JUJUR KACANG IJO.
Tembung jujur akeh sing padha ngerti.
Tembung jujur saben wong bisa ngucap, nanging ora saben wong bisa nglakoni.
Negara nganti rusak bosah-baseh amarga akeh punggawane kang ora jujur. Saka
tumindak kang ora jujur bisa mau bisa nuwuhake kadurjanan kang ora cilik
akibate, kaya dene korupsi. Korupsi bisa nyengsarakake uripe wong sanegara, mula
korupsi dianggep sawijining kejahatan extra ordinary, kejahatan sing luar biasa.
Mula tembung jujur, arepa mung satembung nanging abot sanggane.
Sesrawungan ing antarane manungsa
pribadi lawan pribadi , ing kantor utawa perusahaan uga kudu dilambari kejujuran. Ora bakal ana wong rumangsa seneng
yen anggone memitran, kekancan, sesrawungan yen dikantheni utawa dilambari tumindak kang ora
jujur.
Ora susah ing bebrayan gedhe, ing
jagading bale somah wae uga kudu linambaran kejujuran. Sesrawungan antarane
priya wanita, nalika isih pacaran nganti mbangun bale somah uga kudu dilambari
kejujuran. Nganti tumekane anak-anak lan putu-putu uga tetep dilambari
kejujuran. Yen ana salah sijine mblenjani janji, mesthi bakal ndadekake
congkrah , bubrah, kang tundhone dadi padudon , bisa-bisa ndadekake pecahing
bale wisma.
Luwih-luwih ing jagading
pendidikan, perlu kejujuran ing antarane para murid karo murid, sesambungane
antarane murid lan guru. Nanging uga sesamb ungan antarane para guru minangka
andhahan lan kepala sekolah minangka pemimpin. Yen murid ora kena mbujuk, ngapusi, utawa mblenjani janji,mesthine guru lan kepala sekolah uga ora kena tumindak
mblenjani utawa nyulayani janji. Kanggo nggladhi
kejujuran malah-nalah ana sekolahan kang
nganakake “kantin kejujuran” kanggo nggulawenthah lan ngulinakake tumindak
jujur. Murid-murid yen pinuju njajan , njupuk panganan lan mbayar ora diladeni
kaya lumrahe wong dol tinuku. Kanthi “kesadaran” murid bisa njupuk panganan dhewe
lan mbayar dhewe ing papan kang wus ditemtokake.
Saiki bali menyang “lakone” -yen
cara kethoprak diarani rolle - yaiku panjenengane ingkang minulya bapak Drs
Arjo Gembor, MM. Crita kang arep
takaturake iki kalebu golongane
ngenthit, ora jujur, apa korupsi ? Mangkene critane .
Sekolahan kang dipimpin bapak Drs
Arjo Gembor, MM dipatah dadi Sub Rayon. Dadi penjenengane ngasta jabatan Ketua
Sub Rayon. Sub Rayon mbawahi pirang-pirang sekolah penyelenggara ujian. Sub
Rayon nduweni dana kang ditarik saka peserta ujian kanggo operasional Sub
Rayon. Panitia Rayon dumadi saka kepala sekolah-kepala sekolah kang kabawah Sub
Rayon mau lan salah sijine guru bawahane Drs Arjo Gembor, MM kang minangka
sekretaris Sub Rayon.
Ujian lumaku kanthi gangsar, lancar. Sawise ujian rampung lan ora
ana masalah, banjur dianakake pembubaran
panitia Sub Rayon. Pembubaran panitia dianakake ana daleme Ketua Sub Rayon. Sawise
dietung-etung pranyata isih ana dana turahan saka operasionale
ujian. Satemene turahane ya ora pati akeh, mung kena kanggo seger-seger tuku
dhawet yen pinuju ngelak.
Dhuwit diamplopi , banjur
diwenehake marang para panitia Sub Rayon. Ana amplop siji sing durung didumke
yaiku bageyane sekretaris. Bendahara banjur takon marang Ketua Sub Rayon.
“Sekretaris kok ora rawuh, pak ?”.
“Iya, iki mau jarene ana perlu,”
wangsulane Ketua Sub Rayon.
“Njur iki piye, isih ana amplop
siji sing durung bisa diwenehake ?.”
“Wis gampang. Takgawane wae. Wong
iku anak buahku wae”.
Temenan amplop banjur diwenehake
marang Ketua Sub Rayon. Let seminggu saka kedadean iku, Bendahara tilpun marang
sekretaris sing isine takon wis nampa
amplop apa durung. Pak Arjun –sekretaris- mangsuli yen dheweke durung nampa
amplop. Pak Arjun enggal-enggal takon marang Ketua Sub Rayon, wangsulane,” Iya
pak. Pancen ana titipan saka Bendahara, saiki amplope isih ana ing laci”.
Dienteni seminggu, rongminggu,
telung minggu, patang minggu, nganti entek minggune amplope ora sida
diwenehake. Apa amplop mau ana lime ta, njur ceket ana laci ? Apa ngene iki sing
diarani jujur kacang ijo ?
KOPLAAAAAK, TA ?
Tidak ada komentar:
Posting Komentar