Gambar 1: Kali Pegirian taun 1910.
Jaman cilikanku biyen, ora lanang ora wedok seneng
banget yen adus kali. Ciblon, langen, gojekan karo kanca-kanca ora ana wise. Senenge
ora karuan. Durung gelem mentas yen durung digawakake pecut. Dhasare banyune
wis lemandha utawa manda-manda, tegese ora buthek banget nanging ya durung
bening banget. Lumrahe wektune wis ngarepake ketiga.
Gambar 2 : Kali Pegirian taun 1920
Ing Surabaya uga mangkono, ning … jaman biyen. Dudu
jaman saiki. Wektu samono kali Surabaya, sing cilik apa sing gedhe banyune isih
bening nyarong kinclong-kinclong. Mesthi wae yen mangsa ketiga. Yen mangsa rendheng
meshi wau buthek kalaran katutan lendhut.
Gambar 3 : Kali Pegirian taun 1920.
Gambar ing ngisor nuduhake kahanane kali kaya kang takkandhakake.
Kali Pegirian. Wong-wong Surabaya sisih lor ngarani Kali Nggirikan. Kali Pegirian
iki pecahane Kalimas. Wiwite pecah ana Gentengkali. Siji Kalimas kaya kang bisa
dideleng saiki iki, sing kaloro kali Pegirian. Saka Gentengkali ngalor Undhaan –
Jagalan – Bunguran – Dhukuh – Ampel – Pegirian – Sawahpulo – Endrasana, ngalor menyang
segara.
Jaman samono kali Pegirian isih bisa dilayari. Isih bisa
dilayari prau-prau cilik kang momot barang. Saiki apa isih ana sing gelem ciblon?
Yen ana, takkira nyemplung wae langsung semaput, jalaran ndeleng wujude kali.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar