Rabu, 18 Januari 2012

DIKUNCI POCONGAN.

Ana unen-unen bocah angon ki luput samubarang kalir, luput sembur. Tansah nemoni slamet sanajan ngambah papan sing wingit-wingit utawa papan sing angker. Kedadean iki wis ana seket taun kepungkur ing Mojoagung
Ana bocah angon telu lagi Yadi, Saipul, karo Saleh padha angon sapine. Anggone angon ana ing sacedhake kuburan desa kono. Wis lumrahe kuburan ana Mojoagung , yen ing kono ana omah-omahan kanggo nyimpen bandhosa. Salah sijine bocah mau, Saipul kandha marang Yadi, “Ayo, Di si Saleh dilebokake bandhosa.”
Yadi ngiyani, “Iya ayo.”
Saipul karo Yadi alon-alon nyedhaki Saleh, banjur disikep arep dilebokake menyang bandhosa. Anehe, Saleh dhewe ora nolak, malah kandha,”Ora apa-apa, aku dakmlebu dhewe.”
Temenan, bocah telu banjur mlebu menyang omah-omahane bandhosa. Saleh njur mlebu menyang bandhosa. Sikile dislonjorake kaya patrape wong mati. Tutupe banjur dikrukubake. Saleh banjur ditinggal mlayu.
Ora suwe, Saleh bengok-bengok,”Tuluuuung, bukaken tutupe. Bukaken tutupe …”
Saipul karo Yadi banjur gage-gage mlayu marani, melu mbukak tutupe bandhosa, nyatane tutupe bandhosa meksa ora kena dibukak. Kamangka bandhosa mau ora ana kuncine. Diangkat bocah loro, tutup mau meksa ora kena dibukak. Saleh malah seru anggone bengok-bengok,”Ndang bukaken, ana pocongaaan. Ana pocongaaan.”
Saipul karo Yadi padha bingung, njur golek kayu semboja mbukak tutup mau. Bareng dijugil nganggo kayu bandhosa kena dibukak. Ora sranta bocah telu banjur mlayu nggendring. Bareng wis rada adoh saka kuburan bocah telu mau banjur mandheg. Ambegane krenggosan.
Sawise rada sareh si Saleh kandha,”Iku mau tutupe digandholi pocongan. Tutup takjejak tetep ora kena dibukak.”
Saipul nyaut,”Mosok, jam telu awan kenthang-kenthang ana pocongan.”
“Kowe ki ora percaya. Aku iki lho sing ndelok.”
“Wis saiki ayo didelok maneh.”
Bocah telu banjur marani prenahe bandhosa mau, bareng dideleng temenan kanyatane engsele bandhosa mau mengsle. Anehe manawa engsele bandhosa mung mengsle , bocah loro - Yadi karo Saipul - kok ora kuwat mbukak ?

Selasa, 10 Januari 2012

OH, TRESNAKU PEDHOT NENG TENGAH DALAN …


Pancene wong tresna iku ora mawang umur, tuwa enom, lanang wadon padha wae. Umur pira wae bisa ketaman sing jenenge tresna. Apa maneh sing ditonton saben dina mung TV sing nyiarake cinta-cintaan. Njur sing nonton kelu, rumangsa kaya-kaya sing digambarake neng TV mau. Sing rada ngrepotake wong tuwa yaiku nalika sing ketaman tresna iki durung cukup umur.
Sing arep dakcritakake iki sawijining prastawa sing kedadean ing sawijining sekolahan ing Surabaya. Ana sawijining murid wadon SMP kelas siji (pitu), dak cekak wae jenenge Cipluk (jeneng singlon) dumadakan semaput ana ing jero kamar WC, Bocah mau banjur dibopong digawa menyang ruang UKS. , Sawise eling banjur ditakoni,
“Kowe mau wis sarapan?” pitakone bu guru marang Cipluk.
“Sampun, bu” wangsulane.
“Njur, kena apa kowe kok semaput?”
Bocah mau mung meneng wae. Dumadakan kancane kenthel Cipluk kandha yen dheweke bubar nampa layang saka pacare. Jarene sesambungane Cipluk lan pacare dipedhot.
“Lho, kowe wis duwe pacar, ta?” bu guru kaget.
Cipluk ditakoni mung meneng wae. Kancane sing mangsuli, “Sampun, bu. Lha niki seratipun.” Bu guru banjur nampani layang banjur diwaca. Sawise diwaca banjur disimpen neng jero laci. Ora suwe bu guru ndangu maneh.
“Sapa pacarmu?” Cipluk ora gelem mangsuli.
“Lare kelas pitu A, bu” wangsulane .
“Undangen mrene,” bu guru banjur ngutus bocah liyane nimbali Arman (jeneng singlon) pacare Cipluk . Bareng wis teka banjur didangu,” Man, bener kowe pacare Cipluk ?”
“Boten , bu ….. boten, bu,” Arman selak.
“Lha iki layange sapa ?”
Arman ora bisa selak maneh, mung cengingas- cengingis.
“Aja cengingas-cengingis kowe. Yen ngene ki piye. Nganti semaput neng WC, njur yen ora konangan piye. Kowe tanggung jawab ?” bu guru akeh-akeh ndukani Arman. Bu guru njur mbacutake ngendikane, “Kowe kabeh ki isih piyik, isih cilik. Saiki wis ora usah layang-layangan barang. Ulangan ora tau entuk biji enem, layang-layangan digedhekke.”
Pancene bocah saiki isih cilik wis pinter pacaran, apa maneh saben dina sing diguroni TV. Bareng para bapak ibu guru krungu larah-larahe Cipluk semaput, ana sing cluluk ,”Gurune wae umur patang puluh enem durung ngrasakake pacaran, malah muride dha nganti semaput barang.”

Pengikut

Matur Nuwun ...