Tampilkan postingan dengan label 01 GUYON SEKOLAHAN. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label 01 GUYON SEKOLAHAN. Tampilkan semua postingan

Kamis, 03 September 2015

KEPALA SEKOLAH KOPLAK (8)



BLOG, TIDAK PENTING !!!
Salah sijine kekurangane wong Indonesia, apa maneh muri d Indonesia yaiku ora dhemen maca lan nulis. Pakulinan seneng memaca bangsa Indonesia iki isih kalah adoh ditandhing karo bangsa liya. Arang banget tinemu wong Indonesia lagi maca nalika numpak bis, numpak sepur, nalika ngenteni antren, lan liya liyane. Bangsa Indonesia isih dhemen marang budaya tutur utawa budaya lisan mula yen diajak rasan-rasan, dhemene pooolll.. Masyarakat Indonesia luwih seneng nonton televisi, ngrungokake radio tinimbang maca.
Yen ndeleng data saka Bank Dunia Nomor 16369-IND lan studi IEA  (International Association for the Evaluation of Education Achievement), kanggo kawasan Asia Timur, pakulinan seneng maca ing Indonesia manggon ing posisi paling ngisor yaiku 51,7, sangisore Filipina (skor 52,6), Thailand (skor 65,1), Singapura (skor 74,0) lan Hongkong (skor 75,5). Kahanan iki wis mesthi wae mrihatinake banget.
Miturut laporan UNESCO ing taun 2012 indeks seneng memaca wong Indonesia ana ing angka 0,001, tegese ing antarane wong Indonesia sewu lagi ana wong siji sing nduweni pakulinan seneng memaca.
Apa maneh buku-buku ing Indonesia kalebu larang yen ditandhing karo Malaysia, India. Luwih-luwih yen buku mau migunakake basa Jawa, ora ana sing nginguk blas. Mula akeh pengarang basa Jawa, kang anggone makarya mung minangka samben wae. Jer anggone ngarang mau betheke mung kepingin nguri-uri lan kepingin nglestarekake basa Jawa. Dadi pengarang basa Jawa, ora kena kanggo penggaotan.
Watak ora seneng maca mau mahanani kahanan dadi muleg ora ana pungkasane, yen wong ngarani kaya lingkaran setan, teufelkreis. Ora ana bongkot pucuke. Saka watak ora seneng maca, ndadekake penerbit ora gelem mbabar buku. Saupamane penerbit gelem mbabar buku, mesthi metungake untung lan rugi. Kena dipesthekake yen  penerbit ora gelem rugi. Mula oplahe ora akeh. Oplah kang mung sethithik mau ndadekake regane buku larang. Yen buku regane larang, sing tuku padha mlayu. Muleg ora ana enteke. Durung yen kena rega kertas larang, rega mangsi larang, karyawan njaluk mundhak bayare, ongkos transportasi mundhak, lan liya-liyane.
Ana kabar lucu ing wektu kepungkur, sing bisa ndadekake wong bisa mesem. Mung wae eseme karo ngemut cempaluk. Yaiku kabar ngenani buku kanggo murid ing sekolahan, sing kurikulume saiki  wis jenat.
Wis pirang-pirang sasi murid durung oleh buku, utawa durung oleh dum- duman buku saka sekolahan, kamangka pelajaran wis lumaku.Gurune dhewe bingung, apa maneh muride.Jarene, sekolahan ngenteni buku droping saka pemrentah.Pemrentah pesen buku marang penerbit.Penerbit ora gelem nyithak buku jalaran ora ana pesenan saka sekolahan. Penerbit lagi gelem nyithak buku yen wis nampa pesenan saka sekolahan.Sekolahan uga ora kurang alasane.Sekolahan durung gelem pesen marang penerbit jalaran dhuwit dum-duman BOS durung mudhun. Dhuwit apa kang kanggo mbayar, yen dhuwit BOS ora mudhun ? Sapa sing rugi ? Wis mesthi wae murid-muride. Kaya mangkono iku kahanane perbukuan bangsane awake dhewek.
Kanggo nenangi kasenengan maca lan nulis ana media sing misuwur sadurunge ana facebook, tweeter yaku blog. Blog iki sawijining media ing internet sing sapa wae bisa nggunakake. Ana sing gratis nanging uga ana sing nganggo mbayar. Wiwitane, blog iki mung kanggo nulis utawa nyathet uneg-uneg sing sipate pribadi. Dening pengembange banjur direkadaya dadi sarana sesambungane antar pengguna blog.Blog sangasaya suwe sangsaya moncer ing jagade pengguna internet.  Mula jinise blog uga akeh.
Ing jagade pendidikan blog uga bisa dikembangake minangka sarana supaya murid dhemen maca lan nulis. Jalaran kabisan nulis iku diarani gampang ya gampang, diarani angel ya ora saben wong bisa nulis kanthi becik. Gampang lamun kulina, angel yen ora dikulinakake. Kabisan nulis kudu dikulinakake baka sethithik. Ora bakal ana penulis utawa pengarang anggone nulis ujug-ujug karyane dadi  kondhang. Kabeh mau kudu diwiwiti baka sethithik.
Ing wektu kepungkur, ana buku kang isine mbahas media blog kanggo pendidikan. Saliyane buku kang ngrembug prekara nggawe blog, uga ana buku kang ngrembug manfaate blog kanggo pendidikan. Ing antarane yaiku buku kang nganggo judhul “Guru Go Blog”. Isine buku, ngajak-ajak marang para guru supaya para guru gelema nganggo blog kanggo media pembelajaran.
Perlu dikawuningani, tokoh kita ingkang minulya bapak Drs Arjo Gembor, MM uga melu nggawe blog minangka media pendidikan. Jenenge bloge “ARJO GEMBOR’s BLOG”. Blog gaweane banjur dipamer-pamerake marang kanca guru, “Silakan lihat blog saya” kandha mangkono katon sajak gedhe atine.
Banjur ana guru sing kepingin ndeleng blog mau, komentare,”Walaaaah, blog kaya ngono wae dipamer-pamerake.” Bloge isih sederhana banget. Ora ana apa-apane kajaba mung tulisan. Mangka tulisane wae ya ora pati menarik. Nganti saiki apa isih nulis ana ing blog apa ora, ora ana sing ngerti.
Sawijining dina nalika rapat apel esuk, ingkang minulya kepala sekolah ngendika, “Saya ingin sekolah kita menerbitkan buku karya anak-anak. Buku yang merupakan kreativitas anak-anak. Kita sebagai guru harus mampu membangkitkan kreativitas anak-anak. Ini merupakan tolok ukur kemajuan suatu sekolah. Kalau sekolah kita tidak maju, nantinya kita tidak akan mendapatkan murid. Maka saya perintahkan kepada guru bahasa untuk merealisasikan keinginan saya itu. Di sini ada tiga orang guru bahasa Indonesia. Saya harapkan dalam waktu tiga bulan harus sudah bisa terbit.”
