Kamis, 13 Agustus 2015

KEPALA SEKOLAH KOPLAK (5)



GURU BASA JAWA.
Tokoh kita, isih akeh critane kang kena kanggo patuladhan . Yen nganggo cara pedhalangan istilahe panjang punjung. Panjang ateges dawa pocapane, punjung luhur kawibawane . Sanajan dicritakake saben dina, crita iku ora bakal ana enteke. Semono uga bapak kepala sekolah kita yaiku ingkang minulya bapak Drs Arjo Gembor, MM. Semangate kang makantar-kantar kanggo ndandani  lan majokake sekolahan ora tandhinge. Mula yen nyritakake panjenengane ora bakal ana enteke.
Kanggo njurung supaya kemajuane sekolah enggal katon, panjenengane perlu ngrombak guru-guru. Yen cara saiki ngrombak kabinet. Guru-guru sing ora bisa diajak maju perlu disingkirake. Guru-guru sing ora bisa nututi playune program sing wis dirancang , disisihake. Guru-guru sing sing umure anguk-anguk kubur perlu diretool utawa diganti. Panjenengane perlu golek guru-guru sing isih enom, sing tenagane isih kuwat, lan guru sing playune banter, lan nduweni semangat pengabdian kang gedhe. Lan, sing penting, guru-guru mau kudu  manut, nurut tanpa reserve, guru kang mung sendika dhawuh, ora kakehan cangkem, ora kakehan petingsing.
Ana ing sekolahan kono, ana sawijining guru kang pengalamane mulang wis patang puluh loro taun. Daksebut wae jenenge pak Beja. Dheweke mulang basa Jawa. Yen mung prekara basa Jawa wae ora ana kang bakal nandhingi. Nanging jalaran umure wis anguk-anguk kubur mula perlu diganti.
Ing akhir taun wingi dheweke ditimbali ngadhep ingkang minulya bapak Drs Arjo Gembor, MM. Sawise padha lenggahan, bapak Drs Arjo Gembor, MM ngendikan :
“Umur bapak sekarang berapa ?” pitakone marang pak Beja.
“Enam dua, pak,”wangsulane pak Beja.
“Oleh karena ini peraturan, bapak terpaksa saya istirahatkan di rumah. Maaf bapak, bukan karena benci. Sekali lagi bukan karena saya benci,” Mandheg sedhela, “Tentang bahasa daerah saya tidak meragukan kemampuan pak Beja. Tetapi karena peraturan,  semata-mata  karena peraturan, hala ini terpaksa saya lakukan.  Dan perlu diketahui guru  penggantinya sudah ada, yaitu guru perempuan.”
Pak Beja meneng, banjur mangsuli,”Kalau boleh saya mohon untuk dipertimbangkan.”
“Gimana ya, ini karena peraturan. Dan sudah ada penggantinya. Perempuan.”
Kepala sekolah sajake wis ora bisa diusuli maneh, mula pak Beja kepeksa nrima apa sing dingendikakake kepala sekolah.
Tan kocapa, bareng taun ajaran wis lumaku, bocah-bocah wis padha mlebu kabeh. Para guru ndeleng jadwal mengajare dhewe-dhewe. Kaya ngapa kagete, pak Gathot (jeneng singlon) , guru OLAH RAGA diaturi ngasta Basa Jawa.
Piye jal, yen kaya ngene iki. Sing takgumuni ya panjenengane bapak kepala sekolah. Apa panjenengane lali, semaput, ora eling, apa nglindur. Cetha yen panjenengane ngendika, sudah ada penggantinya, perempuan. Lha kok saiki sing nyekel basa Jawa , lanang tur guru olah raga. Apa netrane kepala sekolah ki wis blawur apa piye, ora bisa mbedakake lanang karo wedok ? Apa lanang karo wedok iku dianggep padha,  apa pancen  netrane  ora pati cetha. Apa ya kaya ngene iki  mutune S2 Indonesia ? Pendidikan Indonesia bakal maju ? Pring pecah ….. PREEEEK !!!!
Mbah-mbah biyen wis ngendika “AJINING DHIRI GUMANTUNG ING LATHI”. Lha saiki kok ana guru, kepala sekolah, S2, lathine ora kena dipercaya, apa ora eman-eman S2 ne, apa pancen mutune S2 Indonesia iku kaya mengkono . Piye ,ca ?
KOPPLAAAAAK TA ?

Tidak ada komentar:

Pengikut

Matur Nuwun ...