Selasa, 20 Oktober 2009

NYEMAK BASA SUROBOYOAN JTV


Basa Suroboyoan yaiku basa sing dianggo wong-wong ing Suroboyo sakiwa tengene. Basa Suroboyoan arupa sub basa saka basa Jawa.Sub basa apa mung arupa dhialek isih perlu dirembug maneh. Basa Jawa sing saiki diwulangake ing sekolahan-sekolahan Suroboyo isih nganggo basa Jawa cengkok Jawa Tengahan yaiku Sala lan Ngayogyakarta. Miturut katrangan saka Wikipedia basa Jawa iku wiwit taun 1942 wis ora dianggo dadi basa resmi. Nalika samana ing tanah Jawa lagi dijajah bangsa Jepang mula basa resmi sing dianggo (mbok menawa ) ya nganggo basa Jepang. Lan nalika samana wis ana ada-ada nganggo basa persatuan yaiku basa Indonesia sing diikrarake ing taun 1928 nalika anane Sumpah Pemuda. Basa Jawa saiki ngalami kemerosotan, jalaran wis akeh wong Jawa wis ora bisa nganggo basa Jawa kaya dhek satus taun kepungkur. Mula yen ora diopeni bisa-bisa basa Jawa bisa ilang saka lumahing bumi.
Upaya stasiun televisi JTV ing Surabaya ngangkat basa Jawa ing acara pojok kampung perlu diacungi jempol. Jalaran basa Jawa bisa mundhak drajate. Apa maneh jam tayange ana ing jam tayang utama. Paling ora wong-wong dikarepake nate ngrungokake basa sing kaprah ing Surabaya sakiwa tengene. Mung ana cacade sithik panganggone basa Jawa Suroboyoan mau ora dibarengi panaliten dening ahli-ahli basa. Mula ketara yen basa Jawa Suroboyoan mau ngawur lan sakarepe dhewe. Apa buktine ?
Tembung “lara manuk pilek, lara babi pilek” kira-kira tembung mau dijupuk saka tembung “avian flu, pig flu” .Tegese tembung manuk pilek iku manuk sing lagi lara pilek, samono uga babi pilek. Kamangka muturut basa Indonesia utawa basa Jawa mesthine nganggo hukum DM (diterangkan menerangkan). Ora kaya basa Inggris utawa basa Sanskrit sing nganggo hukum MD (menerangkan diterangkan).Mula benere dadi “lara pilek manuk (pilek sing nyerang manuk), lara pilek babi (pilek sing nyerang babi). Penulis nate diprotes murid perkara tembung iki. Wangsulanku : tembung iku ora nurut aturan baku.
Tembung “bedug dobol”. Benere bedug ndrandang.Bedug sing di tabuh ambal-ambalan. Lumrahe sing “dobol” iku silit, silite dobol. Tembung-tembung sing nganggo oyod tembung (akar kata) “bol” yaiku : bol (organe silit, alat kanggo metune kotoran), jebol (tanggule jebol, seseke jebol, karunge jebol), bobol (omahe dibobol maling , tanggule sengaja dibobol, dobol, kobol-kobol (kalah main akeh). Tembung-tembung mau nduweni teges rusak. Dobol tegese organe silit metu , lara ambeien. Bedug dobol tegese bedug jebol.
Tembung “matek”. Bakul janganan matek dirampok. Karna matek, Parti matek. Tembung-tembung mau isih bisa ditrima kuping. Nanging kepriye yen Pak Camat matek, pak bupati matek, pak gubernur matek, presiden matek, kanjeng nabi matek lsp. ? Dilarani akibate lara, dipateni akibate mati (matek). Benere bakul janganan matek dipateni perampok.

Ana tutuge .

1 komentar:

mawaradi mengatakan...

Kula menika menawi ningali JTV namung nggrundel,JTV sayang JTV malang, kok inggih eman sanget pas acara pojok kampung basanipun kok keri wonten kuping. Kamangka wonten Surabaya menika kathah para pangarsa lan sarjana ingkang wasis ing babagan sastra. Mila inggih boten gumunaken menawi lare sekolah basanipun gadho-gadho, boten ngertos unggah-ungguh.... tanggaku matek, kucing matek, Dhadhap matek.....wedhus matek...kados pundi pak Dahlan Iskan.....menapa wonten sponsor khusus pojok kampung

Pengikut

Matur Nuwun ...