Ora ana guru siji wae sing wani cemuwit, kabeh mung meneng wae. Ora ana sing komentar. Ora ana sing nanggapi. Ora suwe apel guru esuk mau bubar.
Pak Endro Sobowono, salah sijine guru andhahane Drs Arjo Gembor, MM kang kebeneran nate kelaran atine, ing sawijining dina ana kesempatan kanggo ngomong.
“Bapak kemarin bilang, kita harus membangkitkan kreativitas anak,” kandhane pak Endro Sobowono.
“Betul, dan itu perintah dari Diknas,” saure kepala sekolah.
“Pak, hal itu sudah saya lakukan sejak lima tahun lalu,” kandhane pak Endro Sobowono. Ora suwe banjur nerusake,”Coba lihat blog sekolah. Saya, disamping saya membuat blog pribadi saya, saya juga membuat blog untuk sekolah,” pak Endro unjal ambegan.
“Lihat tu, blog sekolah. Itu kreativitas anak- anak. Ada cerpen, puisi, kata-kata mutiara. Saya berpendapat bahwa kreativitas anak-anak itu harus ditampung. Saya mencoba menampung kreativitas anak-anak itu dalam blog sekolah. Nggak tahunya akhir tahun jam saya dibabat habis. Jam saya tinggal lima jam pelajaran. Untuk apa saya harus kreatif?” pak Endro ngesokake uneg-unege.Dhadhane wis rada krasa panas.
“Lho ….,” pak Arjo katon kaget, banjur nerusake kandhane,”Apa itu bukan permintaan pak Endro sendiri ? Saya pikir itu permintaan pak Endro, karena pak Endro mau kawin lagi ?” pitakone kepala sekolah.
“Nggaaaak. Saya tidak pernah mengajukan permohonan pengurangan jam pelajaran,” wangsulane pak Endro.
Sajake kepala sekolah wis ora oleh papan, mula banjur mangsuli sakenane,”Blog tidak penting.”
Kaya disamber nggelap panone pak Endro.Sakala ora bisa kumecap krungu wangsulane kepala sekolah kang kaya mangkono iku.Tansah dumeling ing kupinge kandhane kepala sekolah, blog tidak penting, blog tidak penting.Blog tidak penting …….
Atine pak Endro Sobowono grundelan.Pak Endro Sobowono dhewe nduweni blog sing kalebu moncer. Gunggunge sing “ngeklik” nganti wektu dina iki ana 500.000 an, banjur sing ngeloni –pengikut blog- ana wong satus luwih. Apa blog kaya ngono dianggep ora penting ? Lha terus sing dianggep penting iku apa ?
Apa ya kaya ngene iki kualitase S2 Indonesia ? Nduweni gelar MM pranyata nalare mung cethek banget, apa ya kaya ngono iku sing diarani gelar MURAH MERIAH iku ? Durung suwe wae dheweke kandha yen guru-guru kudu membangkitkan kreativitas menulis murid-murid.Sawise ana guru sing nduweni kreativitas, malah jame mulang guru iku dientekake.
KOOOPLAAAAAAK !!!!!

