Jumat, 26 Februari 2010

WIT TREMBESI KARO PARI.

Wektu iki Negara lagi gonjang-ganjing prekara pansus. Para pemimpin lan sing rumangsa dadi pemimpin padha ngetokake kasektene dhewe-dhewe. Para pemimpin mau kabeh rumangsa bener. Nanging anehe sing kandhane bener mau tinemune beda-beda, malah-malah kosok balen. Mula kawula cilik sing dadi bingung, jalaran ora ngerti endi sing kena diturut lan endi sing kena dipercaya. Katone para pemimpin mau kudu noleh menyang mburi, noleh marang “kearifan local” kang awujud “dongeng bocah”.



Ing pinggir sawah ana wit trembesi utawa wit munggur , godhonge ngrempayak ketel. Dadi panggonan ing ngisore kono aub lan adhem. Wong liwat akeh sing leren ing ngisor munggur kono.
Ing sandhinge ana wit pari saeler, kliwatan ora dieneni parine.
Munggur celathu : “He pari, genea kowe kok isih ana kono; njegil ijen ora ana rewange. Delengen kae, sedulur-sedulurmu wis padha dieneni, mung kari tunggake bae sing isih ana ing sawah. Aku ngerti, manungsa olehe ora ngundhuh wohmu, marga kowe kuru nyekringkring kaya wong murus. Wulenmu ya cilik bae ora mbejaji. Pancen kowe diliwati, disirik ing manungsa. Cekake titah sing kaya kowe kuwi pancen titah sing apes. Yen dipurih wohe ora misra, dipurih aube ora ngaubi. Godhongmu pating sluwir ngono kuwi kenane mung kanggo ngaub walang.
Delengen awakku. Lemu dilepeh, godhongku ngrembuleng bisa ngaubi wong lelungan. Patute aku iki kena sinebut rajaning wit-witan. Ngendi ana wit sing godhonge ketel kaya godhongku?”
Durung tutug olehe guneman , ana angin gedhe, mendhung ireng nglumpuk pener ing dhuwure munggur mau. Bres, udan deres kaya disokake . godhong trembesi nadhahi banyu udan mau, krasa abot banget. Abote mu ora sepiraa yen semana ora ana angin. Bareng angine ya gedhe, dadi trembesi kaya dijorogake , reketeg, reketeg, breg, njreganggang ing sawah. Oyode dhungkar, rantas, ora kuwat cekelan ing jero lemah.
Si pari tetep ngadeg ing kono. Keterak ing angin mung mentelung bae. Sireping angin iya banjur jejeg maneh.
Liya dina sing duwe sawah ngasag parine , isih ana sawetara sing kliwatan. Bareng lakune tekan ing pari sandhinge trembesi mau, weruh yen landhung, mentes , kuwi didhewekake arep kanggo bibit.
Pari kuwi tembene bisa dadi wit pari sing seger thukule. Wohe mentes, wulene dawa-dawa, ora beda karo bibite. Dadi sing mau diwada nyekringkring, bisa nurunake tanduran sing ledhung –ledhung lan akeh asile. Turun-temurun nganti pirang-pirang turunan tanpa wates. Si trembesi sing njrebabah mau pange dipeceli pak tani, dianggo kayu obong, ora ana tabete lan leleabuhane kang katon. Mung dhelege digraji digawe blabag, nanging anggone ora suwe, wekasan iya dadi kayu obong.
Wosing dongeng yen manungsa kasinungan panguwasa, ngelmu, bandha donya, lan rumangsa bener, aja pisan-pisan nduweni watak kumawasa, sapa sira sapa ingsun, sawiyah-wiyah marang sapepadhane urip. Miturut pangandikane para sepuh “AJA DUMEH”.

Crita dipethik saka : “Mardi lan Marjam”, M. Mardjana lan M. Samoed Sastrowardojo, J.B. Wolters, Djakarta, Groningen, 1952.

Rabu, 24 Februari 2010

CANDRASENGKALA (8)

Atur wangsulan dhumateng Mas Danang,

Tembung -tembung ingkang ngggadhahi watak 0 (das) inggih punika :
langit, kombul, mesat, muluk, luhur, tumenga, swarga, tanpa, tawang, oncat, musna, sirna, ilang, gegana, tan.

Tembung-tembung ingkang nggadhahi watak 2 (kalih) inggih punika :
nembah, mulat, sikara (aru-biru, panggodha), panganten, bujana, buja, kanthi, ngrengga, paningal, dresthi (cidra), ngabekti, kanthi.

Tembung-tembung ingkang nggadhahi watak 9 (sanga) inggih punika :
dewa, jawata, arum, ganda, kusuma, menga, ambuka, gapura, wiwara, trus, trustha (seneng), manjing.

Adhedhasar tembung ing nginggil taun 2009 saged dipun damel candra sangakalanipun kados ing ngandhap punika :

1. Terus mumbul tanpa sikara, tegesipun terus mekar (berkembang) tanpa panggodha (gangguan).
2. Ambuka langit luhuring panembah, tegesipun mbikak langit saking kaluhuraning puji (donga).
3. Wenganing gegana tanpa sikara, tegesipun bukaning langit tanpa panggodha.
4. Kusuma kombul swarganing paningal, tegesipun sekar kondhang dados swarganing paningal (jalaran saking endahing sekar).
5. Ganda muluk ing luhuring pangabekti, tegesipun ganda arum angambar saking pangabekti.
6. Trusing tawang tanpa dresthi, tegesipun terus minggah dhateng langit tanpa cidra.

Candra sangkala ing nginggil minangka conto, arupi puji pandonga dhumateng ngarsaning Gusti Ingkang Maha Kuwaos. Panjenengan saged milih lan saged ngasta piyambak ingkang panjenengan cocogi. Sampun ngantos candra sangkala kalawau namung awujud tembung ingkang dipun jejer-jejer tanpa teges.

Pengikut

Matur Nuwun ...