Tampilkan postingan dengan label sengkalan. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label sengkalan. Tampilkan semua postingan

Senin, 11 Januari 2010

Sengkalan (6).

Tembung-tembung kang dianggep nduweni watak wilangan.

1. Watak siji.
a. Tembung kang nduweni teges “ siji” kayata : iji, wiji, tunggal, tunggil, eka, juga.
b. Tembung kang nduweni surasa mung siji, kayat : jati (sajati, sejatos), nyata (sanyata), yekti (sayekti, sayektos), Gusti, lsp.
c. Jenenge perangane awak sing cacahe mung siji, kayata : dhara (weteng), nabi (wudel), iku (buntut).
d. Barang sing awangun bunder, kayata : bumi, srengenge, rembulan lsp. Bunder iku dianggep wungkul, tegese isih wutuh siji.
e. Wong lan dasaname, kayata : wong, manungsa, janma, jalma.
f. Rerimbagane tembung-tembung kang kasebut ing a nganti e.

2. Watak loro.
a. Tembung-tembung kang ateges “loro”, kayata : loro, kalih, dwi.
b. Tembung-tembung kang ngemu surasa “loro” , kayata : kembar, penganten, kanthi lsp.
c. Perangane awak sing cacahe loro, kayata : tangan, suku, swiwi, lar, lsp.
d. Rerimbagane tembung-tembung sing kasebut ing a nganti c.

3. Watak telu.
a. Tembung-tembung kang nduweni teges telu “telu”, kayata : telu, tiga, tri.
b. Geni lan dasanamane, kayata : geni, bahni, pawaka, lsp. Ujaring kandha leluhure Ijajil iku asorot warna telu : abang, kuning, lan biru.
c. Kahanane geni lan kang gegayutan karo geni, kayata : panas, murub, padhang, geseng, kukus, sorot, obor, lsp.
d. Rerimbagane tembung-tembung sing kasebut ing a nganti c.

4. Watak papat.
a. Banyu lan dasanamane (tirta, warih, udaka lsp). Ujaring kandha , banyu iku ana warna 4 (banyu saka bumi, saka langit, saka manungsa, saka kewan)
b. Tembung-tembung kang ateges 4 , kayata : papat, sekawan, catur.
c. Kahanane banyu, kayata : bening, suci, tawa, lsp.
d. Kang ngemu surasa banyu lan sing isi banyu, kayata : bun, jawah, seganten, tlaga, sumur, lsp.
e. Kang ateges “gawe, karya” , kayata : gawe, karti, kardi.
f. Rerimbagane tembung-tembung sing kasebut ing a nganti e.

5. Watak lima.
a. Tembung-tembung kang nduweni teges “lima” , kayata : lima, gangsal, panca, Pandhawa.
b. Buta lan dasanamane , kayata : danawa, yaksa, ditya, raseksa, lsp. Buta iku kalebet pancabaya, tegese bebaya warna lima 5, yaiku : bebaya saka dewa, saka manungsa, saka kewan, saka raseksa.
c. Angin lan dasanamane, kayata : samirana, bayu, maruta, lsp. Karimbag saka “pancaroba” = angin saking 5 panggonan ngerobi, yaiku angin saka keblat 4 lan saka ndhuwur. Utawa karimbag saka “pancarowa” , angin saka 5 panggonan awor dados dadi siji.
d. Jemparing lan dasanamane (panah, sara, hru, lsp) . Jemparing iku kalebu gegaman kanggo pancakara (perang) sing ateges nindakake 5 perkara, yaiku : mara cangkem, mara tangan, mara sikil, mara bandhem, mara gegaman.
e. Rerimbagane tembung-tembung sing kasebut ing a nganti d.

6. Watak nenem.
a. Tembung-tembung sing ateges nenem, yaiku : nenem, sad.
b. Jenenge kewan asikil nenem (sadpada), kayata : kombang, tawon, anggang-anggang, lsp.
c. Kang ngemu surasa 6 , kayata : naya, winayang (mangsa 6 ), retu (saretu = 6 taun).
d. Tembung-tembung : geger, oreg, oyag, obah, gonjing, moyag-mayig, karimbag guru jarwa karo retu.
e. Jenenge rasa , sebab rasa iku ana 6 warna (sad-rasa) yaiku : rasaning pandulu, pangganda, pangrungu, pangenyam, panggrayang, lan sara sejati ( bungah, susah, tentrem, lsp). Nanging kang lumrah dianggo sengkalan : sarkara lan dasanamane (manis, legi).
f. Rerimbagane tembung-tembung sing kasebut ing a nganti e.

