Tampilkan postingan dengan label 08 DONGENG BOCAH. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label 08 DONGENG BOCAH. Tampilkan semua postingan

Minggu, 15 Juli 2012

KANCIL LAN BULUS

Ana bulus celathu marang kancil, tembunge : “ Aku ora maido, yen kowe pinunjul ing playu, kang ananging ayo ,padha balapan, sapa kang ndhisiki tekan wekasaning ara-ara iki.”
Tembung mangkono iku ingatase si kancil padhane angecemong, ewadene pangajake mau di rasa aneh, mulane dituruti.
Nuli bulus enggal miwit lumayu, kancil ngenakake dhedhe, ciptane : “ si gumremet kareben mempis  - mempis, aku wus mesthi ora rekasa bisa anjujul, aku mencolot ping telu utawa ping pat bae, wus tamtu bisa nglancangi kewan nglemer kuwi” saya adoh olehku ngaceki aya ndadekake kocapku.
Ing nalika samana bulus meh tekan ing wates. Kancil isih sareh  ing sawatara, bareng tumandang arep anjujul , weruh yen meh kasep awit dening talompene, ewadene isih anduweni pangarep – arep menang sarana cukating lumpate.
Enggal lumayu rikate prasasat angin, ananging tanpa gawe, awit bulus wus ndhisiki tekan wekasaning ara-ara, dadi kancil kalah.
Eliding dongenge mangkene : wong iku sanajan terang budine, elingana, tuwin titis ing ciptane yen ora tengginas ing samubarang gawe, mesthi kedhisikan ing liyan, iku kang amek kauntungane.

Dipethik saka : Layang Sato Kewan, CF Winters

Tegese  tembung :
pinunjul               = linuwih, luwih saka pepadhane
ara-ara                  = palemahan jembar kang ora ditanduri
ngecemong        = angger ngomong
ewadene             = sanadyanta
ngenakake          = ngenak-enak , tumindak sakarepe
dhedhe                                = kekaring ing panasan
gumremet          = mlaku sing rindhik banget.
nglemer               = ora cukat tandang tanduke
kacek                    = ora padha, beda
talompe               = tlompe, randhat, remben
cukat                     = trengginas, sarwa rikat tandang tanduke.
budi                       = 1. pikir, nalar   2. golek, ngrekadaya   3. watak     4. polah arep oncat, ora manut
budi arda             = kekarepam
terang budine   = terang nalare, pinter.
amek                     = 1. njupuk 2. golek.


Kamis, 31 Mei 2012

WONG DESA LAN MANUK ALAP – ALAP.


Ana manuk alap - alap sarosane ngoyak – oyak manuk cilik kang mabur ngoncati. Atine miris dening mingid – mingide cakare kang banget landhepe.  Manuk cilik rumangsa ora kelar nyembadani , meh ilang pangarep – arepe luput saka  bilahi.
Bareng ndungkap tekan ing lemah , alap – alap galak kena kacekel ing wong desa. Saking getere saka gegantunganing pepesthen, manis celathune marang wong desa : “Kula dereng nate damel piawon ing sampeyan, mila panyuwun kula, mugi sampeyan uculaken, sampun miawoni dhateng kula ingkang dereng nate damel piawon ing sampeyan “.
Wong desa mangsuli : “Celathumu iku satemene  becik banget. Saiki kowe bisa mulang bab kabecikan marang aku.  Aku tuturana, apa manuk cilik iku wus tau gawe piala marang kowe, kowe nibakake karampunganmu dhewe. Mulane aja ngresula, sarening kowe sumedya ngalani manuk cilik mau, wewalese tanpa welas kabener tumiba ing awakmu.”
Eliding dongeng mangkene : samubarang panganggep kang ora kosenengi tumiba ing awakmu, iku aja ko empakake ing liyan.

Dipethik saka : Layang Sato Kewan, CF Winters
Tegese tembung :
miris                      = wedi sarta sumelang
mingid – mingid= mingis – mingis, katon landhep banget
bilahi                     = cilaka, tiwas, blai
ndungkap            = meh tekan ing
piawon                                 = piala, nandukake ala.
ngalani = anggawe ala.


Rabu, 30 Mei 2012

KUWUK LAN MANUK CANGAK


Ana manuk cangak diundang mangan ing kuwuk kang ambeg julig, bareng teka, banjur padha tata lungguh, rampadane nuli diwetokake, arupa jangan diwadhahi piring ceper. Ama pitik ambeg julig celathu : “ Ki sanak, teka dika mriki  banget andadekake bungah kula, mugi dika trima becik. Daweg dika didhokoh, kaya yen onten ing omah dika dhewe, daweg ta kula wiwiti, awit luwe kula banget. “
Kuwuk nuli sengkut ing pamangane , dhayohe sarehning cucuke lancip, mung bisa mung bisa necep – necep bae, ananging tansah ngatokake sumehing ulat, sarta aweh panarima marang kuwuk saking panyuba – nyubane. Bareng arep mulih kalair karepe, genti angundang mangan marang kuwuk ing omahe, kuwuk saguh anekani.
Bareng tutug ing dina patembayane, kuwuk teka, ditemoni kalawan ulat manis. Ananging ing nalika padha lekas arep mangan, kuwuk muring – muring. Sebab dening apa muring – muring, apa ta rampadane ora kapanujon ing karepe. Satemene daginge enak, sarta dirajang , ananging emane diwadhahi guci, gulune dawa lan ciyut, cangak celathu : “Daweg ta ki sanak kula wiwiti, di dhokoh oleh dika mangan. “ Kuwuk anggereng sarta angesah, banget isin lan muring – muringe, ora antara suwe ambolos.

Eliding dongeng mangkene : sing sapa dhemen angerang – erang uwong, iku ,kerep nemu wewalesing pangerang – erang.

Dipethik saka : Layang Sato Kewan, CF Winters

Tegese tembung :
julig                        = pinter tumrap nindakake piala
rampadan           = piring kang wis tinatanan ing lelawuhan
ngrampad           = nata lelawuhan ing piring lsp.
ama                       = 1. sarupane kang agawe rusake tanduran  2. lelarane tanduran.
daweg                  = ayo, enya, mara
dhokoh                = 1. akeh sarta katon enak anggonae mangan   2. sengkut tanpa wigah – wigih anggone tumandang (tembung entar)
sengkut                = kalawan rerikatan sarta mempeng
necep                   = nesep, nucup
panyuba – nyubane = pakurmatane.
patembayan      = semayan
guci                        = bangsane gendul sing digawe saka lempung
angesah               = angresula, sambat

Selasa, 29 Mei 2012

ASU LAN KUCING LANANG


Ana kucing lanang siji , saking bisane dhepe – dhepe sarta muni ngasih – asih , banget disihi ing bendarane.  Bareng asu, dhasar kang rumeksa ing omah, seru panjuguge , yen kerah rosane ngluwihi, teka ora katiban sihing bendara. Yen kang duwe omah mangan, kucing diwenehi kang enak – enak sarta empuk – empuk, dene pandumaning asu mung roti bawuk lan banyu. Ananging ora antara lawas salin lelakone.
Anuju sawijining dina wus mangan, piring – piringe durung disinggahake, diparani asu. Bareng lagi wiwit didilati , kucing  enggal teka ambekis kambi makungkung, agawe kageting asu. Pratingkahe kucing mangkono iku ngewak-ewakake banget, sarta sarta agawe nepsune bendara, dadi sarana wewulang , sarta ngelingake ing bebener. Wiwit nalika samono lorodaning bendara dadi bubuhaning asu. Bubuhane kucing mung andilati piring bae.

Eliding dongeng mangkene : wong drengki lan kethaha iku wus benere ora oleh samubarang kang becik.


