Minggu, 19 Juni 2011

GRAHANA

Apa sira ora rumangsa,
lamun iku pratandha
ilanging rasa kawicaksanan
ilanging rasa kamanungsan
ilanging rasa keadilan
ilanging rasa kajujuran
ilanging rasa rumangsa
karem kerem ing tumindak cidra
kapan
kapan
kapan
bisa waluya jati
apa isih ngenteni pepesthening Gusti ?

surabaya, 17 juni 2011.

1 komentar:

Dirun 13 mengatakan...

Nderek tepang nggih Pak Ugeng...
Kulo lare saking cilacap, panjenenganipun bapak sampun uninga menawi basa jawi cilacap kadhos pundi, ugi kulo rumaos kadhos lare ingkang wonten salebeting artikel basa jepang kuna ingkang bapak inggahaken dinten Rabu 04 Februari 2009, dados menawi kathah atur kulo ingkang mboten leres, kulo nyuwun gunging pangapunten ...

Kulo sampun maos artikel basa jepang kuna meniko pak Ugeng, lha kok taksih kathah ingkang dereng kulo angertosi perkawis basa jawi (ngoko, ngoko alus, kromo alus kaliyan kromo inggil) cekakipun unggah-ungguh...

Pak Ugeng meniko kathah pengertosanipun kaliyan menopo kemawon ingkang wonten gegayutanipun kaliyan basa jawi.

Eh, mbok menawi Pak Ugeng kagungan software basa jawi utawi kamus bahasa jawi (ngoko, ngoko alus, kromo alus utawi kromo inggil), menawi kepareng, kulo suwun kanthi sanget Pak Ugeng kerso nginggahaken wonten blog Pak Ugeng..

Matur sembah nuwun sakderengipun..

Pengikut

Matur Nuwun ...