Senin, 28 Maret 2011

SERAT PEPALI KI AGENG SELA (2)

BAB II
ASMARADANA
1.
Poma sira aja drengki, dahwen marang ing sasama, sama den arah harjane, harjane wong aneng dunya, dunya tekeng akhirat, akerate amrih lulus, lulus dennya mengku nikmat.

2.
Nikmat rasaning ati, ati pan ratuning badan, badan iku sajatine, pan iku ingaran kudrat, kudrat karsaning Allah, Allah ingkang Maha Agung, luhur tan ana pepindhan.

3.
Padha kawruhana yekti, yektine ngelmu sarengat, sarengat awit kang gedhe, panggedhening ngelmu nyata, nyatane neng sarengat, sarengat den amrih tutug, tutug marang ing Kakekat.

4.
Kakekate ngelmu jati, jati sagunging upama, upama kang katon kabeh, kabeh iki aneng dunya, dunya timbanging kerat, ngakerat dina ing mbesuk, mbesuk iya dadi dunya.

5.
Dunya dina kang saiki, iki kang aran ngakerat, ngakerate uwong biyen, mbiyen ngarani ngakerat, ya iki ingaranan, arane mungguh ta ingsun, ingsun iki lagi dunya.

6.
Neng dunya kang sugih puji, puji tegese pamuja, muja iku nekakake, nekakake kanikmatan, nikmate badanira, yen sira temen satuhu, tuhu teka dennya muja.

7.
Yen sira muja semedi, pan mangkana pujinira, Robbana aatina mangke, fi dun ya wal kasanatan, wa fil akhirati kasanat, wakina lan malihipun, ngadabannar tegesira.

8.
Pangeran amba sayekti, kawula nyuwun kamulyan, ing dunya mulya salamine, tumekoa ing akerat, kinacekna sasama, salamet teguh rahayu, tebihna siksa neraka.

9.
Sagung wong nemu becik, kang samya anuwun rahmat, kang cukup iku pujine, poma den padha estokna, gelem nora gelema, kajaba kang nora sarju, mangsa borong karepira.

10.
Gusti Allah ngudaneni, marang makhluk sadayanya, kang ala tanapi sae, nadyan rambut para sapta, apan wus nora samar, ala becik mung jinurung, nora pegat ciptanira.


Tegesing tembung :
Poma = mratelakake pakon (piweling) kang kalawan banget
Drengki = meri (melik) marang kabegjaning liyan, ora seneng yen wong liya oleh kabegjan.
Dahwen = seneng nyaruwe (cawe-cawe)
Arja = 1. Reja; 2. Slamet.
Tekeng = teka + ing
Amrih = supaya, murih.
Sajatine = satemene, sanyatane
Pan = 1. Jer; 2. Rak; 3. Ananging.
Kudrat = 1. Panguwasa karsaning Allah; 2. Dhasar (ing watak lsp) ; 3. Alam saisine lan sakaanane; dikodratake : ditakdirake, dipesthekake ing karsaning Allah.
Pepindhan = tetiron, umpama, memper kaya.
Yekti = nyata, terang.
Sarengat = angger-angger pranataning agama.
Kakekat = kanyatan, kang sanyata.
Ingaranan = in + aran + an = diarani
Mungguh = 1. Manggon, dumunung; 2. Mapan, wis prenah banget; 3. Pantes banget, patut
Ingsun = aku, ingong, ingwang
Teguh = 1. Kukuh, santosa, panggah; 2. Kedhot, ora pasah ing gegaman; diteguhi : disentosani, ditanggulangi kalawan sentosa; kateguhan : kadigdayan; teguh timbul : digdaya sarta sugih aji.
Rahayu = slamet, begja, luput ing kacilakan utawa kangsangsaran.
Sarju = condhong atine, kalawan senenging ati
Ngudaneni = meruhi
Tanapi = 1. Lan (utawa) uga; 2. Ananging.
Para = 1. Panerang kang mratelakake akeh, upamane : para bupati, para rawuh lsp; 2. Bage, perang, dipara = dibage, diperang; 3. Ora aden-aden, ala jinise, upamane : piring para, sega para; 4. Pepara (kw) lelungan mider-mider (mbebedhag, cangkrama) lsp; 5. para (kw) = kowe, ...mu, pakenira; 6. Rada .... = kepara; 7. Para = bakul ngedolake mas inten lsp;
Sapta = pitu.
Samar = 1. Katon ramyang-ramyang, ora katon cetha; 2. Durung weruh (ngerti) kalawan terang; 3. mutawatiri, mbebayani; 4. Sumelang, kuwatir, uwas. ; disamar = disamun, dianggo wadi ; ora kasamaran = ora kekilapan, weruh
Pegat = 1. Pedhot; 2. Pepisahan, talak (tumrap wong bebojoan) ; ora pegat = tansah.

2 komentar:

Ki Kombor mengatakan...

Wah... matursuwun diparingi tegesing tembung, Pak Ugeng. Menawi boten wonten tegesing tembung ing ngandhaping sekar, dalem boten ngertos artosipun sekar kanthi paripurna.

Sugeng Kariyodiharjo mengatakan...

Matur nuwun, ki Kombor sampun kersa pinarak.

Pengikut

Matur Nuwun ...