Alun-alun tegese pelemahan jembar ing sangarep
tuwin saburining kraton (ngarep kabupaten, satengahing kutha) (WJS Poerwadarminta,
kaca 7). Samono uga ing basa Jawa kuna, alun-alun tegese lapangan pesagi ing
ngarepe kraton (PJ. Zoetmulder, kaca 27).
Ana ngendi dununge alun-alun Surabaya? Yen
bocah-bocah saiki cetha ora ana sing ngerti. Ngertine saiki bokmanawa mung Alun-alun Perak utawa Alun-alun
Conthong . Diarani alun-alun Conthong jalaran wujude pancen kaya conthong.
Yen panjenengan tindak saka Tunjungan ngalor , mlebu
dalan Gemblongan, banjur Heerenweg (dalane para tuwan-tuwan) utawa dalan Pasar
Besar. Pasar Besar, pasare wis ilang mung kari dadi jeneng dalan. Banjur
mlebu dalan Alun-alun (Aloon-aloon).
Dalan Aloon-aloon iki saiki diarani dalan Pahlawan. Sacedhake dalan Aloon-aloon
pancen ana alun-alune utawa lapangan.
Salore Aloon-aloon ana dalan Regentstraat saiki
dalan Kebon Raja (Kebon Rojo), dalan menyang kabupaten. Dene alun-alune dadi Tugu Pahlawan.
Monumen Tugu Pahlawan iki dibangun nalika taun 1952 lan diresmekake Presidhen Soekarno tanggal 10
Nopember 1952, kanggo mengeti labuh labete para pahlawan nalika ngukuhi
kamardikan. Anane Dina Pahlawan 10
Nopember ya saka lelabuhane para pejuang bela negara.
Ing sangisore plataran Monumen Tugu Pahlawan -- ing jero lemah sing jerone 7 meter – ana
museum kanggo mengeti lelabuhane para pahlawan. Museum iki diresmekake tanggal
19 Pebruari 2000 dening Presidhen K.H. Abdurrahman Wahid.
Ing sawetane Tugu Pahlawan ana Kantor Gubenur Jawa
Wetan. Ing platarane kantor Gubernur ana
pathok sing dadi titik 0 km Surabaya.
Gambar 1 : Monumen Tugu Pahlawan.
Gambar 2 : Alun-alun Conthong taun 1940.
Gambar 3 : Gambar kar Aloon-aloon lan dalan
Aloon-aloon.
1 komentar:
Dipun tengga wartos saklajengipun Masé!
Posting Komentar