Jumat, 01 Mei 2020

SEPUR SURABAYA



 Gambar 1 KITLV Station van de Staatsspoorswegen te Sourabaja, date 1900.

Sadurunge ana sepur, alat angkut dharat ing pulo Jawa nggunakake cikar (digered sapi), lan andhong utawa  dhokar (digered jaran). Jalaran ongkos angkut barang larang banget mula Pamarentah Walanda netepake ing Staatsblad No. 141 mbangun dalan sepur (ril sepur, spoorlijnen) ing tanah Jawa. Pamarentah Walanda ngedegake perusahaan kanthi jeneng Staatsspoorwegen Nederlandsch-Indië (Perusahaan Kereta Api Negara Hindia Belanda). Perusahaan iki ngadeg ing tanggal 6 April 1875. Kantor pusate ana Bandung. 

Ril sepur utawa lijn sing dibangun:
1.       Bogor (Buitenzorg) – Bandung – Banjar – Kuthaharja (Kutoarjo) – Yogyakarta.
2.      Surabaya Kutha – Sidaharja (Sidoarjo) – Tulangan – Majakerta – Madiun – Solo Jebres.
3.      Sidaharja – Pasuruan lan Bangil – Malang.

STASIUN SURABAYA
Stasiun Surabaya diresmekake 16 Mei 1878. Jenenge asli “Station Soerabaja”, Sourabaia. Wong Surabaya ngarani “Stasiun Semut”. Diarani stasiun Semut jalaran manggone ana kampung Semut sakidule Pecinan. Saiki kalebu kelurahan Bongkaran, Pabean Cantikan, Surabaya.
Sing nglakokake sepur sepisanan yaiku Staatsspoorwegen Oosterlijnen (Perusahaan Kereta Api Negara Wilayah Timur).
Lijn saka Surabaya Malang lan Pasuruan diwiwiti taun 1870 rampung aun 1878, nyambung saka stasiun Sidaharja. Tujuane kanggo ngangkut asil bumi lan perkebunan saka wilayah Jawa sisih wetan khususe saka Malang lan Pasuruan menyang Pelabuhan Tanjung Perak.
Saiki sing nduweni PT Kereta Api Indonesia kanthi jeneng “Stasiun Surabaya Kota”. 





Gambar 2 KITLV Station van Sourabaja, date 1902 07 02


Stasiun Semut nglayani
1.      Komuter Surabaya Bangil, Surabaya Kota Porong, p.p.
2.      Dhoho, Surabaya  Kota Kertasana Blitar, p.p.
3.      Penataran, Surabaya Kota Malang Blitar, p.p.
4.      Tumapel, Surabaya Kota Malang, p.p.
5.      KRD Kertosono, Surabaya Kota Kertasana, p.p.
Stasiun Semut ditetepake kalebu Cagar Budaya wiwit taun 2013.



Tidak ada komentar:

Pengikut

Matur Nuwun ...