya bablas

Pitik cemani dinggo sesajen,
timbang dilarani luwung urip ijen

Rokok klobot taline lawe,
digawe abot ana sing nduwe.

Taline lawe rupane abang,
ana sing nduwe trima nyawang.
 
Rupane abang ditali telu,
trima nyawang sirahe ngelu.

Ditali telu taline pedhot,
sirahe ngelu cemot-cemot.

Taline pedhot rokoke udhar,
cemot-cemot nganti modar.

Wong liya luwih gemati,
esuk plenong nggawekke kopi

Nggaweke kopi kopine tubruk,
nyruput kopi karo watuk

Nyruput kopi karo watuk
mertua liwat disawat gethuk

Mertua liwat disawat gethuk,
mertua jengkel ngamuk amuk

Mertua jengkel ngamuk amuk,
mantu minggat goleki ra kepethuk

Goleki ra kepethuk
mantu edan umpetan nang cakruk

Nang cakruk medang ginastel,
parikan mbilung pun mangga dipunggel.

Tali lawe iki jebule bolah,,
Tali bolah di anggo layangan.
Wis suwe olehe sekolah,
Ora munggah jebule kakehan YANG YANGAN

Rokok klobot taline lawe,
 wis kadhung mbobot ya wis ben wae wong ana bojone.

Timun emas dipangan buta ijo,
aku lho mas ora duwe bojo

Buta ijo kathoke lorek,
duwe bojo milih sing tuwek

Kathok lorek merak ati,
nadyan tuwek waton tresna mati

Merak ati yen mesem ngguyu,
tresna mati ayem atiku

Mesem ngguyu ketok untune,
sing ditunggu golek liyane

Ketok untune klambine jambon,
golek liyane sing enom

Klambine njambon nganggo kacamata,
sing enom sing luwih rosa

Nganggo kacamata rupane ireng,
luwih rosa ya luwih nggantheng.

Rupane ireng kaya lutung,
wong ngganteng nggarai lara jantung.

Kaya lutung menek jambe,
lara jantung ora enek tambane

 
Parikan dikopi saka grup facebook "WONG JAWA NJAWANI".

6 komentar:

paromo suko mengatakan...

iwak bandeng cumak mek siji
rupane nggantheng, sandhale dipeniteni

(kartolo - taun 70-an)

Sugeng Kariyodiharjo mengatakan...

Matur nuwun rawuhipun mas Paromo. Dangu boten ngenet inggih ?

paromo suko mengatakan...

inggih rama guru, sawatawis wekdal nembe nganglang jagad alit ...
kepareng sowan rama ....

Selamat Berkunjung mengatakan...

Blog sae,.
Kunjungi Balik & Follow Back :-)
Matur suwun...
http://aakkuucintaindonesia.blospot.com

Kombor mengatakan...

bu paka agi kerikan, aku teka entuk parikan

mawaradi mengatakan...

enak tenan.......

Pengikut

Matur Nuwun ...