Dipethik saka : Layang Sato Kewan, CF Winters


Tegese tembung :
dhepe – dhepe                 = ngempek – empek (ngrampek) njejaluk
ngasih – asih      = njaluk ditresnani, njaluk diasihi.
bawuk                  = warna semu biru utawa klawu reged
disinggahake      =disimpen
ambekis               = nywara santak (nelakake orang seneng, muring)
lorodan                = lungsur, dilorod = dilungsur.
bubuhan              = wuwuhan, ditumpa-tumpa
drengki                 = meri, melik marang kabegjane liyan, ora seneng yen wong liya oleh kabegjan.
srei                         = kumudu – kudu njaluk menang.
jail                          = seneng maeka ing liyan
jail methakil        = wong ala atine seneng maeka ing liyan
kethaha               = kumudu oleh akeh (murka)


Senin, 28 Mei 2012

SUPATANE MACAN TUTUL


Ana macan tutul siji, kang satemene dadi  amaning cempe, ngluwihi alane sajroning alas, ambeg adigang  adiguna sarta ngandelake ing rikat luwese. Iku kena ing kala pasangane bocah angon , kang kerep dimangsa wedhuse kang duwe pasangan kala, bareng weruh yen macan tutul kena, enggal marani lan nggawa gegaman, sumedya mateni. Macan tutul kang prasasat setengah mati banget getere, banjur celatthu : “ Sapisan punika kula mugi sampeyan apunten. Sampun mesthi kula badhe boten mendhet menda malih. Kula supaos ingkang kalayan temen, yen kula badhe boten nedha daging malih, saestu boten. Kula namung bedhe nedha gegodhongan kemawon, utawi ulam toya, menawi nuju wonten.”
Bocah angon ngandel ing supatane, macan tutul banjur diuculake, banget ing bungahe tumuli anggendring . ananging durung antara sajam ndeleng ana genjik gegupak , celathune macan tutul : “ I lha dalah, genjik iku wenang dakmangsa, awit yen dak pikir ing satemene, samubarang kang ana ing banyu, iya iku iwak. Sarehne genjik iku ana ing banyu , dadi ora kalebu supataku.”
Sawuse celathu mangkono , genjik banjur dimangsa.
Eliding dongeng mangkene : sing sapa ngandel supatane wong ala, iku prasasat ngadegake omah ana ing pawedhen.

Dipethik saka : Layang Sato Kewan, CF Winters.

Tegese tembung :
supata                  = supaos (kr), 1. wewelak, ipat-ipat  2. netepake bener (nyata)ning prekara kanthi ngajab wewelak.
ama                       = 1. sarupane kang agawe rusake tanduran  2. lelarane tanduran.
ambeg                  =  nduweni watak, nduweni bebuden
ambeg darma    = (kw) welasan, seneng tetulung
ambeg pati         = wani mati, ora wedi mati.
ambeg siya         = awatak siya marang.
ambeg sura        = (kw) kendel banget.
ambeg wani       = kendel, kumendel.
ambeg welas     = welasan
adigang adiguna = ngendelake karosane lan kapinterane.
sumedya             = duwe niyat arep.
ulam                      = iwak
ngandel                = percaya
genjik                    = anake celeng
mangsa                = 1. pangan, dimangsa = dipangan  2.  wektu
pawedhen          = panggonan wedhi, papan sing ana wedhine.

Jumat, 25 Mei 2012

ASU LAN MACAN TUTUL



  Anuju sawijining dina ana asu kapregok ing macan tutul, kang banget ngelihe, apa dene mungguh sesawangane luwih rosa. Bareng nyedhak kambi gathik untune sarta nggereng, asu banget getere, ananging sareh ing pratingkah, celathune : “ Ki sanak, kula punika kera, menawi sampeyan dhahar mangsa nggawera. Aluwung kula sampeyan tut wingking , kula tedahaken dhedhaharan ingkang lema. Sampeyan badhe kula bekta dhateng kandhang mendanipun bendara, ing ngriku sampeyan badhe manggih dhedhaharan ingkang anddadosaken suka pirenaning galih. “
Macan tutul ditari mangkono iku, banget kadugane. Amarga saking precayane banjur tut buri lakuning asu, ananging kedadeane ora prayoga, awit asu cidra ing janji. Macan tutul ora digawa menyang kandhang wedhus, digawa menyang panggonan pasang kala, banjur kena ing kala, banget andadekake ing kagete. Asu banget bungah, lumayu tutur ing bendarane. Bendarane teka , macan tutul enggal dijiret, digantung ana ing epang.
Eliding dongeng mangkene : samubarang kang katone ora kena dilakoni sarana karosan, kerep bisa rampung dening akal.

Dipethik saka : Layang Sato Kewan, CF Winters.

Tegese tembung :
pratingkah          = solah tingkah, saradan.
kera                       = kuru
lema                      = lemu
suka pirenaning galih = senenging ati
kaduga                                 = 1. katutugan, saguh bisa nandangi (nindakake), kedugi (kr), 2. seneng atine
cidra                      = 1. ora setya, ora nuhoni janji 2. pangapus, krenah, pitenah.
kala                        =  1. jiret, dienggo masangi manuk lsp, di kala = dijiret, dipsangi kala.
                                    2. (kw) : 1. piala, ala   2. buta utawa dhemit.
                                    3. (kn) : arane kewan entup-entupan : kalajengking, kalamenthel
                                    4. (s) : 1. wektu, mangsa   2. dhek (nalika),
kala-kala              = ora ajeg.
kala bendu          = bebendu, wewelak.
kala desa             = (s) mangsa kang prayoga. angala desa = nangguh mangsa kang prayoga.
kala duta              = (s) ngalamat ala.
kalajana               = (s) wong ala.
kalajengking       = arane kewan.
kala luwang, kala pracik = arane kala rerentengan.
kalamangga        = arane kewan, kemangga.
kala mangsa       = kala-kala, ora ajeg.
kalamenje           = arane kewan entup-entupan.
kala menjing      = pungkasane gurung kang njendhol ing gulu.
kalamenta           = arane suket.
kalanjana             = arane suket.





Kamis, 10 Mei 2012

MANUK CANGAK


Ana manuk cangak lumaku urut pinggring kali gedhe, sumedya golek memangsan, ora antara suwe sumurup iwak wagal akeh sarta lemu – lemu. Sanajan doyanane iwak wagal , ewadene ing nalika duwe karep mangan kang ngluwihi saka ing enak, sing dadi esthining ati iwak tambra, dadi anampik wagal. Bareng lumaku maneh, sumurup iwak jambal tuwin wader gilig piang-pirang. Sarehning sarehning kang mau nampik iwak wagal, mangsa arepa mangan iwak sokro. Mulane lumaku maneh antara suwe, nuli sumurup iwak senggaringan siji cedhak lan gethek, rada kaling – kalingan lumut. Ciptane manuk cangak : “ Ngisin –isini temen mangan iwak senggaringan . Iku dudu pangananku, awit aku tau mangan wagal, apa aku ndadak ngilang-ilangake kangelan teka mangan senggaringan , wader pari utawa sili. “
Cangak nuli gegancangan bali marang panggonan kang akeh wagale mau , ananging wus ora ana iwak kemliwer. Saking sengkuding lumaku, kongsi bangeting ngintir – intire . saupama ing nalika iku ana iwak senggaringan , mesthi iya enak. Wasana kang apik ing pamilihe mau , marem oleh kodhok kang alot daginge.
Eliding dongeng mangkene : sing sapa nampik samubarang kang becik, angarep – arep kang luwih prayoga, iku kerep oleh kang ala dhewe.
Tegese tembung :
sumurup              = weruh
surup                    = 1. lebu, manjing, mlebu   2. lumebu ing    3. mlebu tanceping langit tumrap srengenge   4. wayah sore (srengenge angslup)   5. omah utawa pekarangan (kanggo petungan)   6. kawruh , pangerti marang
disurupi                = 1. dileboni, dipanjingi   2. dianjing (ditlesepi)   3. diudhoni rembug (gunem, lsp)    4. ditaker maneh.
disurupake         = 1. dilebokake, diangslupake  2. dibgathukake karo, dipetung minangka dadi                                     3. dituduhake (dikandhani, diwehi weruh, dingretekake)
sesurupan           = 1. kawruh, pangerti   2. petung – petungan utang.
wagal                    = arane iwak loh.
esthi                      = (kw) maksud, karep, sedya, niyat, jangka.
jambal                  = 1. iwak daging kaworan daging    2. arane iwak kali   3. arane soga jarit pekalongan
gegancangan     = rikat-rikatan, enggal-enggalan
prayoga                = becik, pantes.



Jumat, 04 Mei 2012

WONG LELAKU LAN BEGAL.



Ana wong lelaku nunggang jaran, ngambah dalan arang disaba ing wong. Dalan mau kang pinggir tengen ana kaline. Kang pinggir kiwa gunung lan dhadhah. Nuli ana begal loro metu saka grumbul karo ngliga pedhang, sarta ngundang – undang : “Mandhega, ulungna dhuwitmu, utawa patimu.
Sawuse mangkono enggal nyandhak apuse. Kang nunggang ndhrodhog  amarga saking kaget sarta wedine bakal kailangan dhuwit tuwin barange kasompok ing playune. Sanalika nggiwarake jarane , nggebyur ing kali, sedyane ngoncati sawijining pakewuh, wasana kalebu ing bebaya kang luwih gedhe, awit saking santering banyu, kang nunggang jarane keli. Karosan wus tanpa gawe , jelih-jelih njaluk tulung, ora ana kang nulungi. Santering banyu ngilangake dayane, wasana wong lan jarane mati.
Eliding dongeng mangkene : yen kowe katekan pakewuh rong prakara, murih aja kongsi kelangan duwekmu kabeh, pakewuh mau salah siji endi kang entheng tempuhen.

Tegese tembung :
lelaku                    = 1. tindak, lampah   2. lelungan
dhadhah              = pager sing digawe saka tetuwuhan.
begal                     = durjana kang ana ing dedalan
ngliga                    = ngunus
kasompok           = rupek, ora kobet, ora omber
pakewuh             = reribed, alangan
jelih – jelih          = bengok - bengok
Tempuhen          =


Dipethik saka : Layang sato Kewan, Dr. C.F. Winter.


Selasa, 26 Oktober 2010

KETHEK LAN WOH SARANGAN


Ana kethek siji, cukat colot – colotan ing suketan, nemu woh sarangan siji isih ana klokopane. Enggal lungguh banjur dikrakoti, murih ilanging klokopane, kenaa dipangan isine kang enak . ananging sarehne untune cilik – cilik, rekasa anggone ngonceki, bareng nandhes ing cangkok, panyakote rada mrengut.
Panunggalane sasuwene ngawasake, nuli anguwuh semu ngerang-erang : “ He, gentho cilik, mangsa bisaa kalakon gawemu, rembugku, uwisana. “
Ananging ciptane kang diuwuh, yen daktemeni murih ilanging klokopan lan cangkoke, iba legine isine.
Pangerang –erange panunggalane mau ora dipaelu, meksa nemen anggone nyakoti. Ora antara suwe pagaweane uwis, netepi pangarep – arepe, sarta andadekake bungahe isine putih lan isih becik , banjur dipangan mesthi legi rasane, awit wus nglakoni kangelane.
Eliding dongeng mangkene : mungguh wong mbudi kawruh iya mangkono uga, wiwitane angel. Nanging yen ditabereni ing pamarsudi, pakolehe agawe kabegjan.


