Tampilkan postingan dengan label 20 PATILASAN KRATON MAJAPAIT. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label 20 PATILASAN KRATON MAJAPAIT. Tampilkan semua postingan

Jumat, 15 November 2019

RECA PRAJÑAPARAMITA



Reca iki nggambarake Prajñaparamita sawijining dewaning ngelmu pangawikan utawa dewi kawicaksanan kang luhur ing dalem agama Buddha Mahayana.  Reca Prajñaparamita digambarake lungguh ana ing sadhuwuring trate (padma). Tangane asikep dharmacakramudra (muter rodhaning dharma). Ing sacedhaking lengen kiwa ana kembang trate kang mekar kang tukul saka oyod ing sacedaking bangkekane.  Ing sandhuwuring slaganing trate ana pustaka (kitab) Prajñaparamitasutra. Wujud reca kaya mangkono iku nandhakake seni reca gagrag jaman Singhasari ing abad 13.  Reca Prajñaparamita uga nuduhake panganggone bangsa luhur ing jaman kraton Indu-Buddha.
Reca Prajñaparamita disengguh minangka wujude Ken Dhedhes prameswarine Ken Angrok kang misuwur kasulistyane. Nanging ana uga panemu yen reca Prajñaparamita nggambarake Gayatri (Rajapatni) ratu ing Majapait. Panemu iki adhedasar apa kang tinulis ana ing Negarakretagama sarta prasasti Gajah Mada. (Koleksi Museum Nasional Indonesia)

Rabu, 13 November 2019

PATILASAN KUMITIR



Mpu Prapanca pujangga praja Majapait nyritakake kahanane kutha raja Majapait yen kedhaton Majapait dipager bata bang mubeng. Katrangan kasebut ana ing Negarakretagama pupuh 8, gatra 1 lan 2 kang unine mangkene :
warnnan tinkah ikaɳ puradbhuta kuthanya bata baŋ umider mmakandel aruhur,
kulwan / dwarawaktra manharpakan lbuh ageŋ i tnah way edran adalm.
Tegese :
Kacarita, kahanane pura ( kedhaton) kang gedhe banget, beteng bata bang angideri, kandel sarta dhuwur,
 ing kulon, lawang agung ngadhepake dalan (lapangan ?) gedhe, ing tengah, banyu (jagang) angideri, jero banget.
Jagang yaiku kali, kalen kang jero ing sajabane beteng kanggo jaga-jaga supaya mungsuh ora gampang mlebu kedhaton utawa beteng.

Nembe iki ing dhukuh Bendha, desa Kumitir, kecamatan Jatireja ditemokake tembok bata bang. Tembok mau ditemokake dening wong tukang nggawe bata ing kono. Apa iki tembok bata bang aruhur kang dikarepake dening Mpu Prapanca?
Barang temon mau awujud tembok dhuwure 160 cm lan ambane 140 cm. Saben 4 meter diwenehi pilar. Gedhene pilar 120 cm. Ukuran bata 32 x 20 x 6 cm. Nitik dhuwure, tembok iki durung bisa diarani beteng dhuwur kaya kang dikarepake Mpu Prapanca. Miturut panemune para arkeolog tembok iki arupa batur. Diarani batur, jalaran tembok mau ing sisih njaba rata, alus, dene sing sisih jero kasar, ora rata. Gunane batur mau kanggo njaga supaya lemah ing bagean jero ora guntur utawa longsor.  Sing mesthi ing papan kang kinubengan batur ana wewangungan kang perlu dijaga supaya lemahe ora longsor. Apa iku candhi kaya kang dikarepake dening Mpu Prapanca ? Bab iki perlu panaliten kang luwih mirunggan.

Tembok batur kang wis ditemokake yaiku tembok iring wetan wiwit pojok lor wetan mangidul. Tembok kang wis kabukak dawane kira-kira 100 meter. Pojok kidul wetan durung ditemokake jalaran nerak tegalan tebu sing nganti saiki durung bisa didhudhuk. Miturut pangira-ira dawane batur ing saben iring 200  meteran, ngidul nganti tumeka sacedhake kali ilen-ilen sawah ing kidule wewangunan. Dene tembok batur sisih lor , kulon,  kidul, sarta pojok-pojoke durung kinaweruhan.
Ing saelore kuburan uga ditemokake tilas sumur kuna kang digawe saka bata. Wujude kothak ora kaya sumur lumrahe sumur kang nganggo bata bengkok. Apa iki uga tunggalane patilasan kuno apa gaweane wong tani ing kono kanggo nyiram tanduran ing sakiwa tengene, isih durung cetha.
Saliyane tembok batur uga ditemokake  cacah 7 kanthi ukuran maneka warna. Watu-watu lumahe alus kaya tilas garapan tanganing manungsa ana ing wewengkon kuburan ora tumata. Bokmanawa wae kuburan iki sing dadi punjering wewangunan ing Kumitir. Bab iku perlu panaliten kang luwih mirunggan. Saliyane iku uga ana reca kang manggon ing pojok (kira-kira) kidul kulon ing sangisore wit kepuh. Recane sapa durung bisa dipesthekake jalaran kahanane reca wis rusak. Apa iki recane Bhatara Siwah kaya kang kasebut ing Negarakretagama ? Wong bumi kono ngarani reca mau recane Jaka Slining. Arang wong wani mrono jalaran papan kono dianggep wingit utawa angker dening warga.

Miturut Negarakretagama, Kumitir minangka dadi papan pandarmane Bhatara Narasinghamurtti kaya kang katulis ana ing pupuh 41 pada 4:
çakabda kanawawaniksithi bhatara wisnu mulih iɳ çuralaya pjah,
dinarmma ta sire waleri çiwawimbha len/ sugatawimbha mungwiɳ jajaghu,
samantara muwah bhatara narasiŋhamurtti sira mantuk iɳ surapada,
hañar sira dinarmma de haji ri wenker uttama çiwarcca muŋgwi kumitir
Tegese:
Ing taun Çaka Langit Sanga Bumi Lemah (1190 C = 1268 A.D.) Bhathara Wisnu kondur menyang Suralaya, seda.
panjenengane didarmakake ing Waleri awujud Bhathara Siwah, saliyane ing Jajagu awujud Sang Sogata (Buddha).

Sawise iku  Bhathara Narasinghamurtti panjenengane kondur ing Surapada,
nembe wae didarmakake dening ratu ing Wengker, awujud reca Bhatara Siwah kang ngedab-edabi manggon ing Kumitir.
Saliyane Negarakretagama , Pararaton uga nulis bab pandarmane Bhatara Narasinghamurtti. Mung wae ora katulis Kumitir ananging katulis Kumeper . Ing Pararaton tinulis:
sira Mahisa Campaka dadi ratu angabhaya, abhiseka bhatâra Narasinga. Sira Mahisa Campaka mokta, dhinarma ring Kumeper, pamelesatanira ring Wudi kuñcir.
Tegese: Mahisa Campaka dadi ratu anggabhaya, jejuluk Bhatara Narasingha. Mahisa Campaka mokta, didarmakake ing Kumeper, pamelesatane ing Wudi Kuncir.

Perlu dikawuningani yen patilasan-patilasan Majapait lumrahe kapendhem ing jero lemah 1-2 meter saka lumahing lemah ing sakiwa tengene. Bab iku disebabake krana anane bledhosane gunung  Arjuna, Anjasmara, lan gunung Kelud. Awu sarta wedhi bledhosane gunung kagawa udan gedhe kang nuwuhake banjir bandhang. Banjir gedhe sing ora mung pisan pindho katititk saka sap-sapan lemah kang kadhudhuk dening bumi kono. Bledhosae gunung lan banjir gedhe ndadekake patilasan Majapait kapendhem ing jero lemah.
Mung emane ora ana prasasti utawa sumber-sumber katrangan liyane kang nerangake patilasan Kumitir kajaba Pararaton lan Negarakretagama. 


