Komposisi
utawa nyambor (nyampur) yaiku proses morfologis kang ngowahi gabungan leksem
dadi satembung yaiku tembung camboran. Upamane, leksem (lingga) lare karo leksem (lingga) angon bisa dirimbag dadi tembung camboran
kanthi proses morfologis komposisi dadi lareangon.
Leksem (lingga) mara lan leksem (lingga)
tuwa bisa diwangun dadi tembung
camboran kanthi migunakake proses morfologis komposisi dadi maratuwa. Kanthi dhasar conto-conto
kasebut bisa dibedakake antarane kumpulane tembung (frasa), kaya jaka tuwa
lan tembung camboran maratuwa, frasa bocah angon karo tembung camboran lareangon.
Proses
morfologis komposisi (ngrimbag ndadekake tembung camboran) rimbagane bisa awujud
mardika (bebas, panulise dipedhot) nanging uga maujud manunggal (kaiket,
panulise disambung).
Tuladha tembung
camboran kang wujud mardika (bebas) ing antarane anak bojo, antem krama, balung gajah, balung peking, bedhah bumi, cacah
jiwa, candra sengkala, caruk banyu, gebyah uyah, gunggung kepruk, gugur gunung,
gunung wesi, jaran goyang, jaka lara, kadang katut, kebo bingung, kembang
setaman, kembang telon, kembang duren, kembang gula, kuping gajah, lambe sumur,
lambe gajah, mata pita, maling cluring, panjang ilang, sangkal putung, randha
royal, raja brana, raja kaya, sabuk galeng, saka guru, saur manuk, sisik melik,
telik sandi, tutup keyong, wedhak pupur,lsp.
Tembung
saroja kaewokake tembung camboran. Ing kawruh kasusastran Jawa tembung saroja
yaiku tembung loro kang padha utawa meh padha tegese dianggo bebarengan. Ing
kawruh morfologi tembung saroja kalebu tembung camboran, kayata ajur ajer,
arum wangi, amrik wangi, babak belur,
babak bundhas, bale somah, benceng cuweng, bibit kawit, bodho balilu, bongkot
pucuk, candhak kulak, empan papan, gagah prakosa, galap gangsul, gunggung
kumpul, gugon tuhon, japa mantra, kadang kadeyan, kongas ngambar, laki rabi, mandheg
mangu, malang megung, mudha dama, mudha punggung, mula buka, salang surup, sekti
mandraguna, sisip sembir, terang trawaca, tumpang tindhih, utang selang, wor
suh, lsp.
Tembung
camboran kang nduweni surasa mbangetake, tuladhane kayata abang mbranang, adoh nglangut, ajur mumur, biru kecu, bunder kepleng, cedhak
nyangklek, cilik menthik, dawa nglawer, ijo royo-royo, ireng thuntheng, kecut
silu, legi anglek, munyer seser, padhang njingglang, pait nyethak, peteng
ndhedhet, putih memplak, remuk rempu, remuk bubuk, total jendral, lsp.
Tembung camboran
kang wujud manunggal, kayata adibusana, adikuwasa,
adisarira, adigang, adigung, adiguna, arkasuta, asthagina, asthabrata, bimasekti,
dasamuka, dasasirsa, dasawaktra, dwiwarna, dwitunggal, dursila, durjana,
duratmaka, gubugpenceng, kalamenjing, kalalupa, kalabang, lanjarngirim,
nagasari, nagadina, nindyamantri, pancasila, pancatantra, pancandriya, pancawara,
partasuta, senapati, sujana, susila, sujanma, suryaputra, triloka, tribawana, triprakara,
udanriris, lsp.
Tembung
Entar.
Tembung
entar yaiku tembung kang nduweni teges
dudu teges sawantahe, kayat gedhe
endhase, cupet nalare, lobok atine lsp. Nanging pangrimbaging tembung ing
antarane basa Jawa lan basa Indonesia beda. Yen ing basa Indonesia tuhu leksem,
nanging ing basa Jawa tembung; tuladhane:
besar
kepala > gedhe endhase.
ringan
tangan > entheng baune.
kecil hati
> cilik atine
besar hati
> gedhe atine
murah hati
> ?
panjang
tangan > dawa tangane
keras
kepala > ?
keras hati
> kenceng atine, lsp.
Ana uga tembung
camboran kang disesep saka basa Indonesia, kayata tunawisma, tunasusila, tunarungu, tunagrahita, tunakarya, pascasarjana,
pascaperang, pascatsunami, nonblok, nonpartai, nonbaku, narapidana, narasumber,
purnawira, purnatugas, lsp.