KREATIVITAS.
Salah sijine tolok ukur kanggo kemajuane
sekolahan yaiku kreativitas. Kreativitas muride, kreativitas gurune,
kreativitas kepala sekolahe, lan yen bisa uga kreativitas tukang kebone. Mula
Diknas saben taun nganakake lomba KIR, lomba Karya Ilmiah Remaja, kanggo ndhudhah lan nggugah kreativitas murid
kang tundhone bakal bisa majokake bangsa lan negara.
Kreativitas murid bisa thukul lan
bisa timbul amarga saka kreativitas gurune. Tanpa kreativitas gurune tangeh
lamun yen bakal nukulake kreativitas muride. Kreativitas guru bisa mekar lan bakal
ngrembaka yen disengkuyung dening kreativitas kepala sekolah. Ing kene iki jejere
kepala sekolah minangka motor penggerak kemajuane sekolahan.
Kemajuane sawijining bangsa
diwiwiti saka pikiran lan kreativitase para mudha. Conto kang gamblang lan cetha wela-wela,
nalika bangsa Indonesia dijajah Walanda. Bangsa Walanda wis ngregem sarta
njajah bangsa Indonesia kang lawase nganti 350 taun – wektu kang ora sedhela –
nanging bisa bongkar, bisa rungkad, bisa uwal saka penjajahan krana saka
pikirane lan usahane para mudha, ing antarane Sukarno, Hatta, Syahrir, Bung
Tomo, Rajiman Wedyadiningrat lan liya-liyane.
Manungsa bisa ndharat menyang
rembulan amarga saka kreativitas. Diwiwiti saka angen- angene Jules Verne taun
sewu wolungatusan. Banjur diimbangi kemajuane teknologi wusana ing taun 1969
Neil Armstrong kasil bisa ndharat menyang rembulan. Kamangka ing taun samono
manungsa durung paja-paja nduweni ngelmu lan daya kanggo nggayuh angen-angen
kasebut. Kabeh mau mung ditanggapi kanthi tetembungan “mokal”.
Bangsa Jepang, Amerika, Cina,
Korea krana kreativitas bangsane bisa maju ing babagan teknologi. Iku mau kabeh
krana kreativitas lan semangate para mudha majokake bangsane. Beda karo bangsane
awake dhewe. Ing donyane Internasional murid-murid Indonesia bisa kasil ngrebut
juara matematika, fisika, kimia, astronomi nanging kena ngapa bangsa Indonesia
ora enggal-enggal bisa maju ? Sing diothak-athik kurikulum. Kamangka yen ganti
kurikulum, buku-buku murid lan guru uga kudu ganti. Malah ana kabar kang nrenyuhake , ing atase
Negara Indonesia negara kepulauan, negara sing nduweni garis pantai paling dawa
sangalam donya, kena ngapa uyah wae kok ngimpor saka Selandia Baru ? Apa sing
salah ing negara iki ?
Ing ngisor iki conto salah sijine
pemimpin bangsa sing ora tepak yaiku tokoh kita ingkang minulya Drs Arjo
Gembor, MM. Mangkene critane.
Ana sawijining guru, taksebut wae
pak Beja. Pak Beja yen diarani kreatif nemen ya ora, nanging dheweke bisa nggawe
program kanggo nggampangake para guru ngolah nilai utawa biji. Yen diarani
program temenen ya dudu, mung krana akale dheweke bisa ngothak-athik program
excel kanggo nggampangake pakaryane guru. Lamun ana guru sing arep nglebokake
biji menyang daftar nilai cukup nglebokake nilai mentah wae. Program mau
otomatis ngrata-rata nilai, nglebokake menyang daftar kelas, nilai rapor
sisipan, lan mlebu ing daftar kelas. Nilai rapor sisipan lan ing daftar kelas
mung kari nyithak wae. Gampang ta ? Sanajanta mung ngothak-athik , anggone
nggawe program mau ngentekake wektu nganti telung sasinan nganti program mau rampung
kanthi sampurna.
Saliyane iku pak Beja nggawe
program kango nyusun daftar mengajar guru. Program iki nggampangake bagian
kurikulum nyusun jadwal mengajar guru. Saupama ana sawijining guru mulang doble
ing kelas bisa enggal dimangerteni. Sejene iku jumlah jam mengajar uga langsung
bisa dimangerteni. Saupamane nyusun program kanthi cara manual bisa ngentekake
wektu saminggu, kanthi nganggo program iki mung cukup rong dina wis bisa rampung.
Program liya, yaiku program
kanggo nyithak slip gaji guru lan karyawan. Kanthi nglebokake data gaji, jumlah
potongan wis bisa dicithak slip ganjine.
Ana maneh program ding digawe pak
Beja, yaiku program perpustakaan. Mung emane, bareng komputere sering heng lan sering diinstal ulang program perpustakaan
mau ilang.
Bareng pak Beja arep dilereni
dheweke matur mbok ya anggone nglereni
iku ndeleng lan ngregani jasa-jasane wong, ora angger nglereni wae. Ngendikane
bapak Drs Arjo Gembor, MM, “Lho pak Beja minta dihargai. Iya ?” ngendikan
mangkono mau bola-bali, ora mung pisan pindho. Njur diteruske maneh.
“Saya dulu ketika jadi kepala
sekolah, saya tinggalkan begitu saja. Saya tidak minta dihargai.”
Rehdene pak Beja ngrumangsani
dadi andhahan lan kalah kuwasa, ing wusana pak Beja mung manut. Ing batin
ngedumel, yen Indonesia dipimpin wong sing kaya kepala sekolah iki, Indonesia
ora-orane yen bakal maju. Malah-malah bisa sangsaya rusak. Ana maneh, biyen
dadi kepala sekolah apa kanthi legawa mundur ? Ora !!! Jalaran dilorod.
Dadi kepala sekolah dilorod wae
kok sombong temen !!!!
KOPLAAAAK !!!!!
Tidak ada komentar:
Posting Komentar