Katrangan gambar:
1. Reca kang mapan ing pojok kidul kulon. Durung kinaweruahn recane sapa. Apa iki recane Bhatara Siwah kaya kang kasebut ing Negarakretagama ?
2. Pojok lor wetan situs Kumitir kang wis kabukak.
3. Batur situs Kumitir iring wetan.
4. Watu alus tilas garapan tanganing manungsa kang ora tumata ing kuburan desa.
5. Sumur kuna kang mapan ing salore makam desa.
6. Sap-sapan lemah kang nandhakake biyen Kumitir keleban banjir gedhe lan kurugan awu gunung geni.

Kamis, 31 Januari 2019

WIT BODHI



Ana ing patilasan Panjang, salore segaran Majapait ana prasasti kang nganggo tulisan Jawa Kuna kang unine “pangadegning boddhi i Çaka 1203 (1281 M). Ing wektu iku Majapait durung dadi kutha, bokmanawa isih wujud alas gledhegan, jalaran wewengkon kono isih kabawah kraton  Singhasari. Kang ngasta pusaraning praja yaiku Prabhu Sri Kertanegara. Mula banjur tuwuh pitakonan, prasasti mau apa pancen bener-bener asli didegake ing papan  kono apa alih-alihan saka panggonan liya, bab iku durung bisa dipesthekake.

Wit bodhi (Ficus Religiosa) sawijining spesies ara kanga asale saka subbenua India, salor kulone Tiongkok lan Indochina,  wit iki uga dijenengi wit pippala, wit peepal utawa wit ashwattha ( ing India lan Nepal) (sumber: Wikipedia). Kanthi katrangan iku kena dipesthekake wit bodhi dudu wit-witan asli tanah Jawa. Mula ora aneh yen panandure wit iku uga diwenehi prasasti. 

Ing agama, wit iki dianggep suci dening para wong kang ngrasuk agama Buddha lan Hindhu. Buddha Gautama antuk cahyaning Gusti (pencerahan, bodhi) nalika  semedi ana ing sangisore wit Ficus Religiosa. Kedadeyan iki ana ing Bodh Gaya, Bihar, India.

Mpu Prapanca nalika nyritakake kahanane kutha raja Majapait, uga nyaritakake bab wit bodhi iki. Bab iki tinemu ing kitab Negarakretagama ing pupuh 8 kang unine :
warnnan tinkah ikaɳ puradbhuta kuthanya bata baŋ umider makandel aruhur,
kulwan / di dwura waktra manharpakan lbuh ageŋ i tŋah way edran adalm,
brahmasthana matuŋgalan patani buddi jajar inapi kapwa sök caracara,
nka  tuŋgwan para taṇḍa tan pgat aganti kumemit i karaksaniɳ purasabha.

Tegese kira-kira :

Kacarita, kahanane pura kang endah banget , benteng bata bang angideri , kandel tur dhuwur,
ing sisih kulon cangkeming lawang ngarepake ara-ara (alun-alun) kang jembar ing tengah diubengi jagang (kali sakubenge beteng) , jero banget.
wit waringin sasisih wit bodhi jejer-jejer ndadekake eloking swasana, padhet maneka warna
ing kono para prawira prajurit kang ora pegat gilir gumanti anjaga angreksa  kaslametaning kedhaton.
Gambar : wit bodhi ing plataran Museum Mpu Tantular Sidoarja.

Katrangan :
Brahmasthan adalah prinsip arsitektur Veda dan perencanaan komunitas yang menunjuk titik pusat dari sebuah bangunan atau area geografis. Arsitektur Veda didasarkan pada Vastu Shastra. Brahmasthan adalah zona pusat khusus di sebuah bangunan. Wikipedia (Inggris)

Tegese tembung Kawi :
warnnan = kacarita (supaya / akan diceritakan / dilukiskan; (ajakan ) marilah akan diceritakan / dilukiskan , Ind).
tinkah = kahanan ( 1 pe (me) rintah ; (per) aturan ; rencana ; cara ; peri (ke) laku (an) ; kebiasaan ; keadaan ; peristiwa , Ind )
pura = kedhaton ( S istana ; keraton ; pura ; puri ; kota ; kerajaan ; negeri ; Ind ).
adbhuta = S hebat ; luar biasa ; mengherankan ; mengagumkan ; sangat elok
kutha = kota ; puri ; benteng ; kubu ; Ind.).
umider = ngideri ( berputar, Ind.)
kulwan / = barat
dwara = lawang ( pintu, Ind.)
waktra = cangkem (1 mulut ; muka2 pemimpin; 3 pokok pembicaraan, Ind.)
manharpakan = ngarepake ( berhadapan, Ind. )
lbuh = ara-ara, alun-alun ( 1 jalan (raya) ; 2 tanah lapang ; 3 tempat yang ditinggalkan orang, Ind. )
way = banyu, we  (1 air > we ; 2 hari > we, Ind.)
edran = ngubengi ( berjalan berkeliling, Ind. )
adalm = jero (1 (paling) dalam ; 2 dasar ; 3 benteng ; istana, Ind.)
brahmasthana =  wit waringin (nama pohon (Ficus religiosa), Ind. )
matungalan = tunggalane , sasisih (masing-masing satu / sebelah, Ind. )
patani  = 1 tempat duduk / beristirahat; peristirahatan; tempat perhentian. 2 terras ; taman bertingkat / berundak; bangku / bale-bale untuk tempat duduk / berhenti / beristirahat.
buddi  = wit bodhi, waringin jawa (pohon bodhi (Ficus Rumphii), Ind. )
jajar  = jajar; baris;Ind. )
inapi < in + api =  direngga (dihias; diperelok, Ind. ).
kapwa = kabeh (1. Semua; (bersama)-sama; padan, tara, sama juga, Ind.)
sök = jejel  (penuh) sesak; padat, Ind. )
caracara = maneka warna  (1 pelbagai macam; berbagai-bagai. 2 jalan tempat berjalan (makan angin). 3 binatang dan tumbuhan, Ind. )
nka  = ing kana (di sana, Ind. )
tungwan = pejagan ( tempat berjaga, Ind.)
tandha = perwira prajurit (1 bendera ; tunggul ; panji-panji; 2 menteri ; bendahara ; hulubalang; (pimpinan) perwira (tentara) ; suatu jabatan (sipil) ; pembesar / ketua ; kepala pasar, Ind. )
tan = tidak
pgat  = pedhot, pegat ( putus (kiasan : putus ; selesai ; tamat ; berpengalaman ) ; patah ; penggal ; potong ; cegat ; pecah ; cerai ; pisah. Ind. )
aganti = genten (giliran (nya) ; bergiliran ; bergantian, Ind.)
kumemit = njaga ( berjaga ; menjaga, Ind.)
 karaksan = pangreksa  (penjagaan, perlindungan, Ind.)
 purasabha.= kedhaton ( kota kerajaan, Ind. )

Jumat, 21 September 2018

ALUN-ALUN BUBAT.



Alun-alun Bubat nyimpen kedadean kang gedhe yaiku banjir getih nalika Sang Prabhu Hayamwuruk ngayunake putri Sundha. Nalika ratu Sundha sang Maharaja teka ing alun-alun Bubat, ana seling surup antarane ratu Sundha lawan Patih Gajahmada. Banjur kedadean perang antarane wadya Sundha lawan Majapait. Kedadean kasebut ditulis ana ing Pararaton kang unine mangkene “wong Sundha mati, kadi sagara getih gunung wangke, bhrasta wong Sundha tan hana kari, I caka sanga-turangga-paksa-wani, 1279 C (1357 M). Mung wae kedadean kasebut ora ditulis ing Negarakertagama, kamangka Negarakertagama ditulis nalika Pabhu Hayamwuruk isih sugeng. 

Saiki, alun-alun Bubat wis malih wujude. Yen biyen alun-alun kang endah banget saiki wujud sawah kang subur. Wong-wong ingkono nyebutake “Sawah Bubat” kaya kang diterangake dening Pak Sudarso. Ing sakiwa tengene Sawah Bubat uga tinemu ilen-ilen kang dinuga tinggalane kraton Majapait.
Gambar ing ngisor Sawah Bubat lan Pak Sudarso kang menehi katrangan bab Sawah Bubat, sarta gambar ilen-ilen jaman Majapait.


Pengikut

Matur Nuwun ...