Tegese tembung :
mrengut = ora bening polatane (rada nepsu)
nandhes = nganti jero tumamane, tekan ing dhasar.
ngerang-erang = nacad, maido
panunggalane = tunggale
gentho = bangsat, bajingan.
dipaelu = digatekake, diturut.
uwuh = rereged kayadene godhong
diuwuh-uwuhi = diceluk, diundang kanthi swara seru.
mbudi kawruh = ngudi kawruh, golek ngelmu.
taberi = sregep sarta tlaten.
marsudi = nggegulang supaya bisa, ngudi.

Ing ngisor iki ana dongeng kewan utawa fabel sawetara. Yen kepingin maca kliken ana kene, irah-irahane :
1. ASU LAN MACAN TUTUL
2. SUPATANE MACAN TUTUL
3. ASU LAN KUCING LANANG
4. KUWUK LAN MANUK CANGAK


.

Jumat, 22 Oktober 2010

SAPI LANANG LAN SINGABARONG

Ana sapi lanang papat , antara lawas padha ayem mangan nunggal sapangonan, sarta padha rukun nulak upayaning satrune kang luwih rosa, yaiku singabarong kang ngenggoni alas cedhak pangonan mau.
Luwene banget sarta wus lawas anggone ndingkik memangsane kang padha lemu-lemu, ananging saben-saben ngaton nedya nubruk, kanggek dening sapi papat mau isih padha ngumpul, dadi tansah klinteran, ngarep-arep pisahe, awit ora kelar nyembadani sapi papat.
Ananging pangarahe tanpa wekas , mitra papat kang rukun mau tansah angisab-isab marang pangigit - igiting singabarong.
Sarehning kerep kacuwan, meh nedya murungake karepe, ananging ora antara lawas, pangarahe salin salaga, awit sapi papat kang maune tansah rukun, andadekake ing kaslametane , wasana padha crah, amarga dening sulaya remeh, kang ora antara lawas nukulake ewa lan gething, dadi ora gelem kekumpulan maneh, mblayang dhewe-dhewe adoh parane.
Singabarong tumuli weruh yen prakarane wis salin salaga, rumangsa bungah karo ndilati brengose, sapi papat mau genti-genti dimangsa.
Eliding dongeng mangkene : dongeng iki kena dadi wewulang, nuduhake pakolehe wong rukun, sarta gempaling kaslametan kang marga dening ecrah.

Tegese tembung :
satru = 1. arane panganan sing digawe saka glepung kacang ijo 2. Mungsuh
satru munggeng cangklakan = mungsuh sing cedhak (isih sanak sadulur)
satru ati (satru manah) = memungsuhan batin (butarepan, rebutan wong wadon lsp)
satru batin (satru batos) = satru sing ora ketara.
satru bebuyutan = mungsuh sing turun temurun.
satru manengah = sabarang prakara sing nganggo memungsuhan.
memangsan = apa-apa kang dimangsa.
kanggek = kandheg, ora bisa terus.
kelar = 1. kuwawa, kuwat, bisa nindakake 2. rampung
sembada = 1. sarwa kecukupan 2. cocog, patut, pantes 3. rada sugih, kecukupan.
disembadani = 1. disentosani (dicukupi kaperluane) 2. ditanggulangi, dilawan 3. dituruti, dileksanani.
ngisab – isab = ngisin – isinake, mirang-mirangake.
ngigit – igit = muring banget sarta ngincim – incim.
kacuwan = ora keturutan karepe, ora lega.
salin salaga = malik grembyang
sulaya = geseh, ora cocog
mblayang = lunga menyang ngendi-endi.
pakoleh = 1. oleh-olehane 2. ana gunane 3. mapan banget 4. oleh.
crah = 1. rengka, pecah 2. Pasulayan
wekas = 1. wasana, pungkasan 2. weling, welingan.

Yen kepingin maca dongeng kewan utawa fabel ing ngisor iki kliken ana kene kanthi irah-irahan :
1. WONG DESA LAN MANUK ALAP-ALAP
2. KANCIL LAN BULUS.
3. ULA BADHUDHAK LAN LANDHAK.
4. MENJANGAN KANG NGILO ING BANYU.
.

Pengikut

Matur Nuwun ...