Gambar : Kawah gunung Kelud kang nalika jaman Majapait diarani gunung Kampud
Basa Jawa
Anyar iku minangka terusane (utawa asale) saka basa Jawa Kuna, mula
paramasastrane uga kaprebawan basa Jawa Kuna. Ora sethtithik tembung-tembung
basa Jawa Anyar kang padha utawa meh padha tegese karo basa Jawa Kuna, nanging
uga bisa tegese tembung mau owah.
Tuladha
tembung sing tegese ajeg (tetep) :
lawang
(JK) = lawang (J) = pintu
gaway (JK)
= gawe (J) = buat
lanang
(JK) = lanang (J) = laki-laki
hanyar
(JK) = anyar (J) = baru.
adeg (JK)
= adeg (J) = berdiri
sih (JK) =
asih (sih) (J) = cinta
ngungsi
(JK) = ngungsi (J) = pergi menghindari bahaya, lsp
Tembung
–tembung sing owah tegese , tuladha :
kita (JK)
= kowe ; kita (J) = aku lan kowe
amuter
(JK) = mrentah, ngereh; muter (J) = ngubengake, ngelih
hayo (JK)
= aja ; ayo = tembung pangajak
swami (JK)
= bojo ; suami = bojo lanang
resep (JK)
= krungu ; resep (J) = njalari seneng.
dhendha
(JK) = penthung, gada ; dhendha (J) = denda (BI).
Seselan UM
ing basa Jawa Kuna.
Seselan UM
ing basa Jawa Kuna gunane kanggo mangun tembung kriya tanduk (kata kerja
aktif).
tuladha :
tuladha :
1.
Yen tembung linggane kawiwitan aksara mati
(konsonan) , mapane seselan UM ana ing saburine aksara kang kawitan, tuladha :
gawe > gumawe = mengerjakan
turun
> tumurun = menurunkan (turun)
laku > lumaku = berjalan
sahut
> sumahut = menggigit
swagata > sumwagata = menyambut
2.
Yen wiwitane tembung arupa aksara mati
(konsonan) mau p, b, m, lan w, aksara mati mau ilang, tuladha
:
pangan
> umangan = memakan
pangguh > umangguh = melihat
pati > umati = mati
buru > umuru = memburu
bancana > umancana
= menipu/membencanai
waca > umaca = membaca
mwas. > umwas = menetes
3.
Yen wiwitane tembung mau arupa aksara urip
(vokal) , seselan UM mapan ing sangareping aksara wiwitan, tuladha :
adeg
> umadeg =berdiri/memerintah
ilu > umilu = mengiringi
aring > umaring = merasa senang
endek
> umendek = memilih tempat,
memilih posisi.
Seselan UM
ing basa Jawa Anyar.
Seselan UM
ing basa Jawa Anyar paugerane padha karo ing basa Jawa Kuna , kajaba sing angka
2, tuladha :
turun >
tumurun
tandang
> tumandang
laku >
lumaku
drojog
> dumrojog
gleger
> gumleger.
angsah
> umangsah > mangsah = maju ing paprangan
inger
> uminger > minger
umbul
> umumbul > mumbul
inep
> uminep > minep
uluk
> umuluk > muluk
Rimbage
tembung kang oleh seselan UM diarani rimbag bawa ma.
SESELAN UM
LAWAN ATER-ATER MA
Tuladha panganggone ater-ater
MA ing basa Jawa Kuna :
mapañjang/apanjang = memanjang
madoh/adoh
= jauh
mawwah/awwah
= berbuah
malara
= bersusah hati
manak
= beranak
mastri
= beristri
mabāng = menjadi merah
mahyas
= berhias
Ater-ater MA kang dikantheni swara
nasal :
Tegese ater- ater MA kang dikantheni
swara nasal
manurun = turun
dari
mangjanma =
menjelma
mañjala = menjala
mangdanda =
memukul
Ater-ater
MA ing basa Jawa Anyar.
Tembung-tembung
sing oleh ater-ater MA ing basa Jawa Anyar ora pati akeh :
maguru = berguru
madhukun =
pergi ke dukun
mabukuh =
duduk dengan kepala tertunduk
madhaharan (juru madhaharan) = juru olah-olah
magenturan
= bergemuruh
magepokan
= berhubungan
magawe =
bekerja
mabyungan
= berdengung
magempuran
= rusak
Tuladha tembung kang nganggo seselan UM
ing basa Jawa Anyar
gandhul
> gumandhul = mratelakake kahanan
gedhe >
gumedhe = kaya-kaya
glundhung
> gumlundhung = mratelakake kahanan
gulung
> gumulung = mratelakake kahanan
guyu >
gumuyu
jangkah
> jumangkah
kelip >
kumelip = mratelakake kahanan
keruk >
kumeruk = nedheng-nedhenge
laku >
lumaku = mratelakake kahanan
rujak >
rumujak > kemrujak = nedheng-nedhenge
rusuh >
rumusuh > remusuh = nedheng-nedhenge
turun >
tumurun = nindakake
Nyuwun
kawigatosan tembung-tembung ing ngandhap :
ayu >
kumayu > kemayu katandhingna karo kumaayu > kumayu > kemayu
bagus >
bumagus > gumagus katandhingna karo
kumabagus
pinter
> puminter > kuminter > keminter
katandhingna karo kumapinter
Ater-ater
AM (hanuswara)
Gunane
ater-ater hanuswara ing basa Jawa Anyar kanggo mangun tembung kriya tanduk. Tembung-tembung lingga
kang oleh ater-ater hanuswara AM yaiku tembung lingga kang kawiwitan aksara p, w
lan b. Tembung lingga kang apurwa vokal ora kena diwuwuhi ater-ater AM. Tuladha
:
palu >
malu
panah >
manah
pangan
> mangan
pepe >
mepe
pilih >
milih
putung
> mutung
waca >
amaca > maca
wada >
amada > mada
wangsul +
I > amangsuli > mangsuli
warung
> amarung > marung
wayang
> amayang > mayang
babad >
ambabad > mbabad
banting
> ambanting > mbanting
bobok >
ambobok > mbobok
bolong
> ambolong > mbolong.
buru >
amburu > mburu
Tidak ada komentar:
Posting Komentar