7. Watak pitu.
a. Tembung-tembung kang ateges “pitu” , yaiku : sapta, pitu.
b. Gunung lan dasanamane (wukir, parwata, aldaka, lsp) . Miturt laying Darmasonya ing antariksa ana jagat jeneng “sapta prawata” (ateges gunung pitu) , dienggoni para dewa lan resi gana. Ing sadhuwure jagat iku dununge jagate Bathara Wisnu.
c. Turangga lan dasanamane (kuda, kapal, aswa, lsp).
d. Pendhita lan dasanamane (wiku, muni, suyati, lsp). Miturut laying Pustakarajaputrwa, Prabun Sri Mahapunggung jumenenge nata ajejuluk Nata Binathara Sri Maharaja Kano seneksen dewa 9, brahmana 8, pandhita 7, mula dewa awatak 9, brahmana 8, pandhita 7.
e. Swara dianggep nduweni watak 7, sebab cacahe aksara swara Jawa ana 7, yaiku : a, I, u, e, o, e, re, le.
f. Rerimbagane tembung-tembung sing kasebut ing a nganti e.

8. Watak wolu.
a. Tembung-tembung kang nduweni teges wolu , kayata : wolu, astha.
b. Wasu (basu), sebab cacahe wasu (jinising dewa) ana wolu, yaiku : 1. Dara, 2. Druwa, 3. Soma (Candrama), 4. Anila (Swasana), 5. Anala (Hutasana) , 6. Pratusya, 7. Aha, 8. Prabasa (Drahyu). Kabeh iku lumrah disebut Asthabasu.
c. Gajah lan dasananmane (liman, esthi, dirada, lsp) sebab “Nagaraja” kejaba ateges retuning naga (sawer) uga ateges ratuning gajah.
d. Naga lan dasanamane (ula, taksaka, sawer), karimbag guru-dasanamane karo “basu”, sebab tembung “ basu” uga ateges ula.
e. Pujangga (bujangga), sebab kajaba ateges wong kang wasis ing babagan basa lan karangan , tembung “Pujangga (Bujangga)” uga ateges ula. Ana maneh sebabe pujangga awatak 8, amarga pujangga kasinungan limpad (kapinteran) warna wolu : 1. Awicarita (wasis crita, ndongeng), 2. Mardawalagu (wasis ing babagan tembang lan gendhing), 3. Mardawa basa (wasis ing babagan dasa mardu-mardawa), 4. Mandraguna (wasis ing babagan kagunan warna-warna), 5. Parameng sastra (ahli ing babagan sastra, ahli basa), 6. Parameng kawi (ahli ing babagan reriptan, ahli ngarang), 7. Nawung kridha (alus rasa pangrasane nganti bisa nanggapi marang krentege atine wong liya), 8. Sambegana (utama banget uripe).
f. Rerimbagane tembung-tembung sing kasebut ing a nganti e.

9. Watak sanga .
a. Tembung-tembung kang nduweni teges 9 yaiku : sanga, nawa.
b. Dewa lan dasanamane (jawata, lsp)
c. Tembung kang nduweni surasa “bolong , mlompong, ora rapet”, kayata : dwara, wiwara, gapura, dalan, rong, leng, song, guwa, babahan lsp. Sebab babahane babahan ana sanga, yaiku : bolongane irung 2, mripat 2, kuping 2, lesan 1, planangan (pawadonan) 1, dubur 1.
d. Kang gegayutan karo kang ngemu surasa bolong, kayata : butul, mbuka, menga, manjing, mlebu, terus, rumasuk, lsp.
e. Rerimbagane tembung-tembung sing kasebut ing a nganti d.

10. Watak das.
a. Tembung-tembung kang surasa “ora ana” utawa “wis ora ana” utawa “wis ora wutuh” kayata : mati, ilang, sirna, tanpa, datan, telas, nir, brastha, surud, sempal, swuh, ruska, lsp.
b. Langit dan dasanamane (akasa, gegana, dirgantara, ngawiyat, lsp) sebab langit (sing awarna biru) salugune ora ana.
c. Sing ngemu surasa “ing langit” , kayata : dhuwur, luhur, inggil.
d. Kang ngemu surasa “ngener langit “ , kayata : mumbul, muluk, kombul, mesat, mletik, tumenga, lsp.
e. Suwarga , sebab ing pangrasa dununge suwarga iku ana ing ndhuwur.
f. Rerimbagane tembung-tembung sing kasebut ing a nganti e.





Tembung-tembung kang watak wilangane mbingungangke .
Akeh tembung sing watak wilangane bisa mbingungake , kayata :

1. Estri, watak 3, guru wanda karo “tri”, ateges 3. Wanita watak 1, guru wanda karo “awani”, ateges srengenge.

2. Mulat watak 2, karimbag guru karya karo mripat. Uninga watak 3, karimbag guru dasanama karo obor.

3. Marga watak 5, karimbag guru wanda karo margana, ateges jemparing. Dalan watak 9 , karimbag guru jarwa karo terus, bisane “terus” jalaran ana dalane.

4. Mulang watak 7 , karimbag guru karya karo pandhita (Mulang iku pakaryane pendhita, ing jaman biyen). Misik watak 5 , karimbag guru-dasanama karo angin. (wisikan = angin).

5. Gana watak 6, karimbag gur warga karo sadpada (kewan asikil 6). Gegana watak das, karimbag guru dasanama karo langit. (gana = anak tawon).

6. Nata tembung lingga ateges ratu, watak 1. Karimbag guru dasanama karo raja. Nata tembung tanduk (an + tata) watak 5 , karimbag guru dasanama karoangin (tata = angin).

7. Muni watak 7, karimbag guru dasanama karo pendhita. Caturan watak 4, karimbag guru wanda karo catur. (Catur tembung Kawi = 4 ).

8. Suta watak 1, karimbag guru-dasanama karo anak, atmaja. Yoga watak 4, sebab yoga iku nduweni teges “jaman”, lan ing jaman iku ana 4 : 1. Kretayoga, 2 Tirtayoga, 3. Duparayoga, 4. Kaliyoga.

9. Ati watak 1, karimbag guru dasanama karo tyas. Nala watak 3, karimbag kari guru dasanama karo geni. Nala, anala = geni. Driya watak 5, karimbag guru guru wanda karo pancadriya.

Minggu, 12 Oktober 2008

Candrasangkala (0)

Sirna ilang kertaning bumi.

Tetembungan ing dhuwur kaprah keprungu ing bebrayan utawa masyarakat. Satemene ukara ing dhuwur iku ukara sinandi kang nduweni teges angka tahun. Ukara ing dhuwur iku minangka pangeling-eling lebure utawa ambruke negara Majapait. Dene carane negesi kaya mangkene :
Sirna ateges 0 (nol), ilang ateges 0 (nol) kerta nduweni teges 4 (papat) bumi nduweni teges 1 (siji). Diurut saka ngarep dadi 0041, banjur diwaca saka ing buri 1400. Jalaran negara Majapait isih petungan taun Saka mula taun mau awujud taun Saka. Yen didadekake taun Masehi banjur ditambah 78 dadine 1400 + 78 = taun 1478.
Candrasengkala uga diarani sengkalan.

Tuladha candrasangkala liyane :

1. Sanga kuda suddha candrama = 1799 Saka = 11157 Masehi. Tinemu ing Layang Bharatayuddha (nganggo tembang) sing dikarang dening Empu Sedah Lan Empu Panuluh nalika jaman Prabu Jayabaya ing Kediri.

2. Sad sanganjala candra = 1496 Saka = 1574 Masehi. Tinemu ing Layang Harisraya (nganggo tembang)

3. Guna paksa kaswareng rat = 1723 Saka = 1081 Masehi. Tinemu ing Layang Panji Angreni, lakon Dewi Candrakirana lan Raden Panji.

4. Panerus tingal tataning nabi = 1529 Saka = 1607 Masehi. Tinemu ing Layang Suluk Wujil, jaman Sultan Agung.

5. Geni rasa driya eka = 1563 Jawa = 1641 Masehi. Tinemu ing Layang Nitipraja, jaman Sultan Agung.

6. Jalma paksa kawayang buwana = 1621 Jawa = 1699 Masehi. Tinemu ing Layang Sewaka, jaman Sinuwun Mangkurat (Pangeran Puger)

7. Tasik sonya giri juga = 1704 Jawa = 1782 Masehi. Tinemu ing Layang Wiwaha jarwa jaman Sinuwun Paku Buwana III.

8. Tata tri gora ratu = 1735 Jawa = 1813 Masehi. Tinemu ing Layang Paniti Sastra karangan Kyai Yasadipura.

9. Naya merta maharsi manengkung = 1742 Jawa = 1820 Masehi. Tinemu ing Layang Darmasunya. Karangan Kyai Yasadipura II, jaman Sinuwun Paku Buwana V

10. Pawaka ro wiku raja = 1723 Jawa 1801 Masehi. Tinemu ing Layang Dewaruci Jarwa. Karangan Kyai Yasadipura, jaman Sinuwun Paku Buwana V.

11. Janma tri gora aji = 1731 Jawa = 1809 Masehi. Tinemu ing Layang Ambiya. Karangan Kyai Yasadipura.

12. Sapta catur swareng janmi = 1747 Jawa = 1825 Masehi. Tinemu ing Layang Sasana Sunu, karangan Kyai Yasadipura.

13. Song-song gora candra = 1799 Jawa = 1877 Masehi. Tinemu ing Layang Cemporet, karangan R. Ng. Ronggawarsita.

14. Murtyastha amulang sunu = 1788 Jawa = 1862 Masehi. Tinemu ing Layang Wirawiyata, karangan KGPAA Mangkunagara IV.

15. Kaya wulan putri iku = 1313 Saka. Tinemu ing pasareyane putri Cempa ing Trowulan.

16. Rupa sirna retuning bumi = 1601 Jawa = 1679 Masehi. Sengkalan nalika kapikute Trunajaya nalika ngraman.

17. Tri manunggal wiwaraning urip = 1913 Jawa = 1981 Masehi. Tinemu ing buku "Memetri Basa Jawi" karangan S. Padmosukaca.

18. Tunggal ngesthi manjing gusti = 1981 Masehi. Tinemu ing buku "Memetri Basa Jawi" karangan S. Padmosukaca.

Ayo kanca-kanca padha nulis ing Blog, tak suwun komentar panjenengan kabeh




gegaran : Memetri Basa Jawi, S Padmosukaca, Kapustakan Jawi, R. Ng. Purbacaroko

Pengikut

Matur Nuwun ...