Sarana kanggo anjangsana ing antarane para pangudi basa, para guru, lan para siswa
Senin, 20 September 2010
KIDUNG MANTRAWEDHA
1.
Ana kidung rumeksa ing wengi,
teguh ayu luputa ing lara,
luput ing bilahi kabeh,
jim setan datan purun,
paneluhan tan ana wani,
miwah panggawe ala,
gunaning wong luput,
geni atemahan tirta,
maling adoh tan wani perak ing mami,
tuju guna pan sirna.
2.
Sakehing lara pan samya bali,
sakeh ama pan samya miruda,
welas asih pandulune,
sakehing braja luput,
kadi kapuk tiba ing wesi,
sakehing wisa tawa,
sato galak tutut,
kayu aeng lemah sangar,
songing landhak guwane wong lemah miring,
myang pakiponing merak.
3.
Pagupakaning warak sakalir,
nadyan arga myang segara asat,
temahan rahayu mangke,
dadya sarira ayu,
ingideran pra widadari,
rineksa malaekat,
lan sagung pra rasul,
pinayungan ing Hyang Suksma,
ati Adam utekku bagendha Esis,
pangucap nabi Musa.
4.
Pan napasku Nabi Ngisa linuwih,
nabi Yakub pamiarsaningwang,
Dawud suwaraku mangke,
nabi Brahim nyawaku,
nabi Sleman kasekten mami,
nabi Yusup rupengwang,
Edris ing rambutku,
bagindha Ngali kulit wang,
Abubakar getih daging Ngumar singgih,
balung bagendha Ngusman.
5.
Sungsumipun Patimah linuwih,
Siti Aminah bayuning angga,
Ayub ing ususku mangke,
nabi Nuh ing jejantung,
nabi Yunus ing otot mami,
netraku ya Muhammad,
pamuluku rasul,
pinayungan Adam Kawa,
sampun pepak sakathahe para nabi,
dadya sarira tunggal.
6.
Ana wiji sawiji dadi,
ingkang pencar salumahing jagad,
kasamadan dening date,
kang maca kang angrungu,
kang anurat kang animpeni,
dadya ayuning jasad,
kinarya sesembur,
lamun winaca ing toya,
kinarya dus prawan tuwa aglis laki,
wong edan nuli waras.
7.
Lamun ana wong kadendha kaki,
wong kabanda wong kakehan utang,
becik wacanen den age,
ing wanci tengah dalu,
ping sawelas wacanen singgih,
luwar ingkang kabanda,
kang kadendha wurung,
enggal nuli sinauran,
mring hyang suksma kang utang punika singgih,
kang agring nuli waras.
8.
Lamun arsa tulus nandur pari,
puwasaa sawengi sadina,
iderana galengane,
wacanen kidung iku,
sakeh ama tan ana wani,
lamun sira arsa prang,
watek ken ing sekul,
angsala tigang pulukan,
mungsuhira rep-sirep tan ana wani,
dadya unggul prangira.
Jumat, 30 Januari 2009
Neptune Dina lan Pasaran
Ahad Legi neptu lima,
Senen Wage pat neptune,
Salasa neptunya tiga
Rebo Pon pitu ika,
Kemis Kliwon sami wolu,
Jumuwah nenem etungnya.
Neptune dina : Ahad = 5, Senen = 4, Selasa = 3, Rebo = 7, Kemis = 8, Jumat = 6, Sabtu = 9,
Neptune pasaran : Paing = 9, Pon = 7, Wage = 4, Kliwon = 8, Legi = 5.
Kanggo ngapalake cacahe wuku sinawung tembang ing ngisor iki .
Sinta Landep Wukir Tolu Kranthil,
Warigagung Julungwangi Sungsang,
Gumbreg Warigalit Wuye,
Kuningan Julungpujud,
Mandhasiya Galungan Langkir,
Mrakeh Tambir myang Maktal,
Pahang Kuruwelut,
Medhangkungan Wugu Wayang,
Klawu Dhukut Prangbakat klawan Manahil,
Watugunung tridasa.
Rabu, 21 Januari 2009
Nggoleki Dina, Pasaran lan Wuku

Para sedulur sing kepingin nggoleki dina, pasaran lan wukune dina kelairane dak aturi mriksani sing katur ing ngisor iki!
Panjenengan klik ana kene!Carane :
1. Panjenengan dak aturi mbukak excel, panjenengan serat :
Kolom A = kolom MASUKAN, diformat tanggal.
Kolom B = kolom DINA (HARI), format hari
Kolom C = kolom PEMBAGIAN, rumuse = A4 / 5 banjur diformat fraction (pecahan).
Kolom D = tulis SISA HASIL BAGI , MUNG PECAHANE BAE upamane 0/5, 1/5/, 2/5, 3/5 lan 4/5. Kolome diformat fraction.
Kolom E = kolom PASARAN, rumuse = vlookup (D4, I$4:J$8,2)
Kolom F = kolom PEMBAGIAN , rumuse = roundup(A4/7,0) /30.
Kolom G = kolom tulis SISA HASIL BAGI, MUNG PECAHANE BAE , upamane 1/30, 1/15, 1/10 , 1/6 lan sateruse , format fraction.
Kolom H = kolom WUKU, rumuse = VLOOKUP(G4, I$12:J41, 2).
Kolom I lan J = kolom tabel. Kolom I tulis ing range I4 = 1/5, I5 = 2/5 lan sateruse. Range I12 ditulis 1/30, I13 = 1/15, I14 = 1/10, I15 = 11/30. Panjenengan mriksani daftar ing ngisor !.
Tabel Pasaran :
Range / Pasaran ana ing Range I$4:J$8
Range I4 ditulis 1/5 , Range J4 ditulis Legi
Range I 5 ditulis 2/5 , Range J5 ditulis Paing lan teruse ing ngisor iki ...
Range I6 , 3/5 = Pon.
Range I7 , 4/5 = Wage.
Range I8 , 0/5 = Kliwon.
Tabel Wuku:
Ana ing Range I$12 : J$41
Range I12 ditulis 1/3 , Range J12 ditulis Langkir.
Range I13 ditulis 1/15, Range J13 ditulis Mandhasiya, lan teruse ing ngisor iki ...
Range I14, 1/10 = Julungpujud.
Range I15, 2/15 = Pahang.
Range I16, 1/6 = Kuruwelut.
Range I17, 1/5 = Marakeh.
Range I18, 7/30 = Tambir.
Range I19, 4/15 = Madhangkungan.
Range I20, 3/10 = Maktal.
Range I21, 1/3 = Wuye.
Range I 22, 11/30 = Manahil.
Range I23, 2/5 = Prangbakat.
Range I24, 13/30 = Bala.
Range I25, 7/15 = Wugu.
Range I26, 1/2 = Wayang
Range I 27, 8/15 = Kulawu.
Range I28, 17/30 = Dhukut.
Range I29, 3/5 = Watugunung.
Range I30, 19/30 = Sinta.
Range I31, 2/3 = Landhep.
Range I32, 7/10 = Wukir.
Range I33, 11/15 = Kuranthil.
Range I34, 23/30 = Tolu.
Range I35, 4/5 = Gumbreg.
Range I36, 5/6 = Warigalit.
Range I37, 13/15 = Warigagung.
Range I38, 9/10 = Julungwangi.
Range I39, 14/15 = Sungsang.
Range I40, 29/30 = Galungan.
Range I41, 1 = Kuningan.
Katrangan : Rumus iki ora bisa kanggo nggoleki taun sadurunge taun 1900.
Yen panjenengan kurang pana (jelas) bisa kirim E-mail marang :
Sugeng Karoyadiharjo kanthi alamat : sugengk056@gmail.com
Senin, 12 Januari 2009
Petungan Slametan Kanggo Wong Kang Tinggal Donya
DN ..........3..........7........ 40..........100.....PDAK.....PDAK......1000
SRD......DN.......DN.......DN..........DN..........1............2.........DINA
AHA.....SEL.....SAB.......KAM......SEN.......RAB......SEL......JUM
SEN.....RAB.....AHA.....JUM........SEL........KAM.....RAB......SAB
SEL.....KAM....SEN......SAB........RAB......JUM........KAM.....AHA
RAB....JUM.....SEL.......AHA........KAM.....SAB......JUM.......SEN
KAM....SAB.....RAB.....SEN........JUM......AHA .......SAB......SEL
JUM....AHA.....KAM......SEL........SAB......SEN.......AHA......RAB
SAB....SEN.....JUM.......RAB.......AHA.......SEL........SEN......KAM
Tabel Pasaran :
DN ..........3..........7........ 40..........100.....PDAK.....PDAK......1000
SRD......DN.......DN.......DN..........DN..........1............2.........DINA
KLI......PAI.......LEG......WAG.....WAG....PON.....WAG......WAG
LEG.....PON......PAI......KLI........KLI.......WAG....KLI........KLI
PAI......WAG.....PON.....LEG......LEG......KLI.......LEG.......LEG
PON....KLI........WAG....PAI.......PAI.......LEG......PAI........PAI
WAG...LEG.......KLI......PON......PON......PAI.......PON......PON
Katrangan :
SRD = surud
DN = dina
PDAK = pendhak.
Cekakan liyane cekakan dina lan pasaran.
Carane ngetung:
1. Njodhokake antarane tabel dina lan tabel pasaran, conto :
Surude dina Ahad Wage wulan Bakdamulud:
a. 3 dinane tiba malem Selasa Legi.
b. 7 dinane tiba malem Sabtu Kliwon.
c. 40 dinane tiba malem Kemis Pon.
d. 100 dinane tiba malem Senen Pon
e. Pendhak 1 (pisan) tiba malem Rabu Paing.
f. Pendhak 2 (pindho_ tiba malem Selasa Pon.
g. 1.000 dinane tiba malem Jum'at Pon.
2. Kanggo ngetung 1.000 dinane, dietung 2 (rong) taun saka sasi surude banjur ditambah 9 (sangang) wulan. Contone : Surud wulan Bakdamulud + 9 (sangang) wulan (Ahad Wage) yaiku : 1.Jumadil Awal, 2. Jumadil Akhir, 3. Rejeb, 4. Ruwah, 5. Pasa, 6. Sawal, 7. Sela, 8. Besar, 9. Sura. Mula slametane tiba malem Jum'at Pon wulan Sura.
3. Yen nganggo petungan kalender Masehi :
a. Pendhak 1 (pisan) = tanggal surud - (disuda) 11 dina.
b. Pendhak 2 (pindho) = tanggal surud - 22 dina.
c. 1.000 dinane = tanggal surud - 5 dina. Manawa tanggal surude kurang saka tanggal 5, tiba wulan 9 (upamane) dene yen wis luwih saka tanggal 5, tiba wulan 10, saka wulan surude.
Pengikut
Pesindhen Manca Negara :
- Chantal Karijosentono : Tresna Kowe
- Winston Echteld : Tresnaku Tresnamu
- Oxford Gamelan Society : Asmaradana
- Karen Elizabeth : Jula-juli Tretek
- Hiromi Kano : Gara-gara 2
- Hiromi Kano : Gara - gara
- Kitsie Emerson
- Hiromi Kano : Sinom Parijatha
- Hiromi Kano : Perkutut Manggung
- Hiromi Kano : Perkutut Manggung
- Hiromi Kano : Bengawan Solo
- Gamelan Switzerland