Senin, 31 Agustus 2015

KEPALA SEKOLAH KOPLAK (7)



KREATIVITAS.
Salah sijine tolok ukur kanggo kemajuane sekolahan yaiku kreativitas. Kreativitas muride, kreativitas gurune, kreativitas kepala sekolahe, lan yen bisa uga kreativitas tukang kebone. Mula Diknas saben taun nganakake lomba KIR, lomba Karya Ilmiah Remaja,  kanggo ndhudhah lan nggugah kreativitas murid kang tundhone bakal bisa majokake bangsa lan negara.
Kreativitas murid bisa thukul lan bisa timbul amarga saka kreativitas gurune. Tanpa kreativitas gurune tangeh lamun yen bakal nukulake kreativitas muride. Kreativitas guru bisa mekar lan bakal ngrembaka yen disengkuyung dening kreativitas kepala sekolah. Ing kene iki jejere kepala sekolah minangka motor penggerak kemajuane sekolahan.
Kemajuane sawijining bangsa diwiwiti saka pikiran lan kreativitase para mudha.  Conto kang gamblang lan cetha wela-wela, nalika bangsa Indonesia dijajah Walanda. Bangsa Walanda wis ngregem sarta njajah bangsa Indonesia kang lawase nganti 350 taun – wektu kang ora sedhela – nanging bisa bongkar, bisa rungkad, bisa uwal saka penjajahan krana saka pikirane lan usahane para mudha, ing antarane Sukarno, Hatta, Syahrir, Bung Tomo, Rajiman Wedyadiningrat lan liya-liyane.
Manungsa bisa ndharat menyang rembulan amarga saka kreativitas. Diwiwiti saka angen- angene Jules Verne taun sewu wolungatusan. Banjur diimbangi kemajuane teknologi wusana ing taun 1969 Neil Armstrong kasil bisa ndharat menyang rembulan. Kamangka ing taun samono manungsa durung paja-paja nduweni ngelmu lan daya kanggo nggayuh angen-angen kasebut. Kabeh mau mung ditanggapi kanthi tetembungan “mokal”.
Bangsa Jepang, Amerika, Cina, Korea krana kreativitas bangsane bisa maju ing babagan teknologi. Iku mau kabeh krana kreativitas lan semangate para mudha majokake bangsane. Beda karo bangsane awake dhewe. Ing donyane Internasional murid-murid Indonesia bisa kasil ngrebut juara matematika, fisika, kimia, astronomi nanging kena ngapa bangsa Indonesia ora enggal-enggal bisa maju ? Sing diothak-athik kurikulum. Kamangka yen ganti kurikulum, buku-buku murid lan guru uga kudu ganti.  Malah ana kabar kang nrenyuhake , ing atase Negara Indonesia negara kepulauan, negara sing nduweni garis pantai paling dawa sangalam donya, kena ngapa uyah wae kok ngimpor saka Selandia Baru ? Apa sing salah ing negara iki ?
Ing ngisor iki conto salah sijine pemimpin bangsa sing ora tepak yaiku tokoh kita ingkang minulya Drs Arjo Gembor, MM. Mangkene critane.
Ana sawijining guru, taksebut wae pak Beja. Pak Beja yen diarani kreatif nemen ya ora, nanging dheweke bisa nggawe program kanggo nggampangake para guru ngolah nilai utawa biji. Yen diarani program temenen ya dudu, mung krana akale dheweke bisa ngothak-athik program excel kanggo nggampangake pakaryane guru. Lamun ana guru sing arep nglebokake biji menyang daftar nilai cukup nglebokake nilai mentah wae. Program mau otomatis ngrata-rata nilai, nglebokake menyang daftar kelas, nilai rapor sisipan, lan mlebu ing daftar kelas. Nilai rapor sisipan lan ing daftar kelas mung kari nyithak wae. Gampang ta ? Sanajanta mung ngothak-athik , anggone nggawe program mau ngentekake wektu nganti  telung sasinan nganti program mau rampung kanthi sampurna. 
Saliyane iku pak Beja nggawe program kango nyusun daftar mengajar guru. Program iki nggampangake bagian kurikulum nyusun jadwal mengajar guru. Saupama ana sawijining guru mulang doble ing kelas bisa enggal dimangerteni. Sejene iku jumlah jam mengajar uga langsung bisa dimangerteni. Saupamane nyusun program kanthi cara manual bisa ngentekake wektu saminggu, kanthi nganggo program iki mung cukup rong dina wis bisa rampung.
Program liya, yaiku program kanggo nyithak slip gaji guru lan karyawan. Kanthi nglebokake data gaji, jumlah potongan wis bisa dicithak slip ganjine.
Ana maneh program ding digawe pak Beja, yaiku program perpustakaan. Mung emane, bareng komputere sering heng  lan sering diinstal ulang program perpustakaan mau ilang.
Bareng pak Beja arep dilereni dheweke matur  mbok ya anggone nglereni iku ndeleng lan ngregani jasa-jasane wong, ora angger nglereni wae. Ngendikane bapak Drs Arjo Gembor, MM, “Lho pak Beja minta dihargai. Iya ?” ngendikan mangkono mau bola-bali, ora mung pisan pindho. Njur diteruske maneh.
“Saya dulu ketika jadi kepala sekolah, saya tinggalkan begitu saja. Saya tidak minta dihargai.”
Rehdene pak Beja ngrumangsani dadi andhahan lan kalah kuwasa, ing wusana pak Beja mung manut. Ing batin ngedumel, yen Indonesia dipimpin wong sing kaya kepala sekolah iki, Indonesia ora-orane yen bakal maju. Malah-malah bisa sangsaya rusak. Ana maneh, biyen dadi kepala sekolah apa kanthi legawa mundur ? Ora !!! Jalaran dilorod.
Dadi kepala sekolah dilorod wae kok sombong temen !!!!
KOPLAAAAK !!!!!

Minggu, 16 Agustus 2015

KEPALA SEKOLAH KOPLAK (6)



JUJUR KACANG IJO.
Tembung jujur akeh sing padha ngerti. Tembung jujur saben wong bisa ngucap, nanging ora saben wong bisa nglakoni. Negara nganti rusak bosah-baseh amarga akeh punggawane kang ora jujur. Saka tumindak kang ora jujur bisa mau bisa nuwuhake kadurjanan kang ora cilik akibate, kaya dene korupsi. Korupsi bisa nyengsarakake uripe wong sanegara, mula korupsi dianggep sawijining kejahatan extra ordinary, kejahatan sing luar biasa. Mula tembung jujur, arepa mung satembung nanging abot sanggane.
Sesrawungan ing antarane manungsa pribadi lawan pribadi , ing kantor utawa perusahaan uga kudu dilambari  kejujuran. Ora bakal ana wong rumangsa seneng yen anggone memitran, kekancan, sesrawungan yen  dikantheni utawa dilambari tumindak kang ora jujur.
Ora susah ing bebrayan gedhe, ing jagading bale somah wae uga kudu linambaran kejujuran. Sesrawungan antarane priya wanita, nalika isih pacaran nganti mbangun bale somah uga kudu dilambari kejujuran. Nganti tumekane anak-anak lan putu-putu uga tetep dilambari kejujuran. Yen ana salah sijine mblenjani janji, mesthi bakal ndadekake congkrah , bubrah, kang tundhone dadi padudon , bisa-bisa ndadekake pecahing bale wisma.
Luwih-luwih ing jagading pendidikan, perlu kejujuran ing antarane para murid karo murid, sesambungane antarane murid lan guru. Nanging uga sesamb ungan antarane para guru minangka andhahan lan kepala sekolah minangka pemimpin. Yen murid ora kena  mbujuk, ngapusi, utawa  mblenjani janji,mesthine  guru lan kepala sekolah uga ora kena tumindak mblenjani  utawa nyulayani janji. Kanggo nggladhi kejujuran malah-nalah  ana sekolahan kang nganakake “kantin kejujuran” kanggo nggulawenthah lan ngulinakake tumindak jujur. Murid-murid yen pinuju njajan , njupuk panganan lan mbayar ora diladeni kaya lumrahe wong dol tinuku. Kanthi “kesadaran” murid bisa njupuk panganan dhewe lan mbayar dhewe ing papan kang wus ditemtokake.
Saiki bali menyang “lakone” -yen cara kethoprak diarani rolle - yaiku panjenengane ingkang minulya bapak Drs Arjo Gembor, MM.  Crita kang arep takaturake iki  kalebu golongane ngenthit, ora jujur, apa korupsi ? Mangkene critane .
Sekolahan kang dipimpin bapak Drs Arjo Gembor, MM dipatah dadi Sub Rayon. Dadi penjenengane ngasta jabatan Ketua Sub Rayon. Sub Rayon mbawahi pirang-pirang sekolah penyelenggara ujian. Sub Rayon nduweni dana kang ditarik saka peserta ujian kanggo operasional Sub Rayon. Panitia Rayon dumadi saka kepala sekolah-kepala sekolah kang kabawah Sub Rayon mau lan salah sijine guru bawahane Drs Arjo Gembor, MM kang minangka sekretaris Sub Rayon.
Ujian lumaku kanthi  gangsar, lancar. Sawise ujian rampung lan ora ana masalah, banjur  dianakake pembubaran panitia Sub Rayon. Pembubaran panitia dianakake ana daleme Ketua Sub Rayon. Sawise dietung-etung  pranyata  isih ana dana turahan saka operasionale ujian. Satemene turahane ya ora pati akeh, mung kena kanggo seger-seger tuku dhawet yen pinuju ngelak.
Dhuwit diamplopi , banjur diwenehake marang para panitia Sub Rayon. Ana amplop siji sing durung didumke yaiku bageyane sekretaris. Bendahara banjur takon marang Ketua Sub Rayon.
“Sekretaris kok ora rawuh, pak ?”.
“Iya, iki mau jarene ana perlu,” wangsulane Ketua Sub Rayon.
“Njur iki piye, isih ana amplop siji sing durung bisa diwenehake ?.”
“Wis gampang. Takgawane wae. Wong iku anak buahku wae”.
Temenan amplop banjur diwenehake marang Ketua Sub Rayon. Let seminggu saka kedadean iku, Bendahara tilpun marang sekretaris sing isine takon  wis nampa amplop apa durung. Pak Arjun –sekretaris- mangsuli yen dheweke durung nampa amplop. Pak Arjun enggal-enggal takon marang Ketua Sub Rayon, wangsulane,” Iya pak. Pancen ana titipan saka Bendahara, saiki amplope isih ana ing laci”.
Dienteni seminggu, rongminggu, telung minggu, patang minggu, nganti entek minggune amplope ora sida diwenehake. Apa amplop mau ana lime ta, njur ceket ana laci ? Apa ngene iki sing diarani jujur kacang ijo ?
KOPLAAAAAK, TA ?

Kamis, 13 Agustus 2015

KEPALA SEKOLAH KOPLAK (5)



GURU BASA JAWA.
Tokoh kita, isih akeh critane kang kena kanggo patuladhan . Yen nganggo cara pedhalangan istilahe panjang punjung. Panjang ateges dawa pocapane, punjung luhur kawibawane . Sanajan dicritakake saben dina, crita iku ora bakal ana enteke. Semono uga bapak kepala sekolah kita yaiku ingkang minulya bapak Drs Arjo Gembor, MM. Semangate kang makantar-kantar kanggo ndandani  lan majokake sekolahan ora tandhinge. Mula yen nyritakake panjenengane ora bakal ana enteke.
Kanggo njurung supaya kemajuane sekolah enggal katon, panjenengane perlu ngrombak guru-guru. Yen cara saiki ngrombak kabinet. Guru-guru sing ora bisa diajak maju perlu disingkirake. Guru-guru sing ora bisa nututi playune program sing wis dirancang , disisihake. Guru-guru sing sing umure anguk-anguk kubur perlu diretool utawa diganti. Panjenengane perlu golek guru-guru sing isih enom, sing tenagane isih kuwat, lan guru sing playune banter, lan nduweni semangat pengabdian kang gedhe. Lan, sing penting, guru-guru mau kudu  manut, nurut tanpa reserve, guru kang mung sendika dhawuh, ora kakehan cangkem, ora kakehan petingsing.
Ana ing sekolahan kono, ana sawijining guru kang pengalamane mulang wis patang puluh loro taun. Daksebut wae jenenge pak Beja. Dheweke mulang basa Jawa. Yen mung prekara basa Jawa wae ora ana kang bakal nandhingi. Nanging jalaran umure wis anguk-anguk kubur mula perlu diganti.
Ing akhir taun wingi dheweke ditimbali ngadhep ingkang minulya bapak Drs Arjo Gembor, MM. Sawise padha lenggahan, bapak Drs Arjo Gembor, MM ngendikan :
“Umur bapak sekarang berapa ?” pitakone marang pak Beja.
“Enam dua, pak,”wangsulane pak Beja.
“Oleh karena ini peraturan, bapak terpaksa saya istirahatkan di rumah. Maaf bapak, bukan karena benci. Sekali lagi bukan karena saya benci,” Mandheg sedhela, “Tentang bahasa daerah saya tidak meragukan kemampuan pak Beja. Tetapi karena peraturan,  semata-mata  karena peraturan, hala ini terpaksa saya lakukan.  Dan perlu diketahui guru  penggantinya sudah ada, yaitu guru perempuan.”
Pak Beja meneng, banjur mangsuli,”Kalau boleh saya mohon untuk dipertimbangkan.”
“Gimana ya, ini karena peraturan. Dan sudah ada penggantinya. Perempuan.”
Kepala sekolah sajake wis ora bisa diusuli maneh, mula pak Beja kepeksa nrima apa sing dingendikakake kepala sekolah.
Tan kocapa, bareng taun ajaran wis lumaku, bocah-bocah wis padha mlebu kabeh. Para guru ndeleng jadwal mengajare dhewe-dhewe. Kaya ngapa kagete, pak Gathot (jeneng singlon) , guru OLAH RAGA diaturi ngasta Basa Jawa.
Piye jal, yen kaya ngene iki. Sing takgumuni ya panjenengane bapak kepala sekolah. Apa panjenengane lali, semaput, ora eling, apa nglindur. Cetha yen panjenengane ngendika, sudah ada penggantinya, perempuan. Lha kok saiki sing nyekel basa Jawa , lanang tur guru olah raga. Apa netrane kepala sekolah ki wis blawur apa piye, ora bisa mbedakake lanang karo wedok ? Apa lanang karo wedok iku dianggep padha,  apa pancen  netrane  ora pati cetha. Apa ya kaya ngene iki  mutune S2 Indonesia ? Pendidikan Indonesia bakal maju ? Pring pecah ….. PREEEEK !!!!
Mbah-mbah biyen wis ngendika “AJINING DHIRI GUMANTUNG ING LATHI”. Lha saiki kok ana guru, kepala sekolah, S2, lathine ora kena dipercaya, apa ora eman-eman S2 ne, apa pancen mutune S2 Indonesia iku kaya mengkono . Piye ,ca ?
KOPPLAAAAAK TA ?

Rabu, 12 Agustus 2015

KEPALA SEKOLAH KOPLAK (4)



KERJA IKHLAS, KERJA CERDAS, KERJA KERAS LAN KERJA TUNTAS.
Kepala sekolah kita, ya Drs Arjo Gembor, MM pancen sawijining kepala solah sing hebat. Kreatif, penuh daya imaginative, lan nduweni visi misi kang adoh lan jembar tebane. Mula ora rugi yen pamarentah ngangkat dheweke dadi kepala sekolah. Saben-saben briefing tansah ajak-ajak marang para guru supaya tansah nengenake anggone nggulawenthah utawa ndhidhik bocah-bocah. Jalaran mung saka pendidikan Indonesia iki mentas saka jurang kasangsaran. Ajuning bangsa gumantung ana tangane bapak lan ibu guru. 
Kanggo nggayuh program-program kang dirancang, panjenengane nduweni semboyan utawa sesanti anyar  yaiku “ kerja ikhlas, kerja cerdas, kerja keras lan kerja tuntas”. Semboyan iku saben-saben mungkasi briefing  mesthi diucapake, “Kita harus kerja ikhlas, kerja cerdas, kerja keras dan kerja tuntas,”  kanggo ngelingake marang para guru.
Ing akhiring taun ajaran, kepala sekolah kita, nganakake acara out bond  menyang Trawas, kerjasama karo salah sijine training centre kondhang kang ana kono. Ing acara out bond kabeh insan  sekolah diajak. Wiwit saka kepala sekolah, wakil, kaur, guru-guru , karyawan TU, satpam lan pesuruh ora ana kang kari.
Neng dalan lakune ora dicritakake. Sawise teka panggonan kang dituju, para guru lan karyawan oleh panggonan  dhewe-dhewe . Ing antarane iku  ana wektu kanggo istirahat, sembahyang  lan adus.
Wektu candhake para guru lan karyawan dening trainere diajak dolanan simulasi kang tujuane kanggo  supaya bisa nggayuh tujuan bebarengan, tujuan sekolah kanthi wutuh , utawa tujuan umum perusahaan. Simulasi iku jalaransipate dolanan mula kanca-kanca padha nglakoni kanthi ati kang gembira. Ing akhir acara utawa session, petugas TC banjur njlentrehake maksude dolanan mau. Mangkono ing dina candhake uga ana acara simulasi kaya mangkono mau. Entheng, gembira, nanging bisa njupuk manfaat kang ora sethithik. Lan isih akeh maneh acara kang kaya mangkono kang tujuane kanggo mupuk persatuan, kebersamaan lan liya-liyane.
Ing akhir acara dianakake acara renungan suci. Dening petugas TC para guru diajak ndeleng kahanan kang wis kapungkur, ndeleng sapa-sapa paraga kang nyebabake dheweke sukses, lan ndeleng kahanan kang bakal diadhepi. Lampu baka siji dipateni, nganti ora ana lampu sing urip. Kahanan ing kono peteng ndhedhet. Trainer terus menehi prentah lan pengarahan apa –apa kang kudu dilakoni. Kaya dihipnotis kahanan dadi tintrim, sepi, sepi, sepi nyenyet . Ora ana sabawaning walang ngalisik. Ora suwe banjur keprungu swara tangis ngguguk,embah sapa lan  embuh apa sing ditangisi ora ngerti . Bokmanawa wae dheweke ngrumangsani dosa , rumangsa ora bener anggone nyambut gawe ing sekolahan. Sabanjure mbaka siji peserta training dikongkon ngudal lan ngetokake  uneg-uneg apa kang  ana ing jero atine lan apa kang dadi kekarepane.  Kaya-kaya pengakuan dosa lah.
Esuke mulih. Sawise padha mlebu sekolah, wayahe nyambut gawe, bocah-bocah uga padha mlebu. Kepala sekolah ya ingkang minulya bapak Drs Arjo Gembor, MM maringi kuesioner ngenani out bond kang mentas  dilakoni. Ing antarane iku ana pitakonan apa sing dimaksud kerja ikhlas, kerja cerdas, kerja keras lan kerja tuntas.
Kerja ikhlas iku nindakake pakaryan kanthi lila legawa, ora ana sabarang kang ngganjel jroni ati. Ibarate wong ngising, sanajanta kelangan nanging atine malah lega. Nanging apa iya kanggone para guru sing nyambut gawe puluhan taun, sarjana pisan, nduweni tanggung jawab ngopeni anak sekolah njur bayarane  ora ana satengahe UMR ? Apa ya bisa ikhlas ?  Apa maneh sering diancam, “kalau nggak mau kerja di sini silakan keluar”.
Kanggone kepala sekolah pancen bener-bener ikhlas. Khaqul yakin lan ainul yakin ikhlas. Satus persen ikhlas. Lha mbok 200 persen nganti 1000 persen wis mesthi ikhlas. Apa sebabe ? Kepala sekolah iku ibarate asu gedhe. Yen kerah wis mesthi menange, yen ana dum-duman wis mesthi akeh dhewe. Ana dum-duman dhuwit pendaftaran, akeh dhewe. Dhuwit ulangan , akeh dhewe. Dhuwit ujian, akeh dhewe. Dhuwit koperasi, akeh dhewe. Andum dhuwit bathine buku, akeh dhewe. Penulisan ijazah, ya akeh dhewe. Panitia iki iku sing ana dhuwite ya akeh dhewe. Apa yen koyo mangkono njur ora ikhlas ? Yen nganti kepala sekolah nyambut gawe njur ora ikhlas iku, pring pecah …….PREEEEEKKK !!!
Semene dhisik lur, sing kerja keras lan sateruse disambung liya dina.
KOPLAK TA ?

Pengikut

Matur Nuwun ...