Ana bulus celathu marang kancil, tembunge : “
Aku ora maido, yen kowe pinunjul ing playu, kang ananging ayo ,padha balapan,
sapa kang ndhisiki tekan wekasaning ara-ara iki.”
Tembung mangkono iku ingatase si kancil
padhane angecemong, ewadene pangajake mau di rasa aneh, mulane dituruti.
Nuli bulus enggal miwit lumayu, kancil
ngenakake dhedhe, ciptane : “ si gumremet kareben mempis - mempis, aku wus mesthi ora rekasa bisa anjujul,
aku mencolot ping telu utawa ping pat bae, wus tamtu bisa nglancangi kewan
nglemer kuwi” saya adoh olehku ngaceki aya ndadekake kocapku.
Ing nalika samana bulus meh tekan ing wates.
Kancil isih sareh ing sawatara, bareng
tumandang arep anjujul , weruh yen meh kasep awit dening talompene, ewadene
isih anduweni pangarep – arep menang sarana cukating lumpate.
Enggal lumayu rikate prasasat angin, ananging
tanpa gawe, awit bulus wus ndhisiki tekan wekasaning ara-ara, dadi kancil
kalah.
Eliding dongenge mangkene : wong iku sanajan
terang budine, elingana, tuwin titis ing ciptane yen ora tengginas ing
samubarang gawe, mesthi kedhisikan ing liyan, iku kang amek kauntungane.
Dipethik saka : Layang
Sato Kewan, CF Winters
Tegese tembung :
pinunjul = linuwih,
luwih saka pepadhane
ara-ara =
palemahan jembar kang ora ditanduri
ngecemong = angger ngomong
ewadene = sanadyanta
ngenakake = ngenak-enak ,
tumindak sakarepe
dhedhe =
kekaring ing panasan
gumremet = mlaku sing
rindhik banget.
nglemer = ora cukat
tandang tanduke
kacek = ora
padha, beda
talompe = tlompe,
randhat, remben
cukat =
trengginas, sarwa rikat tandang tanduke.
budi = 1.
pikir, nalar 2. golek, ngrekadaya 3. watak
4. polah arep oncat, ora manut
budi arda = kekarepam
terang budine = terang nalare,
pinter.
amek = 1. njupuk
2. golek.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar